Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.8 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/24 250 26090 82044 2026-06-29T14:43:42Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82044 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>'''11. Asmaradana''' <poem> 1. Mapan lajeng dendhawuhi Dyan Rangga Prawiradiija kalamun ingundang mengko mring jendral dhateng Semarang Mangkana ing tyasira ingkang gumantung ing kalbu mung Jeng Ratu Maduretna. 2. Mangkana esthining galih Dyan Rangga Prawiradiija yen ingsun turuta bae lumaku marang Semarang iya lamun palastra kalamun tan mati ingsun dadya andedawa brangta. 4. Baya ngur muliha mami angluru dadalan apa suprandene awaking ngong neng donya wus nora bisa iki dalan utama sun anusul Kangjeng Ratu. Mangkana ing dalu nulya. 4. Kang wadya wus dendhawuhi mantuk mring Madiun nulya lampah dalu gennya bodhol kalawan sawadyanira Dyan Dipati Danuija wus ngaturi pirsa iku dhumateng Sri Naranata. 5. Miwah bupati ing loji mring minister wus sung wikan nulya karya surat age<noinclude>{{rh|22}}</noinclude> drufdzwlh68y88j45nj4kcmlk3oy9xw 82045 82044 2026-06-29T15:05:38Z Empat Tilda 628 82045 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>'''11. Asmaradana''' <poem> 1. Mapan lajeng dendhawuhi Dyan Rangga Prawiradiija kalamun ingundang mengko mring jendral dhateng Semarang Mangkana ing tyasira ingkang gumantung ing kalbu mung Jeng Ratu Maduretna. 2. Mangkana esthining galih Dyan Rangga Prawiradiija yen ingsun turuta bae lumaku marang Semarang iya lamun palastra kalamun tan mati ingsun dadya andedawa brangta. 4. Baya ngur muliha mami angluru dadalan apa suprandene awaking ngong neng donya wus nora bisa iki dalan utama sun anusul Kangjeng Ratu. Mangkana ing dalu nulya. 4. Kang wadya wus dendhawuhi mantuk mring Madiun nulya lampah dalu gennya bodhol kalawan sawadyanira Dyan Dipati Danuija wus ngaturi pirsa iku dhumateng Sri Naranata. 5. Miwah bupati ing loji mring minister wus sung wikan nulya karya surat age </poem><noinclude>{{rh|22}}</noinclude> 32vwhp5lrrf2xsfvbwhe6en62xcuqo3 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/25 250 26091 82046 2026-06-29T15:19:43Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82046 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> kinintunaken mring Jendral ingkang aneng Semarang Kangjeng Sultan nang winuwus kalangkung ing dukanira. 6. Ingkang tinuding nututi wadana jero punika Raden Purwadipurane lan Pangran Dipakusuma punika ingkang jaba lan Raden Martalayeku nging cinendhak kang carita. 7. Rahaden Rangga puniki pan sampun kasarabut yuda ingkang blaeni kancane adipati ing Pacangan. Raden Somanagara ingkang lolos sampun katur dhumateng Sri Naranata. 8. Kawarna Jendral Samawis mapan sampun angutusan bantu mring Mantaram mengko samana pan sampun prapta nanging tan antuk karya Raden Rongga wus kapupu nulya Pangran Natasuma. 9. Ingkang tinarka ngajani tinedha sampun binekta dhumateng Betawi mangko sa icalnya Raden Rangga nenggih nagri Ngayogya wus tan ana banthengipun Jendral dugekken ing tyasira. 10. Anulya dhateng Mantawis </poem><noinclude>{{rh|||23}}</noinclude> b67r7xr4qarjentqy2in9rl7br1brqw Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/26 250 26092 82047 2026-06-29T15:20:43Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82047 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> ambekta sawadya kuswa Jeng Sultan amethuk mangke langkung ewet ing tyasira samana sampun prapta Jendral ing Ngayogya iku lajeng ing loji kewala. 11. Sampun kersaning Hyang Widi Jeng Sultan ewed karsanya pra putra santana kabeh atanapi ingkang wadya kapan sampun samekta lamun kinarsakna pupuh ingkang tyas sampun kaduga. 