Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.10 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/141 250 26221 82183 2026-07-09T14:34:57Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82183 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>126. Sampun karsaning Hyang Agung asanget maksiyat neki nanging yen wonten keng raka Jeng Sultan amaksih ajrih Inggris wus salin Walanda Residhen Nahis nameki. 127. Karemannya mangan nginum lan anjrah cara Walandi nadyan kang putra santana ingkang anem-anem sami pan sampun katut sadaya batal karam wus tan tolih. 128. Mangkana karya kolektur nanging tan atur upeksi. mring Pangran Dipanagara dene kinarya bukti amundhuti artanira marang sagung wong sanagri. 129. Dene karyanya kolektur anjaga Raden Dipati pan sampun rembug sadaya Minister Nais ngideni lawan anuwun pratandha ecap Jeng Sultan pribadi. 130. Pan sampun pinaring iku mangkana ingkang winarni sagung kang putra santana. ingkang sepuh-sepuh sami tanapi sagung dipatya Ngayogya pan susah sami. 131. Apan rembug samya matur mring Pangran Dipanagari mangkana Kangjeng Pangeran. <poem><noinclude>{{rh|||139}}</noinclude> ify4vy4h8nxn3c2qoz6d4x5pefvnbbo 82184 82183 2026-07-09T14:35:30Z Empat Tilda 628 82184 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>126. Sampun karsaning Hyang Agung asanget maksiyat neki nanging yen wonten keng raka Jeng Sultan amaksih ajrih Inggris wus salin Walanda Residhen Nahis nameki. 127. Karemannya mangan nginum lan anjrah cara Walandi nadyan kang putra santana ingkang anem-anem sami pan sampun katut sadaya batal karam wus tan tolih. 128. Mangkana karya kolektur nanging tan atur upeksi. mring Pangran Dipanagara dene kinarya bukti amundhuti artanira marang sagung wong sanagri. 129. Dene karyanya kolektur anjaga Raden Dipati pan sampun rembug sadaya Minister Nais ngideni lawan anuwun pratandha ecap Jeng Sultan pribadi. 130. Pan sampun pinaring iku mangkana ingkang winarni sagung kang putra santana. ingkang sepuh-sepuh sami tanapi sagung dipatya Ngayogya pan susah sami. 131. Apan rembug samya matur mring Pangran Dipanagari mangkana Kangjeng Pangeran. </poem><noinclude>{{rh|||139}}</noinclude> 43ibajgvjcxr7z63yis9pnpd8lku6yw Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/142 250 26222 82185 2026-07-09T14:37:32Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82185 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>langkung kagyat ing tyas neki nulya tedhak mring Ngayogya ing kadhaton sampun prapti. 132. Lajeng panggih lan kangibu Jeng Pangeran atanya ris "Punika wonten pakarya dene datan paring uning Ibu dhumateng kawula karya susah wong sanagri." 133. Jeng Ratu Ibu lingnya rum "Kawula pan datan uning dadose rembug punika kula tanya sampun warti inggih dhateng jengandika Jeng Pangeran atanya ris. 134. "Sultán ing pundi genipun." Jeng Ratu Ibu nabda ris "Wonten Bangsal Panggung ika," Kangjeng Pangran nusul nuli, panggih kalawan Jeng Sultán Jeng Pangeran ngandika ris. 135. "Sultán marma praptaningsun ayun tanya mring sireki pan ingsun angrungu warta karya kolektur sireki iku apa karyanira?" Kangjeng Sultán matur aris. 136. "Danuija kang darbe rembug lawan Pun Wiranagari sebab kirangJeang kengkenan dene karyanipun malih anglempakken sakeh arta panyumpleng punika sami.</poem><noinclude>{{rh|140}}</noinclude> eiuiyk7mwley4k3ql5yqvsw1en2tch3 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/143 250 26223 82186 2026-07-09T14:38:32Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82186 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> 137. Kalih kula tanya sampun ngaturi wuninga ugi inggih dhumateng paduka warti yen sampun marengi Kangjeng Pangeran ngandika "Iku pasthi goroh yekti. 138. Sultan yen siratan weruh iku ta pangrasa marni liwat lakuning duijana tan wurung karyeku pasthi iya marang kasusahan ing besuk wekasaneki. 139. Marang wong cilikku besuk lan apa pangane iki kolektur pira cacahnya lawan badinane iki ing endi pasebaniia." Sri Nata umatur aris. </poem><noinclude>{{rh|||141}}</noinclude> js7c15gocx1t544gb7qqhcelzemfxx9 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/144 250 26224 82187 2026-07-09T14:49:10Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82187 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>'''VI. Sinom''' 1. Tedhanipun apan ngiras sawidak tiyang satunggil lurahipun kalih belah cacah tiyang kawandesi apan langkung kakalih lurah kakalih puniku pasowannya sadaya wonten Danurejan sami lamun telas kedhik punika tambelnya. 