Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.48.0-wmf.3
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Acara
Pembicaraan Acara
Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/78
250
10856
83203
36166
2026-11-09T04:55:27Z
Sygrayem
509
ꦲꦚꦂ
83203
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Sanniscara" /></noinclude>{{Jawa|ꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦸꦔꦃꦚ꧈ꦫꦮꦸꦃꦚꦱꦁꦥꦿꦨꦸ꧈ꦱꦂꦠꦲꦁꦱꦭ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧈ꦒꦾꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ꧈ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦁꦏꦸꦲꦶꦁꦔꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀
꧄ꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦩꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤ꧀ꦚꦏꦼꦥꦶꦔꦶꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈ꦩꦂꦩꦏꦼꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦤꦸꦭꦾꦱꦶꦤꦸꦁꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦿꦶꦤꦫꦩꦱꦿꦶꦤꦫꦥꦠꦶ꧈ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦠꦮꦶꦗꦪ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦂꦰꦪꦾꦁꦔꦒꦸꦁ꧈ꦒꦂꦧꦶꦤ꧀ꦤꦶꦗꦼꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫ꧈ꦧꦧꦂꦗꦭꦸꦏꦁꦮꦂꦤꦏꦼꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦼꦏꦶꦏ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦼꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦾꦤ꧀ꦧꦼꦤꦮ꧈}}
꧅ꦥꦱ꧀ꦮꦭꦒꦶꦏꦭꦶꦱꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ ꦥꦸꦠꦿꦏꦭꦶꦃꦩꦺꦃꦱꦩꦾꦒꦁꦚ꧈ꦠꦤ꧀ꦥꦶꦱꦃꦱꦶꦪꦁꦢꦭꦸꦤꦤꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦭꦶꦂꦱꦮꦺꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦲꦸ꧈ꦏꦁꦗꦼꦁꦱꦸꦭꦠꦤꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦾꦱꦶꦃ꧈ꦩꦿꦶꦁꦱꦁꦱꦸꦠꦮꦶꦗꦪ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦼꦼꦤꦤꦔꦮꦔꦏꦔꦱꦠꦸꦱ꧀ ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦤꦶꦫꦩꦁꦏꦱꦩꦏꦁꦗꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤꦥꦤ꧀ꦱꦉꦁꦔꦩꦸꦟ꧀ꦣꦸꦠ꧀ꦱꦶꦮꦶ꧈
101<noinclude></noinclude>
q26rb9y7yi9l8ximawi36pzpcq69ys3
Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/63
250
14561
83197
83107
2026-11-09T04:04:56Z
Sygrayem
509
ꦏꦶꦮ
83197
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Sarah Arita" /></noinclude>{{Jawa|ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦶꦤꦸꦧꦸꦂ꧈ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦤꦸꦭꦾꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦔꦶꦧꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦣꦸꦩꦠꦼꦁꦠꦶꦁꦏꦶꦂ꧈ꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦱ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦂꦤ꧈
꧄ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈ꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦲꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦗꦼꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦠꦸꦂꦱꦤꦺꦱ꧀ꦏꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦊꦒꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦭꦶꦃ꧈ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦤꦗꦼꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦼꦩꦏ꧀ꦱꦺꦭꦏꦁꦮꦶꦤꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦫꦃꦲꦂꦗꦠꦫꦸꦧ꧀ꦱꦺꦭꦮꦸꦱ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦢꦢꦶꦱꦮꦶꦗꦶ꧈ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦮꦸꦱ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈
꧄ꦩꦥꦤ꧀ꦠꦶꦒꦏꦁꦗꦭꦸꦱꦮꦶꦗꦶ꧈ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ꧈ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤ꧀ꦤꦼꦫꦩꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦭꦮꦺꦲꦤ꧀ꦤꦶꦏꦶ꧈ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦏꦤ꧈ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈ꦲꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦼꦭꦮꦺꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦱꦺꦭꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦩꦲꦥꦼꦥꦸꦠꦿ꧈
꧄ꦗꦭꦸꦧꦒꦸꦱ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦲꦩꦿꦲꦠꦶ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁ꧈ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦩꦿꦶꦁꦱꦺꦭꦩꦁꦏꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦶꦤꦸꦁꦗꦸ}}
ꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦲꦏꦼꦁꦲꦶꦏꦶ꧈ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦤꦲꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦶꦃꦱꦔ꧀ꦮꦶꦏꦸ꧈ꦮꦲꦸꦒꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦔ꧀ꦮꦪꦃ꧈ꦥꦤ꧀ꦏꦸꦱꦶꦮꦩꦫꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧈ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁꦏꦔ꧀ꦮꦪꦃ꧈꧄ꦩꦂꦩꦤ꧀ꦤꦶꦫꦗꦶꦤꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦤꦃꦲꦤ꧀ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦺꦤ꧀ꦤ꧈ꦱꦥꦔꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦠꦾꦔ꧀ꦫꦶꦁ꧈ꦥꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦝꦺꦫꦺꦔꦾꦤꦔꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦟ꧀ꦝꦹꦠ꧀ꦮꦲꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦺꦭ꧈꧄ꦩꦥꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦚꦱꦶꦁꦒꦶꦃ꧈ꦏꦁꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪꦤꦩꦸꦂꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫ꧈<noinclude></noinclude>
jaslnxjlsh4i3lelj0t1cm37v16z4nj
83201
83197
2026-11-09T04:45:42Z
Sygrayem
509
/* Titiwaca */
83201
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Sygrayem" /></noinclude>{{Jawa|ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦶꦤꦸꦧꦸꦂ꧈ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦤꦸꦭꦾꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦔꦶꦧꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦣꦸꦩꦠꦼꦁꦠꦶꦁꦏꦶꦂ꧈ꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦱ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦂꦤ꧈
꧄ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈ꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦲꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦗꦼꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦠꦸꦂꦱꦤꦺꦱ꧀ꦏꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦊꦒꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦭꦶꦃ꧈ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦤꦗꦼꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦼꦩꦏ꧀ꦱꦺꦭꦏꦁꦮꦶꦤꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦫꦃꦲꦂꦗꦠꦫꦸꦧ꧀ꦱꦺꦭꦮꦸꦱ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦢꦢꦶꦱꦮꦶꦗꦶ꧈ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦮꦸꦱ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈
꧄ꦩꦥꦤ꧀ꦠꦶꦒꦏꦁꦗꦭꦸꦱꦮꦶꦗꦶ꧈ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ꧈ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤ꧀ꦤꦼꦫꦩꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦭꦮꦺꦲꦤ꧀ꦤꦶꦏꦶ꧈ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦏꦤ꧈ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈ꦲꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦼꦭꦮꦺꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦱꦺꦭꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦩꦲꦥꦼꦥꦸꦠꦿ꧈
꧄ꦗꦭꦸꦧꦒꦸꦱ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦲꦩꦿꦲꦠꦶ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁ꧈ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦩꦿꦶꦁꦱꦺꦭꦩꦁꦏꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦶꦤꦸꦁꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦏꦶ꧈ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦤꦃꦲꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦶꦃꦱꦁꦮꦶꦏꦸ꧈ꦮꦲꦸꦣꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧈ꦥꦤ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮꦩꦫꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧈ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦣꦠꦼꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧈
꧄ꦩꦂꦩꦤ꧀ꦤꦶꦫꦗꦶꦤꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦤꦃꦲꦤ꧀ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦱꦥꦔꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦠꦾꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈ꦥꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦱꦣꦺꦫꦺꦏ꧀ꦚꦤꦔꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦮꦲꦸꦣꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁ꧈ꦔꦶꦁꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦤꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦒꦶꦃ꧈ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦣꦠꦼꦁꦱꦺꦭ꧈
꧄ꦩꦥꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦚꦱꦶꦁꦒꦶꦃ꧈ꦏꦁꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪꦤꦩꦸꦂꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫ꧈ꦩꦁꦏꦤꦥꦤ꧀ꦤꦸꦗꦸꦩꦁꦏꦺꦴ꧈ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦉꦟ꧀ꦝꦼꦁꦲꦶꦏꦸ꧈ꦱꦁꦥꦟ꧀ꦝꦶꦠꦩꦥꦤ꧀ꦤꦺꦁꦱꦧꦶꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦮꦪꦃ꧈ꦏꦶꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦲꦤꦺꦁꦒꦸꦧꦸꦒ꧀ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦊꦁꦒꦤ꧈ꦱꦁꦥꦟ꧀ꦝꦶꦠꦲꦩꦼꦩꦕꦸꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦤꦺꦁꦱꦧꦶꦤ꧀ꦏꦁꦗꦮꦃꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦽꦱ꧀ꦚ꧈
꧄ꦱꦩꦾꦧꦸꦧꦂꦱꦒꦸꦁꦔꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦤꦺꦴꦫ}}<noinclude></noinclude>
i1oddr937hh4p1p6pexu3cwa3bky0z0
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/270
250
26663
83178
2026-11-08T15:45:37Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83178
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>
Dyan Riya gugup aturnya
"Kawula pun Natareja
yen pareng tur pamrayoga
Paduka yen tan lengsera
Sinuhun sing Lepen Soka.