12. Nanging wus karsaning Hyang Widi pan tansah ewed kewala mangkana kang winisraos Jendral Dandles pan bicara lan Raden Adipatya Danurja ngaturan iku Kangjeng Sultan malebeta. 13. Inggih dhumateng ing loji kapanggih kaliyan Jendral Jeng Sultan arsa mangke dadya langkung ewedira mister Hinggalar lan Bremah mangkana wekasanipun Jeng Sultan wakil kewala. 14. Mester kalih aturneki katiga Raden Dipatya kalamun wonten kajenge Jendral punapa wus lila Kangjeng Sultan ngendika iya mapan rila ingsun marang si thole Dipatya. </poem><noinclude>{{rh|24}}</noinclude> mqg1922pvecma63mx7ztn2ah0qsrhqx Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/27 250 26093 82048 2026-06-29T15:22:24Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82048 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> 15. Mangkana Pangeran Dipati wus ingiden mring kang rama kinen manggihi Jendrale pan wus telas welingira nulya lengser ing ngarsa lawan mester kalihipun lan sagung putra sentana. 16. Tanapi kang pra Dipati lawan prajurit sadaya sampun prapta ing lojine. nulya panggih lawan Jendral Kangjeng Pangeran Dipatya anulya ingangkat iku jumeneng sang Raja Putra. 17. Narendra parentali iki, mring sagunging wong Ngayogya dadya Kangjeng Sultán mangke mapan kendel amegawan namung momong kewala dhumateng kang putra iku wus rampung ingkang bicara. 18. Kangjeng Raja kundur aglis lajeng sowan mring kang rama wus katur saniskarane enjingira Jendral nulya dhumateng ing Kerajan mapan lajeng pamit mantuk enjing malih nulya budhal. 19. Jendral mantuk mring Batawi datan lami kintun bintang dhumateng Jeng Rama mangke pan sinami agengira lan bintange priyangga </poem><noinclude>{{rh|||25}}</noinclude> iy1dm9hmknlhxxei6t3ft254ev0qya1 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/28 250 26094 82049 2026-06-29T15:29:49Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82049 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> pan Jendral Dandles puniku namung antuk mawi sela. 20. Ngamungna pratandha iki saking raja ing Walanda datan lama gantos mangke tuwan Jendral Dandles ika Jendral Yansen namanya Kawarnaa ing Matarum laminya jumeneng ika 21. Kangjeng Raja Ngayogya di Kangjeng Sultan kang winarna apan kanging pambanguse marang ingkang darbe karsa ingkang putra priyangga Pangran Mangkudiningratku lan Pangran Jayakusuma. 22. Pangran Santawijayaku Jeng Sultan mindhak sakawan putra kang diwasa mangke Pangran Natabaya ika anuli arinira Pangran Silarong puniku gya Pangran Santawijaya. 23. Pangran Jayakusumeki punika ingkang taruna dadya ewa ing manahe Kangjeng Sultan mring kang putra Kangjeng Raja Narendra pan kenging pambangunipun dhumateng kang putra tiga. 24. Pangran Mangkudiningrati punika kang darbe karsa nuwun mring kang rama Katong</poem><noinclude>{{rh|26}}</noinclude> 08dfggfb7u1fe4vfipponqw3lesogll Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/29 250 26095 82050 2026-06-29T15:31:08Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82050 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>jumeneng Pangran Dipatya ingkang rayi kalihnya Pangran Jayakusumeku lan Pangran Santawijaya 25. P,unika ingkang jageni inggubel garwa kalihnya mapan ingkang mothahake Kangjeng Ratu Mas punika lawan Ratu Kancana marma Kangjeng Sultan iku langkung emeng ing wardaya. 26. Nengena ing Ngayogyeki kang lagya sami kemengan ing Batawi winiraos Jendral Jansen katamuwan nenggih kang parangmuka Jendral Inggris wastanipun Raples sepe ingkang bala. 27. Jendral Jansen atur tulis marang Kangjeng Raja putra Narendra nuwun bantune mapan lajeng binantonan Anenggih kang lumampah apan Rabaden Tumenggung Danukusuma kalawan 28. Tumenggung Danunagari dyan Tumenggung Wiryasuma dene ingkang lebet mangko Radyan Riya Sindureja lan Dyan Ranawijaya apan gangsal kang tumenggung sewu cacahe kang wadya. 