2. Karyanipun saben mangsa medal marang dhusun sami mundhut panyumpleng punika Kangjeng Pangran ngandika ris sarwi mesem puniki wus tan lidok ujaringsun mangkono maneh Sultan yen ora ngrusaka bumi gunung iku sukur bage kena ingwang. 3. Duk dhingin swargi Jeng Rama gunung wus sun suwun iki ilange kabeh ku ika marga dadi susah neki sagung wong cilik-cilik kang sun karya ganti tuhu suku lan uwang dhuwit bandar kabeh iki wus sun duga turahane kurangana. 4. Dene kang parentah desa muliha kaya kang dhingin duk Eyang Buyut ika Kangjeng Rama wus nglilani nanging semados neki </poem><noinclude>{{rh|142}}</noinclude> pnovccgja1fos5oh6qh50cn9u2rjvku Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/145 250 26225 82188 2026-07-09T14:50:18Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82188 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>amung masa satahun kinarya isi ika sabab uwang kathah enting durung nganti kelakon kaselak seda. 5. Ing mengko iki ta sira malah yun sira wuwuhi ywa susahing wong desa lah kaya ngapa sireki Jeng Sultán matur aris sampun ta kados puniku cap kawula punika sampun kinarya ngecapi kang nawala badhe paneteping desa. 6. Lah Sultán sira jabela yen durung kebanjur iki undangen Wiranegara Kangjeng Sultán nulya aglis utusan animbali Raden Mas prapteng sampun Kangjeng Sultán angandika Mayor kaya ngapa iki tuturira apan wus atur uninga. 7. Mring kangmas pan wus kalilan mengko ingsun den dukani tumungkul Wiranagara tan saged matura iki nulya ngandika malih mengko layang ingsun pundhut kolektur wurungena Wiranagara tur neki kawula jrih sampun klajeng kang nawala. 8. Wonten Residen punika kewedan Jeng Sultán iki dadya kendel tan ngandika </poem><noinclude>{{rh|||143}}</noinclude> k7y8iumpeo6b90f6h6p1x6hqzgffnoj Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/146 250 26226 82189 2026-07-09T14:50:56Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82189 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Jeng Pangran bendu tyas neki ngandika mring kang rayi wus Sultan pilihen ingsun iku mung wong sajuga lan loro kok pilih endi lamun sira pilih ingkang loro iya. 9. Wus layang sira banjurna lamun sira milih mami jaluken nawalanira dene Residen ku ugi kalamun srengen iki aja sira melu-melu yen milih loro sira iya Sultan luwih becik nanging ingsun wis tan melu-melu ika. 10. Umatur Wiranagara kados pundi gen mangsuli timbalan sampun dhumawah mungel wonten kitab ugi nasika tul muluki yen ratu ngandika sampun tan kenging mangsulana Kangjeng Pangeran miyarsi mring ature Tumenggung Wiranagara. 11. Dadya medal dukanira jiniwir kupingnya kalih dhinupak aru angandika heh ya mukidin sireki jawane memuruki pan kitab kang sira ampung sireku luwih bisa wong kabeh tan ana uning ala becik pan ingkang weruh mung sira. 12. Kangjeng Pangran angandika </poem><noinclude>{{rh|144}}</noinclude> oe1ea31xqe1mi2x1mi1r4x9betxw05y Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/147 250 26227 82190 2026-07-09T14:51:38Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82190 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Sultan sun tanya sayekti sira pajara den nyata sapa ingkang duwe pikir lamun sira pribadi iku alas lokil makpul yen rembuge wong liya pasti kena den owahi iku setan Sultan ingsun ora lila. 13. Kangjeng Sultan lon aturnya pan saking tiyang kekalih Danuija Wiranagara lan kawula pitakeni pan sampun matur ugi dhateng paduka satuhu mila kula pracayа lajeng kawula ideni pan tumungkul Tumenggung Wiranagara. 14. Kangjeng Pangran angandika iku wus tetela yekti lamun setan angrancana pan kitab karya ling-aling Jeng Sultan ngandika aris lah matura maneh iku mayor maring kakangmas lamun sira maksih wani babing kitab ingsun arsa myarsakena. 15. Dyan matur Wiranegara tan saged matura malih Kangjeng Sultan angandika wus sira amundhut iki wurung kolektur dadi wus sira metuwaiku Mayor Wiranagara tur sembah lengser sing ngarsi </poem><noinclude>{{rh|||145}}</noinclude> lpzhrcpckbb43ox65pvnvut9m5i8w2p Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/148 250 26228 82191 2026-07-09T14:52:22Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82191 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Kangjeng Sultán umatur dhateng kang raka. 16. Suwawi kundur kakangmas dhahar kadhaton rumiyin kaliyan sareng lumampah lenggah wonten Gedhong Kuning Jeng Ratu Ibu prapti lan Jeng Ratu Kencaneku nulya amundhut dhahar Nyai Riya kang ngladosi Kangjeng Ibu Ratu alón atetanya. 