86. Tan wände kinepang ika
lamun Paduka lengsera
tinututan dugi amba"
mesem Jeng Sultan ngandika
"Heh ta iya Natareja
yen melek netra manira
ingsun bali maning uga
mring Silarong banjel yuda."
87. Mangkana ingkang winarna
sareng injing samya prapta
Kangjeng Panembahan ika
lan Pangran Prabu anulya
tumingal dhateng kang putra
kincup kalih ingkang soca
Panembahan apan nulya
angrangkul sarwi karuna.
88. Apan sarwi angandika
"Dhuh nyawa ingsun tan nyana
lamun katemu ing sira"
Jeng Sultan ans ngandika
"Kiyai Tuwan kendela
kawula taksih waluya"
mangkana parmaning Suksma
watara ing kalih dina.
89. Jeng Sultan dhangan gerahnya
lan wadya wus samya prapta
mapan lajeng siniwaka
Panembahan munggeng ngarsa
atanapi Kyai Maja</poem><noinclude>{{rh|268}}</noinclude>
669ctl85jo3bv5hacy2zu41yr51m9wa
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/271
250
26664
83179
2026-11-08T15:48:01Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83179
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>
jajar Pangran Ngabei ka
lan Pangran Dipanagara
Pangran Prabu jajarira.
90. Pangeran Suryengalaga
tinimbalan datan prapta
mangkana rembagan nulya
Kangjeng Sultán ris ngandika
wau dhumateng kang rama
"Kiyai kajeng kawula
suwawi apan dum karya
sampeyan ingkang rumeksa.
91. Dhumateng rerepot samya
mrih sampun keron tyas kula
lawan paman Prabu ika
sadaya mangsa bodhowa"
Panembahan tan lenggana
nanging Pangran Prabu ika
tyasira gadhah sudira
pan sanget nggennya lenggana.
92. Apan remen ndherek yuda
Jeng Sultán nuruti ika
pan wus dadi rembagira
Kangjeng Panembahan nulya
pamitan dhateng kang putra
linilan salaman nulya
neng Gugulu repot samya
mapan wus datan winarna.
93. Kangjeng Sultán kawarnaa
anantun dhateng Ki Maja
lamun ingkang paman ika
tanapi kang pra pratiwa
prakawis tingkahing yuda
Pangran Ngabei aturnya
"Pan mangsah malih barisnya
</poem><noinclude>{{rh|||269}}</noinclude>
7zvldvbr0hvquyn1vxtk5hic6l4dhxo
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/272
250
26665
83180
2026-11-08T15:49:18Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83180
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>
Silarong Mangir punika.
94. Sumangga karsa Paduka"
Kangjeng Sultán angandika
kados punapa saenya
apan jing injing kawula
arsa manggut ing ngayuda
Pangeran Bei aturnya
kalawan Kiyai Maja
"Yen pareng karsa Narendra.
95. Kajawi sareng kewala
sinabet mengsah punika
mrih sampun ngereni yuda"
Kangjeng Sultán angandika
"Pundi kang ageng barisnya"
Pangran Ngabei turira
"Silarong warti punika
kawaji karsa Paduka.
96. Mas putu Dipanagara
lan Kangmas Prabu punika
ing Mangir dipun sabeta
prajurit kidul sadaya
punika den tidhihana
kajawi Jayanagara
wonten ing ngarsa Narendra"
sampun dados rembagira.
97. Injing nuli budhal samya
sumahab kang baia kuswa
marengi Senen kang dina
apan sareng budhalira
datan winarna ing marga
Jeng Sultán Silarong prapta
mengsah sepi datan ana
lajeng masanggrahan samya.
</poem><noinclude>{{rh|270}}</noinclude>
1d4cez3yj68dqkeaqsnbj40untqamun
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/273
250
26666
83181
2026-11-08T15:50:41Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83181
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>98. Gya ngukup Mas Lurah ika
kang layon tan mantra seda
pan kadya nendra kewala
lawan wetah kang sarira
tan wonten tilas warastra
sato tan purun celaka
gandanira kang sarira
arum lir garu candhana.
99. Kangjeng Sultan rasukannya.
kinarya ngurmati ika
kapanggih tengah bangkenya
sakehing kapir sadanya
dene kapir bangkenira
tinedha gagak lan sona
Jeng Sultan tan tahan ika
mámbet kapir bangkenira.
100. Mangkana wus tan winarna
ya ta ingkang kawacana
Pangeran Dipanagara
lan Pangeran Prabu ika
angsal pitulunging Suksma
dhadhal kapir barisira
kang wonten Mangir punika
mbesmeni samarga - marga.
101. Wus prapta Silarong ika
Pangeran Dipanagara
Jeng Pangran Prabu anulya
cundhuk Kangjeng Sultan ika
sampun katur samiskara
samana wus tan winarna
sareng injing mengsah prapta
saking Nagari Ngayogya.
102. Nging pinilih lampahira
Kangjeng Sultan nantun ika
</poem><noinclude>{{rh|||271}}</noinclude>
b5208jktcv3r0pujsqsuk63n45mzyfz
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/274
250
26667
83182
2026-11-08T16:34:43Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83182
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>dhumateng Kiyai Maja
lan Pangeran Ngabei ka
gya sami pinilih nulya
Pangeran Dipanagara
lan Pangeran Prabu ika
ingkang kinen nindhihana..
103. Ingkang sapalih punika
kalihnya matur sandika
sampun lengser saking ngarsa
kalawan sawadyanira
Bupati nenem punika
Pangalasan tindhihira
lajeng campuh ing ngayuda
tan wonten ingkang kuciwa.
104. Dene kang sapalihira
Rahaden Jayanagara
kang tinuding nindhihana
lawan Mas Mangun nagara
tiga Tuwan Sarip ika
Jeng Sultán lenggah kewala
aneng pakaranganira
ningali ingkang ngayuda.
105. Kalangkung ing ramenira
kapir kathah kang palastra
Islam pan lujeng sadaya
mangkana ingkang winarna
pan lagya ramening yuda
wonten wong lumajeng ika
apan ngaturi wuninga
mring Pangran Dipanagara.
106. "Gusti Jeng rama Paduka
sampun kaseser ngayuda"
kagyat Jeng Pangeran nulya
</poem><noinclude>{{rh|272}}</noinclude>
5did9fj9hgcqm19vuk4o449j15od3lc
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/275
250
26668
83183
2026-11-08T16:35:17Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83183
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ingunduraken kang wadya
lawan ngaturi wuninga
dhumateng kang eyang ika
Pangeran Prabu mangkana
apan amundur kewala.
107. Dadya samya kagetira
sampun bubrah tatanira
wus kesah ingkang wawarta
wadya tinaia tan kena
kang perlu mantuk sadaya
mring Jeng Sultan ngarsanira
Ki Maja atur uninga
punika putra Paduka.
108. Kados kaseser juritnya
sampun mundur saking ngrika
Jeng Sultan kalangkung marma
dhateng Dyan Jayanagara
kapir saya kathah prapta
lajeng kinen nimbalana
sadaya sabalanira
wus mundur dhumateng ngarga.
109. Lawan Kangjeng Sultan ika
pan prapta Karebet panggya
lan Pangran Dipanagara
pan sampun pepak sadaya
lawan kathah ingkang prapta
wadya kang nusul punika
inggih saking Lepen Soka.
Jeng Sultan kendel karsanya.
110. Apan lagya dhahar ika
kasaru mungsuh kang prapta
pan namung husar kewala
kedhik apan winatara
kawan dasa apan nulya
</poem><noinclude>{{rh|||273}}</noinclude>
17b6mkqypzagbzul8rma3ivc1kmuty2
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/276
250
26669
83184
2026-11-08T16:36:19Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83184
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>kinepung húsar punika
pan lajeng kendel kewala
datan saged yen kesaha.