29. Mapan dereng ngantos prapti </poem><noinclude>{{rh|||27}}</noinclude> gatpq5kmk42itg24d0jxi1sluqbqggn Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/30 250 26096 82051 2026-06-29T15:32:53Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82051 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Batawi kang sampun bedhah lajeng baris Sarondhole sagung kang wadya Ngayogya neng Gombel Surakarta pan lestari kawontenipun. Walandi Jendral binucal 30. Jansen ingkang anjangkani Batawi Jendral Butermos Raples ingkang jujuluke Mangkana ingkang winarna nenggih nagri Ngayogya Kangjeng Sultan jeng tyasipun dene Walanda wus sinar. 31. Mapan sampun salin Inggris pan samana Kangjeng Sultan lajeng karsa dhatengake ingkang dadya telenging tyas samana sampun rembag kalawan putra katelu sakawan kang mantu nata. 32. Lawan ingkang ipe kalih apan punika sadaya kang samya panas manahe dhumateng Raden Dipatya Kang mantu namanira Dyan Sumadinigurat iku ipe ran Prawiranata. 33. Prawiradiwirya ugi samana raden Dipatya apan tinimbalan age sengadinira pinirsa Inggris ing kabarira pan sampun prapteng kedhatun cinepeng Raden Dipatya. </poem><noinclude>{{rh|28}}</noinclude> itm8f00z64pdy9vgvt01feqbfmq6tp0 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/31 250 26097 82052 2026-06-29T15:34:07Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82052 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> 34. Apan lajeng den sedani atanapi lan kang rama Raden Danukusumane mangkana ingkang winarna. Kangjeng Raden Narendra apan sampun tanpa bayu dadya angles ing wardaya. 35. Sagunging lawang kemunci wadya kang jaran sadaya baris banjar adhem mangko lajeng kinen nimbalana dhumateng ingkang putra Pangran Dipanagareku dhumateng ing Tegalhaija. 36. Kawarma Tegalhaijeki Pangeran Dipanagara apan datan myarsa wartos kalamun nagri Ngayogya nenggih wonten punika jinawil kang paman iku nenggih Pangran Natabaya. 37. Kalangkung kagyat ing galih lan wartos dhateng kang rama Kangjeng Pangran nulya kinen angambil kang turangga sampun mapan anulya tinitiyan nander mamprung datan mawi bekta wadya. 38. Namung lan gamel satunggil neng margi kapethuk nulya lawan kang utusan mangke ingkang rama Kangjeng Raja tan antara wus prapta ing Banjar Adhem punika </poem><noinclude>{{rh|||29}}</noinclude> hp2tr46lmhtwy8d73z03on2nu7ydknn Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/32 250 26098 82053 2026-06-29T16:00:44Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82053 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Pangeran Dipanagara. 39. Kapanggih sadaya sami ingkang wadya Kangjeng Raja Pangran Dipanegarane nimbali Jayasentika punika patihira Kangjeng Raja kang panuju apan wus salin papatya. 40. Dene patih kang rumiyin Ki Tumenggung Wiraguna apan tilar sepuh kuwe nulya Mas Tumenggung ika nenggih ing Sokawatya Kartadirja tilar sepuh nulya Mas Tumenggung Japan. 42. Somadirja ingkang wangi apan tilar sepuh ika nulya kakalih patihe wasta ki tumengung ika nenggih Cakradipura kalawan Raden Tumenggung Jayasentika punika. 42. Mung Mas Cakradipureki tilar sakit marganira mung kantun satunggal mangke nenggih Raden Jasentika kaduk purun kewala sing Madura wijilipun ingkang santana priyangga. 43. Marma lajeng mepak baris saking prayitna ing baya pan lajeng dinukan mangke mring Pangran Dipanagara</poem><noinclude>{{rh|30}}</noinclude> acggb5fwn3gueznizh1fpg9zi7hhzqt Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/33 250 26099 82054 2026-06-29T16:48:17Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82054 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>pan kinen bubarena mung kantuna ingkang sepuh lurah man tri lan wadana. 44. Jeng Pangran nulya umanjing lajeng mring panepenira kang kari kinunci mangke anenggih ingkang atengga Ki Rahmannudin lawan Ki Muhlamad Rusman iku samya lan sakancanira. 