17. Paran Sultán dadinira prakara Kolektur iki Kangjeng Sultán ris turira inggih tamtu boten dadi Jeng Ratu mesem angling Sultán ingsun ngling satuhu ingkang duwe nagara Ngayogya iki sayekti kakangira Pangeran Diponegara. 18. Mapan Sultán dhinawuhan mring ramanira ing nguni duk ana ing Kadipatennya mangke timbalan neki Den Ayu sun pajari awya nyakarep anakmu ingkang dadya tyas ingwang nakingsun kang tuwa yekti aturingsung manira sumangga. 19. Semu lingsem Kangjeng Sultán sabab akeh wong kang myarsi mangkana ing aturira sampun paduka wawarti kula sampun udani kangjeng rama welingipun </poem><noinclude>{{rh|146}}</noinclude> h90fn7eg3n5i8ss5zv8hl0xl3ny189w Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/149 250 26229 82192 2026-07-09T14:53:09Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82192 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>inggih dhateng kawula Jeng Pangran mesem nabda ris Ibu Ratu kadiparan ta paduka. 20. Ngandika wados punika pan kathah tiyang udani mesem Jeng Ratu Kencana ri sampunira dumugi dhahar anulya pamit Kangjeng Pangeran wus kundur dhumateng Tegalharja samana apan wus lali Kangjeng Ratu Ageng gerah sänget ika. 21. Anuju ing wulan Ramlan sagung putra wayah sami tugur neng kraton sadaya tanapi kang pra ngulami Ki Pangulu ngaturi mukah siyam Kangjeng Ratu nanging meksa tan karsa kadya wus sinedyeng galih sareng ngajengaken Bakda supe nulya. 22. Jeng Sultan matur kang raka kados pundi benjing-injing prakawis grebeg punika Kangjeng Pangran ngandika ris aja sira ngowahi iya dene ingkang tunggu Kangjeng yang sun dhawak lan Bu Ratu Bendareki Ratu Angger kabeh padha garebega. 23. Ki Mangkubumi sampeyan nggih sowana benjing-injing Kangjeng Sultan ris aturnya. bilih kula tan meningi </poem><noinclude>{{rh|||147}}</noinclude> 98l6s24imah7hrk8rpp1pkqq6jr8lvn Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/150 250 26230 82193 2026-07-09T14:53:45Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82193 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Jeng Pangran ngandika aris walahu aklam ing sesuk nanging panduganing wang Kangjeng Yang kaya ngenteni mring pepeke kang putra wayah sadaya. 24. Nangkana sampun klampahan pan karsaning Hyang Widhi Kangjeng Ratu surudira sampun bakda grebeg iki putra wayah wus prapti tanapi kyai pangulu myang sagung pra ngulama mapan sampun pepak sami sinarekken Jimatan tunggil kang putra. 25. Riwus kawandasa dina Jeng Ratu Ibu gumanti Ratu Ageng namanira dalemira kang ngenggeni Jeng Ratu Bendara neki mangkana ingkang winuwus ri sampunira lama wonten cobaning nagari pan karaman anama Manduratmaja. 26. Mapan ngembani punika Jeng Pangran Diposaneki Kangjeng Pangran wus uninga saking wong desa kang warti nanging maiben yekti dene langkung boten rukun Panran Diposana repot jompo lawan alit lawan kalangkung manah remen maksiyat. </poem><noinclude>{{rh|148}}</noinclude> 91qw1b2v66xb0eu6gg4vrx9n7z6mfhd Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/151 250 26231 82194 2026-07-09T14:54:26Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82194 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>27. Nanging ragi gerah manah, duk kala timurireki, marma datan linagewa, samana nuju marengi, Kangjeng Pangran nimbali. abdi kinen maos iku, nama Sukbatal iman, lawan Mukhamad bunari. kitab nami Khatulmuluk kang winaca. 28. Lenggah bale sawo ika, paseban Selarajeki, andangu nulya utusan, iya saking ingkang rayi, Jeng Sultan atur uninga. anenggih ingkang denutus, Raden Sasrawirana. lan Sasrabau, tur bekti. "Kula Gusti ingutus Rayi Narendra. 29. Kinen ngaturi uninga, dhumateng paduka Gusti. ing Kedhu wonten pakarya, karaman ageng kang baris, dhusun Bendha nggen neki, Sinduatmaja ranipun. estri ingkang satunggal, sampun pejah ing Walandi." Jeng Pangeran mesem aris angandika. 30. "Lah iya Sastra wirana, Sultan apa wis bantoni." aturnya Sastra wirana, "Inggih sampun kang lumaris. Raden Mayor pribadi. lan Raden Ritmester iku, bekta sakancanira, lajeng angkatipun sami, </poem><noinclude>{{rh|||149}}</noinclude> 92xuctp8rf2eomvtaczpl1jxx5bfrgh Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/152 250 26232 82195 2026-07-09T14:55:07Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82195 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>lan residen Nahis sadinten punika. 31. Iya wus Sastrawairana, sira amuliha dhingin, ing mengko ingsun pan arsa. marang kadhaton pribadi, lawan ayun udani, Adinagara mamantu, nulya Sastrawirana, tur nembah lengser sing ngarsi. Kangjeng Pangran tan adangu nulya tedhak. 