111. Ri wusnya dumugi samya
nggenipun dhahar sadaya
Pangran Ngabehi aturnya
dhumateng Jeng Sri Narendra
Punapa tan sinabeda
inggih Walandi punika"
Kanjeng Sultán angandika
"Paman tanggel kalih nistha.
112. Walandi bingung punika
kedhik kalawane ika
suwawi lajeng kewala
mring Trucuk kajeng kawula"
Jeng Sultán nitih turangga
apan girismun punika
Githayu pinuju ika
mapan kinarung punika.
113. Sampun karsaning Suksma
pisah klentu marginira
ingkang húsar kawan dasa
saungkurira Sang Nata
pan lajeng ambujeng ika
mring wadya kang kantun ika
lan kancanya sampun prapta
pun Githayu kang winarna.
114. Binujung mring húsar nika
kalangkung dennya gambira
pan lajeng ucul sadaya
de saking karunganira
medhot pisah gamelira
lajeng kinepang kewala
pinasang dedamelira
</poem><noinclude>{{rh|274}}</noinclude>
ripplhnwxluoq6eiecyb53sa56rsb27
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/277
250
26670
83185
2026-11-08T16:37:24Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83185
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Githayu datan tumama.
115. Kapir katungkul sadaya
ayuda lawan turangga
dadya datan angsal janma
meh prapta ing Lepen Soka
Githayu kapeluh ika
pan lajeng palastranira
nanging ta pan angsal bela
Walandi sakawan ika.
116. Kang pejah neng sandhingira
mangkana wus tan winarna
ngalih pasanggrahanira
apan an eng Trucuk ika
kapir Mangir barisira
sadina - dina ayuda
pan dereng wonten kuciwa
mengsah wewah kathahira.
117. Repot giris manahira
saben dina myarsa yuda
dadya rembag ngalih samya
dhumateng Kulur sadaya
mangkana wus tan winarna
kawarnaa ingkang yuda
Jeng Sultan asring kuciwa
pan kongsi nyabrang Peraga.
1.18. Pan sampun ngalih punika.
Jeng Sultan pasanggrahannya
Jeng Pangeran Ngabei ka
umatur lawan Ki Maja
"Yen pareng karsa Narendra
prayogi kanca Bulkiya
punika tinimbalana
kinen methuk yudanira.
</poem><noinclude>{{rh|||275}}</noinclude>
ed26nf1ycrtt3wma9yum1513pdr15tw
83186
83185
2026-11-08T16:37:52Z
Empat Tilda
628
83186
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Githayu datan tumama.
115. Kapir katungkul sadaya
ayuda lawan turangga
dadya datan angsal janma
meh prapta ing Lepen Soka
Githayu kapeluh ika
pan lajeng palastranira
nanging ta pan angsal bela
Walandi sakawan ika.
116. Kang pejah neng sandhingira
mangkana wus tan winarna
ngalih pasanggrahanira
apan an eng Trucuk ika
kapir Mangir barisira
sadina - dina ayuda
pan dereng wonten kuciwa
mengsah wewah kathahira.
117. Repot giris manahira
saben dina myarsa yuda
dadya rembag ngalih samya
dhumateng Kulur sadaya
mangkana wus tan winarna
kawarnaa ingkang yuda
Jeng Sultan asring kuciwa
pan kongsi nyabrang Peraga.
{{sic|1.18.|118}} Pan sampun ngalih punika.
Jeng Sultan pasanggrahannya
Jeng Pangeran Ngabei ka
umatur lawan Ki Maja
"Yen pareng karsa Narendra
prayogi kanca Bulkiya
punika tinimbalana
kinen methuk yudanira.
</poem><noinclude>{{rh|||275}}</noinclude>
o0yf8zqhx6mvubvejgfr303ejcvsvmd
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/278
250
26671
83187
2026-11-08T16:38:44Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83187
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>119. Dhumateng kapir punika"
Kangjeng Sultán ris ngandika
"Mapan Kedu sir punapa
bilih kapir malih ngrebda
dadya awrat sanggenira"
Pangran Ngabei aturnya
"Tinantun kang Senapatya
kadugi tuwin botennya.
120. Rumeksa bawah punika
kalih sampun kathahira
dadalem Kedu sadaya
kados yen boten pepeka
rumeksa Kedu kewala
tinilar kanca Bulkiya
dugi kawula kuwawa
lan sampun rembang sadaya.
121. Sagunging kanca punika
kinarya pangirid yuda"
Jeng Sultán nurut turira
kang partan lawan Ki Maja
lajeng kinen nimbalana
gandhek kang lumampah sigra
gagancangan lampahira
datan winarna ing marga.
122. Ing Pasantren sampun prapta
gandhek panggih lan Bulkiya
Ki Ngusman Ki Basah ika
lajeng mepak Senapatya
ing Kedu pinara tiga
sakilen Ngelo punika
pan kalih Senapatiya
nenggih Pangran Natapraja.
123. Mapan kalawan kang raka
Mangkudiningrat punika
</poem><noinclude>{{rh|276}}</noinclude>
pixtck219kpn61ri7y4dcipvh1z26pj
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/279
250
26672
83188
2026-11-08T16:40:52Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83188
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>kang wonten Ngelo sadaya
Pangran Pakuningrat ika
tinantun samya kaduga
rumeksa Kedu sadaya
Ki Ngusman Ki Basah nulya
budhalan sakancanira.
124. Saking ing Pasantren ika
kang ngirid gandhek punika
datan winarna ing marga
mangkana pan sampun prapta
wus cundhuk Jeng Sultan samya
sagung prajurit Bulkiya
sampunira ngaras pada
lajeng pinasrahan karya.
125. Kapir Mangir barisira
dadya namung let Peraga
mengsah kapir lan Walanda
nulya pirembagan samya
yun nyabet mring kapir ika
sampun dados rembagira
Jeng Pangran Dipanagara
lawan ingkang eyang ika.
126. Kanthi prajurit Bulkiya
mapan kinen medal ika
ing Gugulu pangiridnya
Ki Muhamad Ngusman ika
Li Basah wus mangkat samya
saking ngarsaning Narendra
Rahaden Jayanagara
Raden Pangalasan ika.
127. Wus mangkat sakancanira
ingkang dadya tindhihira
Kangjeng Pangeran punika
</poem><noinclude>{{rh|||277}}</noinclude>
7go3jyxrk9qi8qssgq66r2pjtu31ggk
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/280
250
26673
83189
2026-11-08T16:42:08Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83189
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Ngabei lawan kang putra
Pangeran Jayakusuma
medal ing Cicilan ika
wus sami nabrang Peraga
lajeng campuh ing ngayuda.
128. Kalawan kapir punika
apan sami purunira
samana ingkang winarna
Pangeran Dipanagara
lawan Prajurit Bulkiya
sampun anabrang Peraga
nulya narambul ngayuda
wong kapir langkung bingungnya.
129. Dadya bubrah tatanira
mapan kathah kang palastra
wong Islam slamet sadaya
dadya kalindhih yudanya
kapir lumajeng sadaya
ngungsi dhateng ing Ngyogya
pan kekecer bangkenira
binujung samarga - marga.
130. Kenging kalih mariyemnya
apan wus atur uninga
dhumateng Jeng Sultan nulya
tedhak nyabrang ing Peraga
dhinerekken pra Ngulama
lajeng masanggrahan ika
aneng Sekar Ageng nulya
watara satengah candra.
131. Kapir tan medali yuda
angentosi bantunira
ingkang saking Surakarta
samana pan sampun prapta
sadaya Nagri Ngayogya
</poem><noinclude>{{rh|278}}</noinclude>
hys3d39igs3q0h606ikhev3lpaa6v0k
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/281
250
26674
83190
2026-11-08T16:47:42Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
83190
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Henengena kang winarna.
ing Sekar Agung punika
apan pepak pra Ngulama.
132. Marengi Mulud wulannya
dalu sagung pra Ngulama
kalawan wadya Bulkiya
samya salawatan ika
Syeh Ngabdul Raup ngandika
ngulami ageng punika
"Heh ta kanca sapa iya
nedya marga kang utama.
133. P'an iki kapareng uga
Kangjeng Rasul babarira
pan lawan mapdi lan padha
mung geseh tahun kewala
kalamun sabil utama
sabab tabek Nabinira
dadya rembug golong samya
tan ana kumambang driya.
