Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.9 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/43 250 26109 82065 2026-07-01T05:59:27Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82065 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>91. Lamun paduka ngekahi datan wände bandayuda langkung awon pocapane lamun tan kinekahana mapan kalajeng benjang marma amba kamipurun aluwung ingaturena 92. Mumpung dereng ngantos ugi kawentar mring tiyang kathah lah lingsem punapa mangke pan asngking karsa paduka priyangga kang ngaturna mapan wonten tandhanipun pejahe paman Danurja 93. Walandi boten nulungi tur mindhak wewah duraka lawan awon pocapane makaten kadya paduka upami ngekahana kalawan ngaturna tuhu mapan sami ewedira. 94. Upami benjing nemahi pinundhut salah satunggal tan wände aprang temahe sanadyan silih apranga lamun kalih Walanda Kangjeng eyang putra tuhu inggih dhateng ing paduka. 95. Kantenan rinebat yekti tur mindhak angsal utama lawan sae pocapane mangkana karsaning Suksma Kangjeng Raja Narendra </poem><noinclude>{{rh|||41}}</noinclude> 410mw1ob7r9d3uqybsy7tqqdzh2tovu Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/44 250 26110 82066 2026-07-01T06:00:24Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82066 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>karsa nut putranipun anulya ans ngandika. 96. Paran adhimas sireki umatur Pangran Panengah : inggih lamun wekasane nanging kawula punika tan saged nglampahana kados anakmas puniku pan namung waton kewala. 97. Wispadha mundura dhingin nging Dipanagara sira karia aneng panepen nulya mundur kalihira nenggih Pangran Panengah mapan sampun lajeng kundur nging Pangran Dipanagara. 98. Maksih neng panepen nenggih mangkana ta Kangjeng Raja Narendra mapan wus kinen nenggih karya nuwala tan pantara wus dadya nulya utusan puniku animbali nyai Riya. 99. Swadasaganda kakalih. tan pantara sampun prapta ing ngarsa Kangjeng Raja ge nulya Jeng Raja Narendra maringaken nuwala Nyai Riya kang ingutus anganturken mring Sang Nata. 100. Tan pantara nulya prapti Nyia Riya ngarseng Nata kang surat ingaturaken</poem><noinclude>{{rh|42}}</noinclude> o6ied63kmm22dafwxlwc5gnno9p0lgu