32. Prapta kadhaton wus panggya, Jeng Pangran lawan kang Rayi, Jeng Sultan matur niskara, Jeng Pangran mesem nabda-ris, "Ya wis sun udaneni, ingkang karya reka iku, Lamun Residen prapta, yang Dipasana den aglis, wenehana iku kang gawe gendra." 33. Wus lajeng Kangjeng Pangeran. mring Adinagara prapti, Pangeran Adinagara, emeh wände mantu iki, Kangjeng Pangeran nabda-ris. "Wus tutugna gonmu mantu." Antara telung dina, Residen Nahis kang prapti, tur uningá karaman Kedhu wus bubar. 34. Nulya Pangran Dipasana, cinepeng binuwang nuli, wau dhumateng ing sabrang. Mangkana ngalami-lami, saya kathah setori. nagari Ngayogya iku, </poem><noinclude>{{rh|150}}</noinclude> 16i7pnio7aitdl47eu5872u8ph7nfa1 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/153 250 26233 82196 2026-07-09T14:55:52Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82196 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nanging datan punapa, Jeng Pangran langkung prihatin, datan kondur neng Selaraja kewala. 35. Jeng Sultan ingkang winarna, yen marengi kangen iki, wau dhumateng kang Raka, nusul mring Selarajeki, Samana amarengi, Kangjeng Sultan prapta iku, kangen dhateng kang Raka, Kangjeng Pangeran marengi, lagya lenggah kolah milih ingkang tigan. 36. Klangenan ulam wader bang, munggeng sela gilang iki, Kangjeng Sultan nulya prapta, pan lajeng tumut milihi, kang nderek Pangran kalih, samya kang Raka puniku, Pangeran Suryabrangta, lawan Suryawijayeki, Kangjeng Pangran sampun karsaning Hyang Suksma. 37. Ingkang tyas langkung pracaya, wau dhumateng kang Rayi, Kangjeng Pangeran ngandika, "Payo Sultan padha ngalih, lenggah ing gedhong iki". Kangjeng Sultan nderek sampun, lawan kalih kang Raka, Pangeran Suryabrangetki, pan kalawan Pangeran Suryawijaya. 38. Kangjeng Pangran angandika, sarwi mesem mring kang Rayi, "Sultan sun pajari sira, sakehe ingkang prajangji, </poem><noinclude>{{rh|||151}}</noinclude> err5w99py98gvxqa9hdw4zysf9xfthf Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/154 250 26234 82197 2026-07-09T14:56:33Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82197 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>duk dhingin jaman Inggris, mapan maksih ana ingsun, kadhaton nora ana, mung kontrak kang ana iki. lan prajangji pametune kang nagara. 39. Dene sakeh panganggeran, maksih ana kene iki, kang dadi watir tyasingwang, manawa ingsun ngemasi, apa dene sireki, ora wurung iku besuk, mapan dadi brawala, anakira lan nakmami. lamun ora ana pitulung Hyang Suksma. 40. Dene mengko karsaningwang, layang sun wenehken iki, Sultan iya marang sira. nanging ingsun Sultan titip, mring sakeh nakireki, Kalamun ngemasi ingsun, sultan mangsa bodhoa.", Jeng Sultan aturireki. pan sandika Jeng Pangeran angandika. 41. Mring Pangeran Suryabrangta, lawan Suryawijayeki, "Sira karo lumakua, suwunen layang prajangji, marang bakyunireki", tur sembah kalih wus mundur, saking ngarsa kang Raka, tan adangu nulya prapti, ingkang serat wus katur marang sang Raka. 42. Tinampen nulya ngandika, "Ya Sultan wruhanireki.</poem><noinclude>{{rh|152}}</noinclude> jljhzt6pyaqyvvfmrkt6qrkl6m617hb Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/155 250 26235 82198 2026-07-09T14:57:13Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82198 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>layang iki ingkang nurat, pan Jendral Raples pribadi, kang sisih Jawa iki, Cadiningrat nulis iku, wusnya sira gawaa, nanging poma wekas marni, pan mung iku kang dadi watir tyasingwang. 43. Jeng Sultan matur sandika, "Kalangkung panuwun neki," gya pinaringken kang surat, Kangjeng Sultan anampeni. langkung suka tyasneki. Jeng Sultan nulya mit mundur, mapan sampun kalilan, mundur sing Selarajeki, pan surat binekta Jeng Sultan priyangga. 44. Datan winarna ing marga, kedaton pan sampun prapti. apan wus karsaning Suksma, Kangjeng Sultan datan lami, saking gung rencaneki, setan kang samya bibidhung, kang surat ingaturan. besmi pan datan prayogi, yen taksiha manawa bilih manawa. 