45. Kaum lan Suranateki pan inggih lajeng dinukan kori kinen mengakake mangkana ingkang kawarna Kangjeng Raja Narendra kayungyun ing praptanipun wan dhumateng kang putra. 46. Pan kintun mriksa nuli dhumateng kang Banjar Andhap kaparak ingutus age Rahaden Wiryapuspita mangsuli aturira mapan sampun rawuh dangu lajeng duka mring Ki Lurah. 47. Sareng sampun andukani lajeng lumebet kewala omong sasmita pan age wangsul matur mring jeng Raja gya kinen madosana marang ing panepen iku Jeng Pangran nulya kapanggya. 48. Mapan lajeng den timbali wan dhumateng kang rama </poem><noinclude>{{rh|||31}}</noinclude> a4ypju13dxrqpbe7rnjlidi64swiwc8 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/34 250 26100 82055 2026-06-29T16:50:43Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82055 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>tan antara prapta mangke Pangeran Dipanagara ngarsanya kangjeng rama ingawe lajeng rinangkul sarwi kumembeng kang waspa. 49. Mapan ta mangkono maning Pangeran Dipanagara pan.nenggih medal waspane ri sampun tata ing driya Kangjeng Raja ngandika Ingsun kulup aweh weruh pamanira dhi Danurja. 50. Ing mengko wis denpateni iya marang eyangira paran polahingsun mangke lamun ingsun ingandikan iya mring Kangjeng Rama apa ta ingsun lumaku paran mengko rembugira. 51. Pangran Dipanagareki mapan aris aturira Kalamun sadalu mangke prayogi mopo kewala. Kangjeng Raja ngandika lamun mangkono karemup prajurit sira pepakna. 52. Manawa eyangireki kabanjur supe dukanya iya marang ingsun angger nora wurung banda yuda. Pangran Dipanagara wot sekar alon umatur Marma andangu kawula.<noinclude>{{rh|32}}</noinclude> 2xuzycm9azdm8j5zbkrjzx4twksxgn2 82056 82055 2026-06-29T16:52:14Z Empat Tilda 628 82056 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>tan antara prapta mangke Pangeran Dipanagara ngarsanya kangjeng rama ingawe lajeng rinangkul sarwi kumembeng kang waspa. 49. Mapan ta mangkono maning Pangeran Dipanagara pan.nenggih medal waspane ri sampun tata ing driya Kangjeng Raja ngandika Ingsun kulup aweh weruh pamanira dhi Danurja. 50. Ing mengko wis denpateni iya marang eyangira paran polahingsun mangke lamun ingsun ingandikan iya mring Kangjeng Rama apa ta ingsun lumaku paran mengko rembugira. 51. Pangran Dipanagareki mapan aris aturira Kalamun sadalu mangke prayogi mopo kewala. Kangjeng Raja ngandika lamun mangkono karemup prajurit sira pepakna. 52. Manawa eyangireki kabanjur supe dukanya iya marang ingsun angger nora wurung banda yuda. Pangran Dipanagara wot sekar alon umatur Marma andangu kawula. </poem><noinclude>{{rh|32}}</noinclude> o43a5fuc713iu8jfpuqqsr6n2sb78ym Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/35 250 26101 82057 2026-06-29T16:53:11Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82057 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> 53. Inggih mampir anyrengeni dhateng paman Jasentika apan sampun sedya mangke gung abdi dalem sadaya lajeng akinen bubar ning kantun kang samya sepuh lajeng panepen amba. 54. Pan inggih makaten sami kaki Rahmannudin lawan kaki Amadngusman mangke kaum lawan puranata kancanipun sadaya pan samya samekteng pupuh kori sampun tinetekkan. 55. Lajeng kawula srengeni lan ingkang kori punika amba ken bucal tetege mindhak karya salah nyana Kangjeng Ratu duk myar ature kang putra iku dangu datan angandika. 56. Wekasan ngandika aris Paran kulup karepira ingsun ñora duga angger sireku pan amung juga sanajan akulita tembaga wesi kang balung otot kawat sungsum gala. 57. Mangsa ta kelara kaki mungsuh paman-pamanira apan ta kaliwat akeh. Pangeran Dipanagara pan aris aturira nadyan dhawaha puniku. </poem><noinclude>{{rh|||33}}</noinclude> o72e4kpm4efn25m5tw08zfzuc3axofg Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/36 250 26102 82058 2026-06-29T17:00:39Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82058 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> Namung pangestu paduka. 