</poem><noinclude>{{rh|||279}}</noinclude>
pvmrf853tcz9yxu38azh6owcmxzxtac
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/14
250
26675
83191
2026-11-09T02:39:53Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83191
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>poenapa déné Nabinipun. Inggih sanadyan jektosa pisan bilih pepoenḍènipoen poenika bangkit toer bangsaning ngaloehoer, nanging paédahipoen poenapa toemrap piyambakipoen, manawi piyambakipoen boten saged nglampahi kados leloehoeripun waoe. Para loehoer Djawi saèstoenipun kaṭah ingkang moempoeni ḍateng kawroeh Kasoekman, sarta sampoen angregem (anggajoeh) ḍateng ''Kesoesilan Batos'', oepaminipun raos bekti toewin panalangsa ḍateng Pangeran, tansah ngawasaken ḍateng awon saéning tindak salebeting batosipun pijambak. Mekaten poenika ingkang nama ''Sadjatosing kasoesilan''. Ananging toemrapipoen para anèm ingkang goemoenggoeng dèrèng padja-padja anggajoeh ḍateng sadjatosing kesoesilan (kesoesilan batos). Sampoen malih ingkang nggajoeh, sasrawoengan kémawon ..... dèrèng. Déné katitikipoen bilih dèrèng srawoengan (dèrèng naté ngraosaken) ḍateng sadjatosing tatakrami, inggih poenika ..... anggènipoen goemoenggoeng. Ing mangka raosipoen tijang ingkang goemoenggoeng ''boten panggih-pinanggih'' kalijan atining tatakrami (Kasoesilan batos). Menggah atining tatakrami poenika agem-agemaning para loehoer, inggih oegi ingkang kawoelangaken déning agami soetji.
8.
{{Jawa|꧅ ꦱꦺꦴꦕꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒꦤꦶꦫ꧈(8) ꦗꦼꦂꦏꦠꦫꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦱꦺꦴꦂꦏꦸꦢꦸꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ ꦱꦸꦩꦼꦔꦃꦱꦼꦱꦺꦴꦔꦂꦫꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦏꦠꦸꦏꦸꦭ꧀꧈ ꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦤꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧉ ꧅}}
Sotyaning djiwangganira, djer katara lamoen potjapan pasti, loemoeh asor koedoe oenggoel, soemengah sesongaran. Jèn mangkono kena ingaran katoengkoel, karem ing rèh kaprawiran ; nora énak ikoe kaki.
(8) Sotya = tjiri = tjatjad. Djiwangga = Djiwa kalijan anggo, Soemengah = gumedhé. Sesongaran = mamèraken kalangkunganipun. Ketoengkoel = karem lan kèrem. Kerem ing rèh kaprawiran = djoebrija, ngegoengaken sarira, temahan ngatingalaken kelangkoenganipoen.<noinclude></noinclude>
75bnq22291nwen3lzwtrgwb7usf3qge
83192
83191
2026-11-09T02:45:01Z
Thersetya2021
125
83192
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>poenapa déné Nabinipoen. Inggih sanadyan jektosa pisan bilih pepoenḍènipoen poenika bangkit toer bangsaning ngaloehoer, nanging paédahipoen poenapa toemrap piyambakipoen, manawi piyambakipoen boten saged nglampahi kados leloehoeripoen waoe. Para loehoer Djawi saèstoenipoen kaṭah ingkang moempoeni ḍateng kawroeh Kasoekman, sarta sampoen angregem (anggajoeh) ḍateng ''Kesoesilan Batos'', oepaminipoen : Raos bekti toewin panalangsa ḍateng Pangeran, tansah ngawasaken ḍateng awon saéning tindak salebeting batosipoen pijambak. Mekaten poenika ingkang nama ''Sadjatosing kasoesilan''. Ananging toemrapipoen para anèm ingkang goemoenggoeng dèrèng padja-padja anggajoeh ḍateng sadjatosing kesoesilan (kesoesilan batos). Sampoen malih ingkang nggajoeh, sasrawoengan kémawon ..... dèrèng. Déné katitikipoen bilih dèrèng srawoengan (dèrèng naté ngraosaken) ḍateng sadjatosing tatakrami, inggih poenika ..... anggènipoen goemoenggoeng. Ing mangka raosipoen tijang ingkang goemoenggoeng ''boten panggih-pinanggih'' kalijan atining tatakrami (Kasoesilan batos). Menggah atining tatakrami poenika agem-agemaning para loehoer, inggih oegi ingkang kawoelangaken déning agami soetji.
8.
{{Jawa|꧅ ꦱꦺꦴꦕꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒꦤꦶꦫ꧈(8) ꦗꦼꦂꦏꦠꦫꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦱꦺꦴꦂꦏꦸꦢꦸꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ ꦱꦸꦩꦼꦔꦃꦱꦼꦱꦺꦴꦔꦂꦫꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦏꦠꦸꦏꦸꦭ꧀꧈ ꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦤꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧉ ꧅}}
Sotyaning djiwangganira, djer katara lamoen potjapan pasti, loemoeh asor koedoe oenggoel, soemengah sesongaran. Jèn mangkono kena ingaran katoengkoel, karem ing rèh kaprawiran ; nora énak ikoe kaki.
(8) Sotya = tjiri = tjatjad. Djiwangga = Djiwa kalijan anggo, Soemengah = gumedhé. Sesongaran = mamèraken kalangkunganipun. Ketoengkoel = karem lan kèrem. Kerem ing rèh kaprawiran = djoebrija, ngegoengaken sarira, temahan ngatingalaken kelangkoenganipoen.<noinclude></noinclude>
0zsoq03ruk1dyk297shwawv45olo0nx
83193
83192
2026-11-09T02:48:07Z
Thersetya2021
125
83193
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>poenapa déné Nabinipoen. Inggih sanadyan jektosa pisan bilih pepoenḍènipoen poenika bangkit toer bangsaning ngaloehoer, nanging paédahipoen poenapa toemrap piyambakipoen, manawi piyambakipoen boten saged nglampahi kados leloehoeripoen waoe. Para loehoer Djawi saèstoenipoen kaṭah ingkang moempoeni ḍateng kawroeh Kasoekman, sarta sampoen angregem (anggajoeh) ḍateng ''Kesoesilan Batos'', oepaminipoen : Raos bekti toewin panalangsa ḍateng Pangeran, tansah ngawasaken ḍateng awon saéning tindak salebeting batosipoen pijambak. Mekaten poenika ingkang nama ''Sadjatosing kasoesilan''. Ananging toemrapipoen para anèm ingkang goemoenggoeng dèrèng padja-padja anggajoeh ḍateng sadjatosing kesoesilan (kesoesilan batos). Sampoen malih ingkang nggajoeh, sasrawoengan kémawon ..... dèrèng. Déné katitikipoen bilih dèrèng srawoengan (dèrèng naté ngraosaken) ḍateng sadjatosing tatakrami, inggih poenika ..... anggènipoen goemoenggoeng. Ing mangka raosipoen tijang ingkang goemoenggoeng ''boten panggih-pinanggih'' kalijan atining tatakrami (Kasoesilan batos). Menggah atining tatakrami poenika agem-agemaning para loehoer, inggih oegi ingkang kawoelangaken déning agami soetji.
8.
{{Jawa|꧅ ꦱꦺꦴꦕꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒꦤꦶꦫ꧈(8) ꦗꦼꦂꦏꦠꦫꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦱꦺꦴꦂꦏꦸꦢꦸꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ ꦱꦸꦩꦼꦔꦃꦱꦼꦱꦺꦴꦔꦂꦫꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦏꦠꦸꦏꦸꦭ꧀꧈ ꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦤꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧉ ꧅}}
Sotyaning djiwangganira, djer katara lamoen potjapan pasti, loemoeh asor koedoe oenggoel, soemengah sesongaran. Jèn mangkono kena ingaran katoengkoel, karem ing rèh kaprawiran ; nora énak ikoe kaki.