45. Kadya wus takdiring Suksma. Jeng Sultan gampil nuruti, mring atur kang tan prayoga, Mangkana surat binesmi, sampun karsaning Widi, tan lami Jeng Sultan iku. lawan antaranira, denira ambasmi tulis, prapteng jangji Kangjeng Sultan nulya seda. </poem><noinclude>{{rh|||153}}</noinclude> o70rowquqmffp32707mqi96nj9kd7jr Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/156 250 26236 82199 2026-07-09T14:57:56Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82199 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>46. Mapan datan mawi marga. ing gerah saking sakedhik, pan kendel gennya besiyar, namung ingkang dadya margi, dhahar turaturneki, Raden Dipati puniku, pan lagya ngunjuk jangan, sareng cekoh pan cumekik. lajeng dhawah Jeng Sultán apan trus seda. 47. Satira abuh sakala, langkung geger Ngayogyeki, pan samya kaget sadaya, ingkang Raka sampun prapti, nanging datan meningi, lan putra santana sagung, jalu estri pepakan, gumerah swaraning tangis. saking gunging pawestri sajroning pura. 48. Tanapi sagung punggawa, apan sampun pepak sami. ki pangulu sakancanya. nuwun nuli densirami, tan suka sekretaris, ibu ken ngentosi iku, apan lagya utusan, nusul residhenireki, kang marengi Baron Silwis namanira. 49. Pan lagya kesah mring Sala. ingkang kinen angenteni, lagya jinujul punika, Jeng Pangeran wus ningali, mring layone kang Rayi. nulya pineksa puniku, pan kinen nyiramana, </poem><noinclude>{{rh|154}}</noinclude> mwsnzx3jc9v8dhkwhpx4nv4443jk0qp Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/157 250 26237 82200 2026-07-09T14:58:49Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82200 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>anulya dipunsirami, ri sampunnya sinarekken Prabayasa. 50. Sadinten sadalu ika, Barón Silwis dereng prapti, sareng injing tinimbalan, kretaris dan suka malih, nanging pineksa malih, mring Kangjeng Pangeran iku, sampunnya tinimbalan, tinengga neng bangsal sami, Barón Silwis jam sewelas praptanira. 51. Pan lajeng kinen ngangkatna, Jeng Ratu Ageng puniki, langkung sanget pamuwunnya, ingaturan datan kenging, ngantos kaku tyasneki, Barón Salewis puniku, mapan kakanthen sasta, lan Pangeran Dipanagri, prapta ngalun-alun kidul wangsul samya. 52. Sadaya wus prapteng pura, ingkang datan dherek sami, sagung kang putra santana, Residhen Salwis nabda ris, Pangeran Dipanagri, "Sampeyan bok sampun kundur, lajenga tengga putra," Kangjeng Pangran ngandika ris, "Ora gelem sun mulih bareng lan sira. 53. Pan sekretaris kewala, lan si Ditri iku becik, kariya atunggu pura, lan Kyai Mangkubumi", Barón Silwis nuruti, </poem><noinclude>{{rh|||155}}</noinclude> phy4squevrtgyh0andmo05s8vqm8q0d Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/158 250 26238 82201 2026-07-09T15:00:29Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82201 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>mapan samya bubar sampun, sagung putra santana, kang tuguran nging bupati, Kangjeng Pangeran wus kundur mring {{sic|Teglhaijo|Tegalharjo}}. 54. Ingkang dherek mring Jimatan, sadaya pan sampun prapti, sinarekaken Jeng Sultan, pasareyan ninggal dadi, kang tunggil kang Ramaji, mangkana ingkang winuwus, Jeng Sultan tilar putra, sasanga kathahireki. kang winarna namung kang jalu kewala. 55. Den Mas Menol parabira, saweg yuswa tigang warsi. nanging sampun pinaringan, nama Pangeran Dipati, mangkana ngantos lami, apan dereng dadi iku, Raden Mas Gatot arinya, Den Mas Mursada puniki, Den Mas Mangun kang jalu sakawan ika. 56. Ingkang putri mapan gangsal, mangkana ingkang winarni, Jeng Pangran Dipanegara. mapan asring denaturi, mring Residhen ing loji, nanging awis kersanipun, lawan malih menawa, Residhen malebeng puri. ingaturan Kangjeng Pangran awis karsa. 57. Lan asring tinitik ika, mring Residhen yuswaneki. kalamun marengi karsa, </poem><noinclude>{{rh|156}}</noinclude> qw96lt4k9my4barty6uxnbtapf6m7sq Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/159 250 26239 82202 2026-07-09T15:01:13Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82202 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ingaturan dhateng loji. langkung Residhen iki, genira met galihipun, lan asring ingaturan. lenggahan sami pribadi. pan Residhen ingkang ngladosi priyangga. 58. Sabarang kang dinangua, Baron Silwis aturneki. Tegalhaija Selaraja, Kangjeng Pangran Mangkubumi, graita jroning galih, samana gya tedhak sampun, dhumateng Tegalhaija, mapan sampun akapanggih. lan kang putra neng jro gedhong Selahaija. 59. Kangjeng Pangeran angandika. "Kulup tan anduga mami, Baron Silwis karepira, banget kayungyun nireki, kulup marang sireki, kaya ana atine iku, ngenteni karepira. manawa dhingin sireki, wus celathu. Kangjeng Pangeran ngandika. 60. "Sampun gampil bab punika, kawula lumuh sayekti, kalamun margi punika, puruna sampun rumiyin, mangsa kaselan ugi, inggih dhumateng pun Bagus." Kangjeng Pangran ngandika, wau dhumateng kang siwi, "Paran kulup banget temen watiringwang. 