58. Yen Kangjeng Eyang upami meksa dhatengken wasesa dhumateng paduka supe kapanggiha ing kawula samya dentingalana sampun wonten tumut-tumut nulya Raden Jasentika. 59. Paman soswan tur upeksi lamun Dyan Somadiningrat lawan Brangtakusumane ingutus dhateng Sang Nata Kangjeng Raja Narendra mapan angandika arum Dipanagara ywa lunga. 60. Alingana wuri marni sun undange uwakira nulya tinimbalan age ingirid Jayasentika sampun prapta ing ngarsa Kangjeng Raja ngandika rum Dika kautus punapa. 61. Dyan Tumenggung matur aris Ingutus paring uninga mring Jeng Rama Tuwan Katong lan paduka ingandikan Kangjeng Raja ngandika Gih kakang dika umatur kawula ing sapunika. 62. Nuwun ngapunten Rama Ji mapan dereng saged wosan tan sakeca awakingong kakang andika matura </poem><noinclude>{{rh|34}}</noinclude> 36vr5c9ckq3hvofb8ilk0uzpl7lo9qx Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/37 250 26103 82059 2026-06-29T17:06:17Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82059 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>dhumateng Kangjeng Rama. Nulya Dyan Tumenggung mundur kalawan Brangtakusuma. 63. Kangjeng Raja ngandika ris mring Pangran Dipanagara: Paran yen ngandikaningong maneh marang eyangira. Pangran Dipanagara tur sembah alon umatur Kawula sumanggeng karsa. 64. Jeng Raja ngendika malih Becik ingsun yen ngandikan ewuh tan sebaa ingong kalawan ta adhinira apa na durung prapta Pangeran matur wotsantun Apan sampun samya prapta 64. Pan amba ken wangsul sami pun adhi Adinagara mapan amba tempahake ngulatna dhateng pun uwa pun adhi Surabrangta ngulatken paman puniku Jayakusuma kang dadya. 66. Kakalih raosing galih Mangkana sampun antara wonten kawan dina mangke Kangjeng Raja ingandikan dhumateng Kangjeng Sultan Nyai Riya kang ingutus nulya Kangjeng Raja sowan. 67. Tan kantun kang putra iki kinen kendel tatanggelan </poem><noinclude>{{rh|||35}}</noinclude> 282whe89yzcs3dhos22g4hr844r14hp Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/38 250 26104 82060 2026-06-29T17:17:42Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82060 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Jeng Raja manjing kadhaton wus cundhuk lan ingkang Nata Jeng Raja ngaras pada pan samya kumembengipun mangkana pan sampun lenggah. 68. Kangjeng Sultan ngendika ris wau dhumateng Jeng Raja. Ywa sira kleru pawartos marmane iku sunbuwang besuk sapungkuringwang wus sun-duga iku kulup makewuhi marang sira. 69. Marmane ingsun-pateni pan ing sun iki wus tuwa ing besiik sapa kang duwe tinggalane eyangira Dadya sami pulihnya ingkang tyas kalihipun nanging dereng karya patya. 70. Wus tan ana walang ati saben dina ingandikan Jeng Raja manjing Kadhaton Pangeran Dipanagara apan sampun kalilan kundur mring Tegalhaijeku samana pan ora lama. 71. Kangjeng Sultan kenging malih saking agenging panggodha ewa mring putrane maneh. Mangkana ingkang kawarna Pangeran Suryabrata sowan mring kang raka iky dhumateng ing Tegalhaija. </poem><noinclude>{{rh|36}}</noinclude> rp0bmu6bp5zvfu6jeqx5k9lefz8mbfn Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/39 250 26105 82061 2026-06-29T17:25:38Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82061 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> 72. Apan atur kabar yekti ing pawarta sampun terang dadya agempung galihe Pangeran Dipanagara Mangkana kang winarna ing dina Jumungah nuju Kangjeng Sultán miyos salat. 73. Kangjeng Raja ndherek iki pepak kang putra sentana pan saben Jumungah mangko Kangjeng Sulan miyos salat. Mangkana sampun lama Kangjeng Sultán ewahipun dhateng Jeng Raja Narendra. 