(8) Sotya = tjiri = tjatjad. Djiwangga = Djiwa kalijan anggo, Soemengah = gumedhé. Sesongaran = mamèraken kalangkunganipoen. Ketoengkoel = karem lan kèrem. Kerem ing rèh kaprawiran = djoebrija, ngegoengaken sarira, temahan ngatingalaken kelangkoenganipoen.<noinclude></noinclude>
fif8uto0syog031kg92hhpreu9neihi
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/15
250
26676
83194
2026-11-09T03:13:59Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83194
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Tjatjading wawatekaning tijang poenika saged katitik wonten ing nétya, pasemon, solah, ginem lagoening swara sp. Poenika pratanḍa bilih ing Djiwangganipoen teksih wonten tjiri (tjatjad), ingkang ladjeng dados panitikan bilih dèrèng njarawoeng (ngraos ḍateng sadjatosing kasoesilan). Patitikipoen bilih dèrèng njarawoeng kalijan atining tata krami, inggih poenika remen bantah, loemoeh kasoran. Ingkang ḍasar gaḍah kalangkoengan inggih ngatingalaken kalangkoenganipoen, kados ta kawaspadanipoen, kasektènipoen toewin sanès-sanèsipoen bangsaning daja aloes. Ingkang makaten poenika sadjatosipoen malah kosok-wangsoel kalijan ''Kasoesilan ḍateng Pangéran'' (Bakti), djer ing ngrikon angen-angenipoen sadjak madeg dados Pangéran, mangérani djagadipoen doepèh mengkoni pantjadrijanipoen. Ingrikoe angen-angen ladjeng ngaken Pangéran. (Ing pawajangan kagambar Baṭara Goeroe). Kamareman ingkang makaten poenika boten mitadosi boten adamel katentreman ingkang langgeng. Toemrapipoen ingkang bekti ḍateng Kasoenjatan, inggih boten sakètja (ora énak).
9.
{{Jawa|꧅ ꦏꦼꦏꦼꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦫꦁ꧈(9) ꦏꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦒꦆꦧ꧀ ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦫꦺꦃꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦠꦤ꧀ꦫꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦱꦢ꧀ ꦲꦩꦸꦁꦲꦤꦺꦁꦱꦗꦧꦤꦶꦁꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦧꦪ꧈ ꦲꦸꦧꦪꦤꦺꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ꧉꧅}}
Kekerané ngèlmoe karang, kakarangan saking bangsaning gaib, ikoe borèh paminipoen, lan roemasoek ing djasad, amoeng anèng sadjabaning daging koeloep. Jèn kapengkok pantjabaja, oebajané mbaléndjani.
(9) Kekeran = sorogan. Ngèlmoe karang = ngèlmoe sikir. Kekarangan = dapoekan = rakitan. Gaib = ingkang boten kasat mripat. Kapengkok ing pantjabaja = manggih pakéwed dadakan. Oebajané balendjani = dajanipoen tjabar (boten mitadosi).<noinclude></noinclude>
n2f8q8nvwj0fqj3r52gajyuhebb6odi
83200
83194
2026-11-09T04:28:31Z
Thersetya2021
125
83200
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Tjatjading wawatekaning tijang poenika saged katitik wonten ing nétya, pasemon, solah, ginem lagoening swara sp. Poenika pratanḍa bilih ing Djiwangganipoen teksih wonten tjiri (tjatjad), ingkang ladjeng dados panitikan bilih dèrèng njarawoeng (ngraos ḍateng sadjatosing kasoesilan). Patitikipoen bilih dèrèng njarawoeng kalijan atining tata krami, inggih poenika remen bantah, loemoeh kasoran. Ingkang ḍasar gaḍah kalangkoengan inggih ngatingalaken kalangkoenganipoen, kados ta kawaspadanipoen, kasektènipoen toewin sanès-sanèsipoen bangsaning daja aloes. Ingkang makaten poenika sadjatosipoen malah kosok-wangsoel kalijan ''Kasoesilan ḍateng Pangéran'' (Bakti), djer ing ngrikoe angen-angenipoen sadjak madeg dados Pangéran, mangérani djagadipoen doepèh mengkoni pantjadrijanipoen. Ingrikoe angen-angen ladjeng ngaken Pangéran. (Ing pawajangan kagambar Baṭara Goeroe). Kamareman ingkang makaten poenika boten mitadosi boten adamel katentreman ingkang langgeng. Toemrapipoen ingkang bekti ḍateng Kasoenjatan, inggih boten sakètja (ora énak).
9.
{{Jawa|꧅ ꦏꦼꦏꦼꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦫꦁ꧈(9) ꦏꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦒꦆꦧ꧀ ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦫꦺꦃꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦠꦤ꧀ꦫꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦱꦢ꧀ ꦲꦩꦸꦁꦲꦤꦺꦁꦱꦗꦧꦤꦶꦁꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦧꦪ꧈ ꦲꦸꦧꦪꦤꦺꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ꧉꧅}}
Kekerané ngèlmoe karang, kakarangan saking bangsaning gaib, ikoe borèh paminipoen, lan roemasoek ing djasad, amoeng anèng sadjabaning daging koeloep. Jèn kapengkok pantjabaja, oebajané mbaléndjani.
(9) Kekeran = sorogan. Ngèlmoe karang = ngèlmoe sikir. Kekarangan = dapoekan = rakitan. Gaib = ingkang boten kasat mripat. Kapengkok ing pantjabaja = manggih pakéwed dadakan. Oebajané balendjani = dajanipoen tjabar (boten mitadosi).<noinclude></noinclude>
e3kx6tp5e210mibvvs1fvw41znpxiou
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/16
250
26677
83195
2026-11-09T03:37:22Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83195
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Pramila boten sakétja (boten andajani ḍateng katentreman), awit poenika namoeng ''ngèlmi karang'' (ngèlmi sorogan). Menggah kadigdajan, kanoeragan sapanoenggilanipoen, poenika soroganipoen (oenderanipoen) rerangkèn saking daja aloes. Dapoekan saking kakijataning badan-badan aloes moedjoedaken kadigdajan. Tarkaḍang saking dajaning seḍèrèk sekawan, terkaḍang saking pitoeloenganing bangsa aloes sanèsipoen. Kakijatanipoen ingkang makaten poenika boten saged langgeng, kènging kaoepamèkaken namoeng kados borèh. Borèh poenika namoeng wonten sadjawining koelit. Liripoen: ngèlmi karang poenika boten andajani kasantosan langgeng. Pramila boten mitadosi; boten antawis lami saged tjabar. Terkaḍang dipoen tjabaraken déning sanès, tarkaḍang tjabar déning pratingkahipoen pijambak déning nerak angger-anggering Leres (nerak angger-anggering Kasoetjian).
10.
{{Jawa|꧅ ꦩꦂꦩꦲꦶꦁꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱ꧈(10) ꦧꦧꦱꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦠꦾꦱ꧀ꦧꦱꦸꦏꦶ꧈ ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦲꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀ ꦭꦤ꧀ꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦁꦒꦤꦶꦫ꧈ ꦲꦤꦲꦸꦒꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦸꦒꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦥꦿꦧꦸꦤ꧀ ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦏꦁꦏꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ꧉꧅}}
Marma ing sabisa-bisa, babasané moeriha tyas basoeki; poeroeitaa kang patoet, lan traping angganira. Ana oega angger oegering kapraboen, aben-aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.
Djalaran saking poenika ingkang preloe kaoedi, poenika: ''ngèlmoe wiloedjeng''. Liripoen: Tèkadipoen ngoedi kaaloesan poenika sengsema ḍateng Boedi Rahajoe. Soekoer bagé: moedji
(10) Marma = moelané. Tyas basoeki = ati slamet. Poeroeita = magoeroe. Poeroeita kang patoet = magoeroe roemeksaning gesang (boten anggegoeroe kadigdajan) = magoeroe matrapaken badanipoen (b. pamikir b. pangraos manah toewin b. wadag). Angger oegering kapraboen = wawatoné sipat Kapangéranan toewin wawaton panembahing badan-badan dateng Pangéran.<noinclude></noinclude>
iz8zc8grh3atwbo0fu11n0jv1hg4k7m
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/17
250
26678
83196
2026-11-09T03:49:07Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83196
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>rahajoening djagad. Dajaning boedi rahajoe poenika adamel rahajoening Djiwa raga sarta saged njawabi tetijang ing sakiwa tengenipoen. Pramila manawi soemedja poeroeita, inggih boten megoeroe kadigdajan ananging poeroeita angger-anggering rahajoe, moerih saged roemeksa ing gesangipoen. Antjasing poeroeita soemedja mangretos ''„kados pundi”'' patraping badanipoen (badan aloes lan b. kasar toemrap ing Djiwanipoen). Djiwaning manoengsa poenika ingkang kedah kaenoet sapangrèhipoen. Angger-anggering panembah ḍateng Goesti poenika inggih wonten. Inggih „angger-angger” poenika ingkang preloe dipoen goerokaken. Manawi sampoen ngretos dateng angger-anggering gesang ladjeng kanggé ing salami-laminipoen (éndjing sonten, sijang daloe) boten mawi watesan. Terangipoen: boten mawi katemtoean, kadosta 40 dinten 100 dinten oetawi semanten taoen.