61. Iya manawa kaliya, </poem><noinclude>{{rh|||157}}</noinclude> jd78ov53y7oh4f6fj2skrzym8uzmjbi Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/160 250 26240 82203 2026-07-09T15:02:27Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82203 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>kaya paran polah mami." Kangjeng Pangran aturnya, sarwi mesem," Sokur ugi, lamun purun ngowahi, Kyai marang jangjinipun, aluwung makatena, boten angewed-ewedi, pan kawula angindhung purbaning Suksma. 62. Sampun kondur Jeng Pangeran, watara let pitung ari, Den Mas Menol pan ingangkat, jumeneng mapan gentosi, mring ingkang Rama sawargi, nanging mawi wakil iku, nenggih ingkang kinarya, Kangjeng Pangran Mangkubumi, pan kalawan Kangjeng Pangeran punika. 63. Hariya Dipanagara, lawan Ratu kancaneki, Ratu Ageng sekawannya, Jeng Pangran lumuh kepati, nanging pineksa ugi, dadya sanget lingsemipun, tan saged mulat janma, ngantos tugel pecuh neki, ingkang kampuh genira nitih kereta. 64. Datan tinoleh kapidak, sekretaris ingkang nganthi, anglir sedaa sakala, pan sampun prapteng ing janji, kontrak winaos nuli, Den Mas Menol sebutipun, kepejeng pamuwusnya, namung moh datan apti, apan meksa Residhen pangangkatira.<noinclude>{{rh|158}}</noinclude> 3n70g1fzdbvyut374x5tmsczviclguq 82204 82203 2026-07-09T15:03:00Z Empat Tilda 628 82204 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>kaya paran polah mami." Kangjeng Pangran aturnya, sarwi mesem," Sokur ugi, lamun purun ngowahi, Kyai marang jangjinipun, aluwung makatena, boten angewed-ewedi, pan kawula angindhung purbaning Suksma. 62. Sampun kondur Jeng Pangeran, watara let pitung ari, Den Mas Menol pan ingangkat, jumeneng mapan gentosi, mring ingkang Rama sawargi, nanging mawi wakil iku, nenggih ingkang kinarya, Kangjeng Pangran Mangkubumi, pan kalawan Kangjeng Pangeran punika. 63. Hariya Dipanagara, lawan Ratu kancaneki, Ratu Ageng sekawannya, Jeng Pangran lumuh kepati, nanging pineksa ugi, dadya sanget lingsemipun, tan saged mulat janma, ngantos tugel pecuh neki, ingkang kampuh genira nitih kereta. 64. Datan tinoleh kapidak, sekretaris ingkang nganthi, anglir sedaa sakala, pan sampun prapteng ing janji, kontrak winaos nuli, Den Mas Menol sebutipun, kepejeng pamuwusnya, namung moh datan apti, apan meksa Residhen pangangkatira. </poem><noinclude>{{rh|158}}</noinclude> mlwywgecbvs7jphi7956oj8rqkjcdfu Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/161 250 26241 82205 2026-07-09T15:03:41Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82205 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>65. Lan Ratu Ageng kang meksa, ri sampun kondur tumuli, lenggah sitinggil sakedhap, lajeng mring kedhaton sami, lenggah bangsal puniki, Barón Silwis mapan asung, kang serat peijanjian, kangjeng Pangeran tan apti, kinen maos kewala mapan tan bisa. 66. Jinaluka atandha asta, ngandika tan bisa nulis. tinedha ingkang pratandha, ora gawa ecap mami, Jeng Pakualam iki, mesem krasa ing tyasipun, Pangran Dipanagara, dadya wewah lingsem neki, pan rumaos lamun ingesem-eseman. 67. Dadya mubarang pakarya, Kangjeng Pangran Mangkubumi, ingkang nindhihi sadaya. Residhen narima iki. ri wusnya bubar sami, mangkana ingkang winuwus. Pangran Dipanagara, kundur mring Tegalharjeki, sapraptanya langkung denira sungkawa. 68. Kang ginagas mung lingsemnya, dene ora katon janmi, kinarya wakiling bocah, bok iya nganggi tinari, pinadhakken puniki, lir wong ngempek-empek iku, dol gawe luru pangan, </poem><noinclude>{{rh|||159}}</noinclude> mtak3p68d40kia5u6y8z8300peoc3j9 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/162 250 26242 82206 2026-07-09T15:04:36Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82206 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ora kaya awak marni, kudu temen delap urip aneng donya. 69. Kalangkung rempu tyasira, Jeng Pangran Dipanagari, lajeng manijng pasareyan. anedya anganyut urip. wus nir sagung kaeksi, saking sanget wirangipun, mangkana kang kusuma, kumepyur tyas ningali, mring kang raka ingkang tyas ora kaduga. 70. Dene langkung singkelira, apa ingkang dadi wadi, mangkana sang Retnaningdyah, tan eca raosing galih. nulya anusul nuli, sang Retna mring tilam santun, tumingal mring kang Raka, yen arsa hangayut urip. Sang Aputri nyungkemi medal kang waspa. 71. Pegat-pegat angandika, "Kangmas ora bisa kari." sarwi nungkemi pranaja, "Ngur ingsun matiya dhingin, sampun ta lamun keri, sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Pangran tingalira. mantuk mring bangsa Sepehi, duk miyarsa sasambate Sang Kusuma." 