74. Sabakdanya Jumungah iki Kangjeng Raja mapan nulya nimbali kang putra mangke Pangeran Dipanagara lawan kang rayi ika Pangran Panengah puniku kang samya tinantun karya. 75. Kangjeng Raja ngandika ris Paran adhi pikirira Kangjeng Rama ewa tyase tan arsa nimbali mring wang dene pangrasaningwang barang kinarsakken iku adhi sun datan suwala. 76. Pan kongsi cinacad mami ingsun adhi mring Walanda Saking dening wedi ingong iya marang Kangjeng Rama Pangran Panengah turnya. apan langkung ewedipun</poem><noinclude>{{rh|||37}}</noinclude> 0h2351w8l1yk5ryjxuqpdijusayn9ue Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/40 250 26106 82062 2026-06-29T17:26:27Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82062 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Yen paduka angaturna 77. Menggahing kalih prakawis boten wande pan kapiran paduka inginakake inggih dhumateng Walanda. sawung medhot pondhongan punika upamanipun ingih kadamel punapa. 78. Jeng Raja ngandika aris Paran adhi kang paryoga Pangran Panengah ature Inggih pamanggih kawula sanajan den-pundhuta kawula kukuhi tuhu nadyan prapta ing ngayuda. 79. Pan inggih ulun nglampahi Rumiyin pan sampun rila mapan ingkang njenengake inggih gupremen Walanda Yen paduka ajriha pan Walandi sampun tamtu ewa dhumateng paduka. 80. Kalamun lajeng tinampik kados pundi temahannya kapinten kalih-kalihe sanajan bandayudaa lawan rama paduka pan punika sababipun kados nunten tinulungan. 81. Dhateng gupremen puniki sabab punika kang karya Kangjeng Raja emeng tyase nulya nantun mring kang putra</poem><noinclude>{{rh|38}}</noinclude> 28x6lbuekyu5hdhbu8syc8hty9ut6vr Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/41 250 26107 82063 2026-06-29T17:29:42Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82063 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Pangran Dipanagara: Paran karepira kulup apa nunggal pamanira? 82. Yen upama durung nunggil lah mara sira matura! Pangran Dipanagarane mapan aris aturira: Pisah nunggil tyas amba lan paman Panengah tuhu sumangga tuwan galiha. 83. Upami sami satunggil apan awrat mring sudarma lamun Kangjeng yang yektos puputra dhateng paduka tan ngalih mring kang liya mapan punika satuhu ingkang dados karsanira. 84. Kencenging tyas amba yekti aluwung ingaturena nadyan silih upamine dhumatenga ing ngayuda lamun nunggal sudarma mengsah lan Walanda tuhu apan sae kang carita. 85. Yen paduka ngantosjurit inggih kalawan Jeng Eyang pan amba matur sayektos kencenge manah kawula apan ndherek Jeng Enyang milane wonten pukulun pan inggih saking paduka. 86. Pan inggih makaten malih paduka wonten punika </poem><noinclude>{{rh|||39}}</noinclude> k8mdl9jblsv8y6gnn3ncka17k46x471 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/42 250 26108 82064 2026-06-30T08:27:56Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82064 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>saking Kangjeng Yang wijine Nanging kalamun Jeng Fyang tan gadhah putra liyan nging punika paminipun aluwung ingaturena. 87. Apan benjang dhateng pundi inggih tapa hadteng anak anak mring putu tan wände kalamun lujeng punika amba miyarsa warta apan inggih terang sampun saking adhi Sumabrata. 88. Kangjeng yang sampun galih suwunge Pangran Dipatya kang badhe kinarsakaken gentosi rama paduka lawan ingkang pasowan Pan Mangkudiningrat tuhu sampun rembag samya. 89. Mung kantun ngentosi Inggris yen paduka ngekahana kados kalangkung ewede Kangjeng Eyang tan sikara dhateng rama paduka. namung karya jangkepipun. inggih wicalan nagara. 90. Ratu mapan putraneki inggih Pangeran Dipatya makaten samya rembage paduka wus ñama raja mapan raja kewala dadya pecah badhenipun ingih nagari Ngayogya.</poem><noinclude>{{rh|40}}</noinclude> qljoiks888sa58e9qoivimp5csw7hzi