11.
{{Jawa|꧅ ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦼꦤ꧈(11) ꦩꦫꦁꦥꦫꦱꦂꦗꦤꦶꦏꦁꦩꦂꦠꦥꦶ꧈ ꦩꦿꦶꦁꦠꦥꦏ꧀ꦏꦶꦁꦠꦼꦥꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ ꦏꦮꦮꦤꦲꦼꦤ꧀ꦲꦮ꧈ ꦮꦿꦸꦃꦲꦤꦶꦫꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦱꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸ꧈ ꦠꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺꦁꦗꦤ꧀ꦩꦮꦽꦢ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦸꦣꦱꦸꦢꦿꦏꦏꦶ꧉꧅}}
Ikoe kaki takokena, marang para sardjana kang martapi, mring tapaking tepa toeloes, kawawa nahen hawa. Wroehanira moenggoeh sanjataning ngèlmoe, faa mesṭi nèng djanma wreda, toewin moeḍa soedra kaki.
Wawaton panembah ḍateng Pangéran poenika ingkang preloe dipoen soewoenaken kateranganipoen ḍateng para sardjana ingkang gentoer kasoetapanipoen. Inggih poenika ingkang
(11) Takokena = njoewoena piwoelang. Sardjana = tijang terang ing Boedi. Martapi = ngerèh dateng angen-angen tuwin napsoenipoen = oelah semadi = ngegoengaken dajaning Djiwanipoen kanti neloekaken badan-badanipoen. Tapak = patilasan. Tepa = toeladan = paseksèn. Toeloes = lasṭantoen (lana). Wreda = sepoeh. Moeda = enèm.<noinclude></noinclude>
ornhblbnogap5k7gei01txmdmllhs4o
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/18
250
26679
83198
2026-11-09T04:17:59Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83198
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Saged masésa badan-badanipoen (kasar-aloes) karoentoetaken kalijan angger-anggering gesang. Poenika ingkang netepi tapa ingkang leres, oetawi tapa ingkang ''tanpa peḍot'', boten mawi wangenan, ingkang njata: wonten patilasanipoen lestantoen. Liring lestantoen: boten njalèwèng noeroeti kadjenging angen-angen (goemeḍé) toewin kadjenging nafsoe (pakareman). Dados tetep koewawi njanḍet hawa nafsoe. Menggah tapak oetawi patilasanipoen sardjana ingkang makaten ateges panitikan bilih kawroehipoen sampoen njata, kaboekti wonten ing mentesing pangandika, rahajoening beboedèn, gesanging oedjwala, pasadjaning solah bawa, saéning padatan poenapa déné anggènipoen saged andajani ''karahajon'' toewin ''kasoetjian'' ḍateng wewengkonipoen. Menggah saèstunipoen soedjanma ingkang makaten boten dinoemèh sampoen sepoeh raganipoen. Terkaḍang saged oegi ingkang taksih timoer. Kadjawi poenika, boten doepèh loehoer pangkatipoen; saged oegi tijang alit, ingkang boten gaḍah pangkat.
12.
{{Jawa|꧅ ꦱꦥꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦃꦪꦸꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈(12) ꦒꦾꦢꦸꦩꦶꦭꦃꦩꦔꦸꦭꦃꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦩꦶꦏꦠ꧀ꦫꦺꦃꦩꦔꦸꦏꦸꦠ꧀ ꦏꦸꦏꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒ꧈ ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈ ꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦱꦼꦥꦶꦲꦮ꧈ ꦲꦮꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦔꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈꧅}}
Sapa ntoek wahjoening Allah, gya doemilah mangoelah ngèlmoe bangkit, bangkit mikat rèh mangoekoet, koekoetaning Djiwangga. Jèn mangkono kena sineboet wong sepoeh, liring sepoeh sepi hawa, awas roroning ngatoenggil.
(12) Wahjoening Allah = Sihing Allah. Doemilah = padang. Bangkit mangoelah ngilmoe = bahoed nata toewin ngrakit kahaloesanipoen. Bangkit mikat = saged narik. Bangkit ing rèh mangoekoet = boten djigoeh anggèning mapanaken raosipoen pijambak dateng telenging Batos. Koekoetaning Djiwangga = pangiroeping daja kekijatan ing badan aloes toewin badan kasar .... dateng .... ingkang Mengkoe.<noinclude></noinclude>
omr331mhghmd9jgxsizow6nrb7b8cmk
83199
83198
2026-11-09T04:19:13Z
Thersetya2021
125
83199
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>saged masésa badan-badanipoen (kasar-aloes) karoentoetaken kalijan angger-anggering gesang. Poenika ingkang netepi tapa ingkang leres, oetawi tapa ingkang ''tanpa peḍot'', boten mawi wangenan, ingkang njata: wonten patilasanipoen lestantoen. Liring lestantoen: boten njalèwèng noeroeti kadjenging angen-angen (goemeḍé) toewin kadjenging nafsoe (pakareman). Dados tetep koewawi njanḍet hawa nafsoe. Menggah tapak oetawi patilasanipoen sardjana ingkang makaten ateges panitikan bilih kawroehipoen sampoen njata, kaboekti wonten ing mentesing pangandika, rahajoening beboedèn, gesanging oedjwala, pasadjaning solah bawa, saéning padatan poenapa déné anggènipoen saged andajani ''karahajon'' toewin ''kasoetjian'' ḍateng wewengkonipoen. Menggah saèstunipoen soedjanma ingkang makaten boten dinoemèh sampoen sepoeh raganipoen. Terkaḍang saged oegi ingkang taksih timoer. Kadjawi poenika, boten doepèh loehoer pangkatipoen; saged oegi tijang alit, ingkang boten gaḍah pangkat.
12.
{{Jawa|꧅ ꦱꦥꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦃꦪꦸꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈(12) ꦒꦾꦢꦸꦩꦶꦭꦃꦩꦔꦸꦭꦃꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦩꦶꦏꦠ꧀ꦫꦺꦃꦩꦔꦸꦏꦸꦠ꧀ ꦏꦸꦏꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒ꧈ ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈ ꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦱꦼꦥꦶꦲꦮ꧈ ꦲꦮꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦔꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈꧅}}
Sapa ntoek wahjoening Allah, gya doemilah mangoelah ngèlmoe bangkit, bangkit mikat rèh mangoekoet, koekoetaning Djiwangga. Jèn mangkono kena sineboet wong sepoeh, liring sepoeh sepi hawa, awas roroning ngatoenggil.