72. Dadya ucul tingalira. sang Retna sinambut ririh, pinangku sang lir kusuma, kalawan ngandika aris, "Wus kendela tan apti, </poem><noinclude>{{rh|160}}</noinclude> hrayp77ri92ad4vlwy096kvdxhsk1tg Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/163 250 26243 82207 2026-07-09T15:17:22Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82207 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>wurung mati abdinipun." sang dyah aris aturnya, "Punapa kang dados rujid. dene ngantos padukarsa tilar donya." 73. Kangjeng Pangran angandika, "Mas Mirah gusti wong kuning. sosatyaning Tanah Jawa, pun kakang pajar sayekti. langkung wirang ing urip, ana ing donya wakingsun, kinarya wakiling bayi, ora mantra kalamun katon manungsa. 74. Den bubungah lir wong corah, dene liwat mejanani, kalamun ingsun gelema, dadi ratu pan wus dhingin, mengko kinarya wakil. dene liwat nistha iku, abanget ingsun wirang, den unggahken emban marni," dadya mesem Sang Retna aris aturnya. 75. "Nuwun ngapunten kawula, den ageng dhumateng abdi, mokal paduka kilapa, menggah utamaning margi, kang dhateng ngalam gaib. datan makaten pukulun, pan rumiyin paduka, ngandika margi utami, pan kawula taksih emut sapunika. 76. Mapan kawula anedya, kalamun kantuna yekti, dhateng ngalam kelanggengan. Kawula nuwun rumiyin, </poem><noinclude>{{rh|||161}}</noinclude> hjor0shk02x0khmdw71sjzm3go1ehm2 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/164 250 26244 82208 2026-07-09T15:18:36Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82208 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>tan saged aningali. kalamun kantun saestu. inggih dhateng paduka, kawula sampun sayekti. anenuwun dhateng Robil ngalaminna. 77. Ljiwan pangestu paduka, supangatira Jeng Nabi. Mukhamadinnil Mustafa, benjing prapta ngalam suci, kawula kang rumiyin. lawan ing margi puniku, utami ingkang wiyar, lawan gumantunging takdir, kang kasesa lan sabar mangsa sanesa. 78. Namung kantun sautama, kang sabar punika ugi. apan kathah cariyosnya, lan mindhak amai sayekti, yen kaleresan ugi. lawan pitulung Hyang Agung. apan kawula nedya, angawula tekeng ngakir. anyenyethi inggih dhumateng paduka. 79. Paduka yun nyupet karsa, tan rila hukuming Widi. pan inggih mangsa wandeya, namung kantun sautami, yekti wirang donyeki, yen tan ewah niyatipun. dados ngamal sadaya, tur temtu cobaning Widi, pan sadaya sih nugrahaning Hyang Suksma. 80. Apan kawula punika, marma purun matur yekti.</poem><noinclude>{{rh|162}}</noinclude> jilkm56anscnkm3ax3rlsffriyadif2 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/165 250 26245 82209 2026-07-09T15:19:17Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82209 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>rumiyin saking panduka, inggih ingkang memejangi, nuwun lumangkung ugi, bilih kasupen pukulun." Jeng Pangran duk miyarsa, marang ature kang Rayi. dadya mesem lir sinapon dukanira. 81. Sang Retna sinambut sigra, Kangjeng Pangran ngandika ris. "Adhuh Mas Mirah bendara, kang mindha inten ing wukir, piturun saking swargi, nugrahanira Hyang Agung, musthikaning wanodya, satanah Jawa puniki, tambuh-tambuh nah angger sun rasakena. 82. Sayekti yen bener sira, banget kalalen kang abdi, kang iman upama surya, ati upamaning angin, coba rancana iki, apan anglir mega mendhung, kang jasmaniku dewa. kaya upamane bumi, iya lamun nora katibanan udan. 83. Paran margane thukula, sagung wiji kang neng bumi, pan ngamal becik bendara,. yeku upamane wiji, marma ingkang jasmani. bisa ngumpul imanipun, lan ati katelunya. iku wutuh dadi siji, iya dene sababe ingkang panrima. </poem><noinclude>{{rh|||163}}</noinclude> 658ea4hbd8zxl6kts30pfht2z8kjzia Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/166 250 26246 82210 2026-07-09T15:19:57Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82210 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>84. Tegese ingkang panrima, thukule sakehing wiji, lamun ora mangkonoa, tanpa paedah wong urip, wong aneng dunya iki, Mas Mirah kautameku, kang gedhe cobanira, nging lawan nugrahan jati, yen kuwawa yeku kekasih Hyang Suksma. 85. Kalamun datan kuwawa, kang wiji besuk upami, pan datan tuwuh sadaya, dadi tuna wong ngaurip, angur duk kala bayi, matiya wus tan kaetung, nah angger kang utama, pan papat dadi sawiji, ngamal ngelmu ngamal maklum apan nunggal. 86. Panuju ingsun bendara, ana nugrahaning Widi, eling coba saka sira, meh kalalen ingsun gusti." Enengena tan winarni, Ngayogya ingkang winuwus, Kangjeng Pangeran ika, Mangkubumi apan maksih, pan pinardi menggah capira kang putra. 