(12) Wahjoening Allah = Sihing Allah. Doemilah = padang. Bangkit mangoelah ngilmoe = bahoed nata toewin ngrakit kahaloesanipoen. Bangkit mikat = saged narik. Bangkit ing rèh mangoekoet = boten djigoeh anggèning mapanaken raosipoen pijambak dateng telenging Batos. Koekoetaning Djiwangga = pangiroeping daja kekijatan ing badan aloes toewin badan kasar .... dateng .... ingkang Mengkoe.<noinclude></noinclude>
l816gzx2kpd68oihw549h3baolk582t
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/19
250
26680
83202
2026-11-09T04:53:19Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83202
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Sinten ingkang tinarboeka sanadjan dèrèng sepoeh raganipoen, sanadjan tijanga soedra. Raosipoen paḍang sarta wening, ingrikoe saged kadjengipoen pijambak (boten sarana kawoelang) ḍateng patrap pangrakiting raos-pangraos doemoegi ing dadosipoen. Mangretos saking kadjengipoen pijambak ḍateng panataning pantjadrija, moerih boten toempang soeh. ''Saged'' poenika amargi ''katoentoen déning raosipoen pijambak''. Raosipoen pijambak ingkang noentoen waoe sajektosipoen daja kekijatan saking Pangéran (Pribadinipoen = Djiwanipoen). Kasagedan ingkang makaten poenika anggènipoen nindakaken samangsa-mangsa ing nalika semadi. Selebeting semadi njoepèkaken raosing pantjadrijanipoen (raosing pantjadrija boten dipun opèni,) déning mindeng meleng toemoedjoe ḍateng Pribadinipoen, ngantos raosing pantjadrija ''boten wonten''. Poenika katemboengaken „ngoekoed” pantjadrija. Pramila katemboengaken ''ngoekoed'' (boten njirnakaken), amargi boten ''kètjalan'' pantjadrija. Liripoen: pantjadrija namoeng kèndel boten makarti. Déné sababipoen boten makarti, amargi daja kekijataning Gesang ingkang soewaoe anggesangi (makartèkaken pantjadrija, ing wekdal poenika boten makartèkaken pantjadrija, djalaran ngempal wonten raos Kasoekman. Manawi daja Gesang ingkang nggesangi pantjadrija waoe sampoen ngempal wonten ''ingkang mengkoni pantjadrija (angen-angen ingkang sampoen aloes,'') saking ngrikoe kakempalaken malih ḍateng ''ingkang mengkoe'' saliring raos-pangraos. Makaten poenika katemboengaken „Koekoetaning Djiwangga”. Tijang ingkang sampoen saged makaten kawastanan neteni sadjatosing sepoeh. Ingkang sepoeh: Djiwanipoen. Tanḍa jektinipoen bilih Djiwanipoen sampoen sepoeh, inggih poenika anggènipoen ageng dajanipoen, saged neloekaken dajaning angen-angen, pangraos (nafsoe) toewin pantjadrija ''itjal'' oetawi ''pedjah'', nanging .... pakartinipoen manoet pangrèhing Djiwa, boten nganggé kadjengipoen pijambak. Tijang ingkang sampoen saged makaten saèstoe sampoen saged milah - milah ing noenggil - misahipoen ''angen-angenipoen'' kalijan Djiwanipoen. Kalih warni waoe ing ingkang poendi ingkang nama „Pijambakipoen”. Manawi sampoen terang ḍateng pepilahan kalih warni waoe, liripoen saged ngraosaken kanṭi kaaloesaning Raos, saged waspaos kanṭi paningal<noinclude></noinclude>
8rwmijles554bbiqbsvtmvx0ima3qs5
83204
83202
2026-11-09T05:04:18Z
Thersetya2021
125
83204
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Sinten ingkang tinarboeka sanadjan dèrèng sepoeh raganipoen, sanadjan tijanga soedra. Raosipoen paḍang sarta wening, ingrikoe saged kadjengipoen pijambak (boten sarana kawoelang) ḍateng patrap pangrakiting raos-pangraos doemoegi ing dadosipoen. Mangretos saking kadjengipoen pijambak ḍateng panataning pantjadrija, moerih boten toempang soeh. ''Saged'' poenika amargi ''katoentoen déning raosipoen pijambak''. Raosipoen pijambak ingkang noentoen waoe sajektosipoen daja kekijatan saking Pangéran (Pribadinipoen = Djiwanipoen). Kasagedan ingkang makaten poenika anggènipoen nindakaken samangsa-mangsa ing nalika semadi. Selebeting semadi njoepèkaken raosing pantjadrijanipoen (raosing pantjadrija boten dipun opèni,) déning mindeng meleng toemoedjoe ḍateng Pribadinipoen, ngantos raosing pantjadrija ''boten wonten''. Poenika katemboengaken „ngoekoed” pantjadrija. Pramila katemboengaken ''ngoekoed'' (boten njirnakaken), amargi boten ''kètjalan'' pantjadrija. Liripoen: pantjadrija namoeng kèndel boten makarti. Déné sababipoen boten makarti, amargi daja kekijataning Gesang ingkang soewaoe anggesangi (makartèkaken) pantjadrija, ing wekdal poenika boten makartèkaken pantjadrija, djalaran ngempal wonten raos Kasoekman. Manawi daja Gesang ingkang nggesangi pantjadrija waoe sampoen ngempal wonten ''ingkang mengkoni pantjadrija (angen-angen ingkang sampoen aloes,'') saking ngrikoe kakempalaken malih ḍateng ''ingkang mengkoe'' saliring raos-pangraos. Makaten poenika katemboengaken „Koekoetaning Djiwangga”. Tijang ingkang sampoen saged makaten kawastanan neteni sadjatosing sepoeh. Ingkang sepoeh: Djiwanipoen. Tanḍa jektinipoen bilih Djiwanipoen sampoen sepoeh, inggih poenika anggènipoen ageng dajanipoen, saged neloekaken dajaning angen-angen, pangraos (nafsoe) toewin pantjadrija ''itjal'' oetawi ''pedjah'', nanging .... pakartinipoen manoet pangrèhing Djiwa, boten nganggé kadjengipoen pijambak. Tijang ingkang sampoen saged makaten saèstoe sampoen saged milah - milah ing noenggil - misahipoen ''angen-angenipoen'' kalijan Djiwanipoen. Kalih warni waoe ing ingkang poendi ingkang nama „Pijambakipoen”. Manawi sampoen terang ḍateng pepilahan kalih warni waoe, liripoen saged ngraosaken kanṭi kaaloesaning Raos, saged waspaos kanṭi paningal<noinclude></noinclude>
3lp8acnr0fump4e84lvqvix6dbm0z1t
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/20
250
26681
83205
2026-11-09T06:21:33Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83205
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>batos poenapa déné boten djigoeh ḍateng pangrakit toewin pangoekoedipun, poenika katemboengaken „Awas roroning ngatoenggil”.
13.
{{Jawa|꧄ ꦠꦤ꧀ꦱꦩꦂꦥꦩꦺꦴꦂꦫꦶꦁꦯꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈(13) ꦱꦶꦤꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦪꦮꦶꦤ꧀ꦤꦲꦾꦲꦶꦁꦔꦱꦼꦥꦶ꧈ ꦱꦶꦤꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦮꦫꦤ꧈ ꦠꦂꦭꦺꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦶꦪꦼꦥ꧀ꦭꦪꦥ꧀ꦲꦶꦁꦔꦭꦸꦪꦸꦥ꧀ ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦥꦼꦱꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦸꦥꦼꦤ꧈ ꦱꦸꦩꦸꦱꦸꦥ꧀ꦥꦶꦁꦫꦱꦗꦠꦶ꧉꧄}}
Tan Samar pamoring Soekma, sinoekma ja winahja ing ngasepi, sinimpen telenging kalboe. Pamboekaning waana, tarlèn saking lijep lajaping ngaloejoep, pinda pesating soepena, soemoesoeping rasa djati.
Awas (boten samar) poenika boten amoeng toemrap ''pepilahipoen'' kèmawon, oegi toemrap ''panoenggilipoen''. Tegesipoen awas oetawi boten samar poenika boten namoeng tjeṭaning tingal, kèmawon, nanging oegi kapètang dalah ''kanḍasing Raos'', poenapa déné ''teranging pangretos''. Tetiga poenika ― tjeṭaning tingal, kanḍasing Raos, teranging Pangretos ― ingkang gegoeletan dados satoenggal kawastanan PRAMANA, tegesipoen: terang saterang-terangipoen toemrap ''tingal, raos'' sarta ''pangretos''. Dados, soedjalma ingkang saged makaten inggih sampoen tamtoe ''Pramana'' toemrap pepilahan kalih inginggil waoe. Soedjanma ingkang makaten boten samar (Pramana
(13) Tan samar = boten kelintoe, boten bingoeng, boten semang = ngretos terang. Pamoring Soekma = saged ngraosaken kanti tjeta bilih pijambakipoen Soekma (boten namoeng panganggep). Sinoeksmaja = binesoet = sinaring. Ingasepi = sirnaning panggagas (pangangen-angen). Telenging kalboe = telenging batos. Pamboekaning warana = pamijaking aling-aling. Tarlèn = boten sanès (boten ndjawi). Lijep = setengah merem. Lajap = setengah ènget. Loejoep = ing salebeting soepé sakedap. Soemoesoep ing Rasa djati = mandjing ing Raos Djati = loeloeh ing Raos Djati.<noinclude></noinclude>
te2l3ktlw7xzrbmiuwcmx4u4w599lyt
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/21
250
26682
83206
2026-11-09T06:40:01Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83206
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>ḍateng .... ''Pramana''-nipoen pijambak. Pijambakipoen ladjeng ngraos dados Sang Pramana, amargi sampoen pramana. Ingkang makaten poenika asring katemboengaken sampoen saged adjoemenengaken Pramana-nipoen. Oetawi katemboengaken sampoen noenggil kalijan Hjang Pramana. Menggah sagedipoen kaleksanan poenika boten sanès namoeng bilih anggènipoen semadi saged kèndel sajektos. Boten namoeng kèndeling badan wadag, oegi kèndeling angen-angen kalijan nafsoe (Boten anggagas poenapa-poenapa), namoeng meleng (ngèngeti satoenggal), lestantoen, lan boten gojang boten katileman ― sarana pirantos ingkang kawastanan „Salat Doim”, ― ingkang ingadjeng kawastanan „abon-aboning panembah” kang kanggo ing sijang ratri, ― ingkang perloe kagoerokaken. Pakarti ingkang makaten poenika kénging kaoepamèkaken ''njaring'' oetawi ''ambesoet'' kahaloesanipoen pijambak ..... ing salebetipoen sepen (sirnaning gagasan). Dados, sagedipoen kawahja (kaboeka katjeṭa) poenika namoeng bilih ''Sinoeksmaja'' (sinaring, binesoet) wonten ing mangsa kala ''sepen'' saking roebédaning angen-angen, nafsoe toewin pantjadrija. Manawi sampoen saged makaten, poenika sampoen nama saged anggajoeh Kawroeh kabatosan, temboengipoen Arab: Makripat. Tegesipoen „Kawroeh” poenika: angsal-angsalaning ''meroehi''. Angsal-angsalan waoe ladjeng teroes kasimpen, sarta boten baḍé itjal-itjal salaminipoen. Wonten pundi anggènipoen njimpen? Wonten ing Telenging Batosipoen (ingkang mengkoe saliring raos-pangraos ing ḍaḍanipoen).