87. Baron Silwis tan anrima, mring kang ecap tiga sami, kedah nedha jangkepira, sekawan maksih angudi. mangkana ujarneki, "Nadyan tan ana iku, kang telu iku iya, </poem><noinclude>{{rh|164}}</noinclude> c9xzyg9p85ehkfgrr80y7ii7faqv0is Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/167 250 26247 82211 2026-07-09T15:21:04Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82211 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>yen ana ingkang sawiji, iku bae Pangeran Dipanagara. 88. Dene kang katelu ika, mapan ya minangka saksi. lamun ora ana ika, iya-cap ingkang sawiji. mapan tan kena manjing. kang duwe bandar sadarum, pasthi tan aweh ingwang." Dadya Pangran Mangkubumi, pan ginubel dhateng wong gedhe tetiga. 89. Sebab tan saged balaka, dadya Pangran Mangkubumi, tedhak marang Tegalharja. Mangkana ingkang winarni. Kangjeng Pangran marengi, lenggah aneng Balekencur, pan lagya kinen maca, Harjunawijaya iki, pan kinarnya anglipur rujiting driya. 90. Ingkang abdi kalih ika, Dyan Wiryadikusumeki, kang sawiji namanira, Mas Sastrawinangun iki, Jeng Pangran Mangkubumi, sareng rawuh sigra nusul, dhumateng Sela raja, panggih alenggahan sami. Balekencur Jeng Pangeran angandika. 91. "Kulup marma ingsun prapta, atutur rusaking nagri, dhuwit bandar ora kena, sun jaluk lan bakyu iki, la wan adhinireki, </poem><noinclude>{{rh|||165}}</noinclude> 8ynonc6h3rylnoci2wavvploemaam0s Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/168 250 26248 82212 2026-07-09T15:21:48Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82212 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Ratu Kencana cap telu, kudu jaluk capira, malah ingsun densrengeni. mring Residhen paran mengko karsanira." 92. Jeng Pangran Dipanagara. esmu duka jroning galih, "Marma rumiyin kawula, datan purun dados wakil, kadya berah upami, awande ing ñama tuhu. salaminipun dadya, pan dereng kawula kardi. angecapi namung saweg kaping tiga. 93. Punika pan raja pejah," Kangjeng Pangran Mangkubumi. mapan aris angandika. "Kaya paran polahneki, sanak-sanakireki, padene prajurit iku, ingkang padha belanjan. masthi padha susah iki, lamun ora dhuwit bandar malebua. 94. Jeng Pangran Dipanagara, langkung kewran ing tyasneki, mangkana lajeng anembah, marang kawirangan yekti. nanging geseng tyasneki, mesem angandika rum, "Kyai mapan sumangga, nanging kawula aseksi, cap punika mapan lajeng kula bucal. 95. Dados sampun mantun ñama. kawula Dipanagari. Ngabdulhamit nama kula." </poem><noinclude>{{rh|166}}</noinclude> blt8t74qyqpwcpuwlknecw3271v6aqn Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/169 250 26249 82213 2026-07-09T15:22:52Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82213 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Kangjeng Pangran Mangkubumi, ngandika esmu ajrih, "Ya kulup apa kersamu. sapa kang wani malang," pinundhut ecap wus prapti. lajeng ngaturaken dhumateng kan rama, 96. Kangjeng Pangran ngandika, "Meling punika kiyai, kalamun prakawis arta. sampun mawi kula malih." Jeng Pangran Mangkubumi. mapan angandika arum. "Ya kulup sun kaduga, yen ana pratandha iki." nulya pamit kudnur pan wus tan winarna. 97. Kangjeng Pangran ing tyasira, sangsaya gesengireki, kinarya panglipur tedhak, marang daleme kang rayi, Pangeran Suryabrangti, anyupitken putranipun. jenenging Kangjeng Pangran, lajeng anyare sawengi, mapan lenggah patamanan Suryabratan. 98. Lan sagung pra putii asamya, sadalu tan arsa guling, ameng-ameng catur ika, lawan kang eyang ngladosi, Raden Ayu puniki, Danukusuma kang sepuh, injing kundur Jeng Pangran. dhumateng Tegalrejeki, Sang Dyah Retna amethuk wonten taratag. 99. Sinambut sang lir Supraba, </poem><noinclude>{{rh|||167}}</noinclude> 894746n2iz921k1xich6ysgr1n0orrr Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/170 250 26250 82214 2026-07-09T15:23:30Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82214 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>binekta mring tilamsari, Kangjeng Pangran nuli nendra, supe solat, dhahar iki, sadinten ngantos ratri, ajrih mungu sang Renayu. mung tinengga kewala, wancinira tengah wengi, nulya dhawah tandha benduning Hyang Suksma. 100. Ardi Mrapi murup ika, anglir sundhul ing wiyati. kadya kebekan Ngayogya, kang ngakasa dadi geni, kang swara gegirisi. jumegur lawan gumludug. brama pating pancurat, kalangkung giris pan sami. ting kudhandhang ngupados pangungsen samya. </poem><noinclude>{{rh|168}}</noinclude> 55ghw7dinju1rnnwdvwum50j5zeb8za