Nalika taksih wonten ing alaming angen-angen ingkang aloes poenika asring ladjeng priksa kaèlokan warni-warni: wonten ingkang nengsemaken sanget, wonten ingkang mbingoengaken, wonten ingkang nggegirisi oetawi ngoewatosi, makaten oegi raosing manah, terkaḍang karaos sengsem, terkaḍang keranta-ranta, terkaḍang melas sanget ḍateng raganipoen ..... tjekakipoen warni-warni sanget, ingkang dajanipoen adamel ''kagèt'', damel ''soepé'', toewin adamel ''kèrem''. (Sadaja poenika sadjatosipoen boten sanès inggih gegeteripoen pijambak ingkang doemados wonten ing kahaloesan). Amargi saking poenika, sarananipoen moerih saged lestantoen (boten tjabar) poenika namoeng kedah ngoelinakaken ngresiki gagasan sarana salat Daïm toewin anglelantih nggolongaken tjipta. Reribed ingkang kaseboet<noinclude></noinclude>
h5mpkce1m1tiidkbvrmg238g3x07bgi
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/22
250
26683
83207
2026-11-09T07:02:30Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83207
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>nginggil waoe sadaja, wonten ing alam kaaloesan ingkang ngaling-alingi PRAMANA. Pamijaking aling-aling sarana: mripat satengah merem (lijep) sarta satengah ènget satengah boten (lajap-lajap) toewin kesoepèn sakeḍap (loejoep) kados déné ketjlaping tijang ngimpi. Menggah padamelan ingkang makaten poenika saèstoenipoen dédé padamelaning ''angen-angen, nafsoe'' toewin ''pantjadrijanipoen'' ingkang oelah semadi, nanging sajektosipoen daja pakartining Djiwa ingkang sampoen boten karoebèda ing rasoekanipoen. Angen-angen toewin pangraos (ingkang sampoen aloes) waoe namoeng nglawèhi ḍateng pakartining Djiwa. Anggènipoen ''loejoep'' poenika raosipoen mak-galijer: soepé sakeḍap, nanging poenika soepéning ''angen-angen'' déning saweg kairoep ing Djiwanipoen; dados ing wekdal poenika sanadjan wonten ingkang soepé, nanging wonten ingkang tansah ingkang Ènget? Njoemanggakaken.
14.
{{Jawa|꧅ ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦩꦁꦏꦤ꧈(14) ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦏꦼꦤꦤ꧀ꦤꦸꦒꦿꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦢꦶ꧈ ꦧꦭꦶꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦔꦱꦸꦮꦸꦁ꧈ ꦠꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦮꦶꦱꦺꦱꦮꦶꦤ꧀ꦤꦶꦱꦺꦱꦮꦸꦱ꧀꧈ ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦸꦭꦩꦸꦭꦤꦶꦫ꧈ ꦩꦸꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦩꦶ꧉꧅}}
Sadjatine kang mangkana, woes kakenan noegrahaning Hyang Widi; bali alaming ngasoewoeng, tan karem karaméan; ing kang sipat wisésa winisésa woes, moelih moela-moelanira. Moelané wong anom sami:
Manawi ingkang semadi waoe saged Pramana, bilih „pijambakipoen” poenika tansah ènget (boten naté soepé) poenika pratanda sampoen ''noenggil raos'' kalijan ingkang mengkoe samoedajanipoen. Wataking Djiwa poenika tansah noenggil kalijan
(14) Kang mangkana = sagedipoen kaleksanan makaten. Woes kakenan = sampoen awor (noenggil). Noegrahaning Hyang Widi = Sihing Pangéran. Ngalaming ngasoewoeng = soewoeng ingkang amengkoe wonten. Tan karem karaméan = sirep hawa nafsoenipoen, wening boedinipoen, lerem pantjadrijanipoen, tentrem raosipoen = sepen saking sakatahing kamélikan. Moela-moelanira = sangkané asalé<noinclude></noinclude>
f3pwzgtlez2ea2lnobzxc995l1o7uq6
83208
83207
2026-11-09T07:06:51Z
Thersetya2021
125
83208
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>nginggil waoe sadaja, wonten ing alam kaaloesan ingkang ngaling-alingi PRAMANA. Pamijaking aling-aling sarana: mripat satengah merem (lijep) sarta satengah ènget satengah boten (lajap-lajap) toewin kesoepèn sakeḍap (loejoep) kados déné ketjlaping tijang ngimpi. Menggah padamelan ingkang makaten poenika saèstoenipoen dédé padamelaning ''angen-angen, nafsoe'' toewin ''pantjadrijanipoen'' ingkang oelah semadi, nanging sajektosipoen daja pakartining Djiwa ingkang sampoen boten karoebèda ing rasoekanipoen. Angen-angen toewin pangraos (ingkang sampoen aloes) waoe namoeng nglawèhi ḍateng pakartining Djiwa. Anggènipoen ''loejoep'' poenika raosipoen mak-galijer: soepé sakeḍap, nanging poenika soepéning ''angen-angen'' déning saweg kairoep ing Djiwanipoen; dados ing wekdal poenika sanadjan wonten ingkang soepé, nanging wonten ingkang tansah ÈNGET. La „pijambakipoen” poenika ingkang soepé poenapa ingkang Ènget? Njoemanggakaken.
14.
{{Jawa|꧅ ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦩꦁꦏꦤ꧈(14) ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦏꦼꦤꦤ꧀ꦤꦸꦒꦿꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦢꦶ꧈ ꦧꦭꦶꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦔꦱꦸꦮꦸꦁ꧈ ꦠꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦮꦶꦱꦺꦱꦮꦶꦤ꧀ꦤꦶꦱꦺꦱꦮꦸꦱ꧀꧈ ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦸꦭꦩꦸꦭꦤꦶꦫ꧈ ꦩꦸꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦩꦶ꧉꧅}}
Sadjatine kang mangkana, woes kakenan noegrahaning Hyang Widi; bali alaming ngasoewoeng, tan karem karaméan; ing kang sipat wisésa winisésa woes, moelih moela-moelanira. Moelané wong anom sami:
Manawi ingkang semadi waoe saged Pramana, bilih „pijambakipoen” poenika tansah ènget (boten naté soepé) poenika pratanda sampoen ''noenggil raos'' kalijan ingkang mengkoe samoedajanipoen. Wataking Djiwa poenika tansah noenggil kalijan
(14) Kang mangkana = sagedipoen kaleksanan makaten. Woes kakenan = sampoen awor (noenggil). Noegrahaning Hyang Widi = Sihing Pangéran. Ngalaming ngasoewoeng = soewoeng ingkang amengkoe wonten. Tan karem karaméan = sirep hawa nafsoenipoen, wening boedinipoen, lerem pantjadrijanipoen, tentrem raosipoen = sepen saking sakatahing kamélikan. Moela-moelanira = sangkané asalé<noinclude></noinclude>
9shvuolu84fcui1x3rdvz9r7wzsytcf
Kaca:Wedatama Winardi.pdf/23
250
26684
83209
2026-11-09T07:28:24Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
83209
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>''Ingkang Maha Toenggal'', kados déné soroting soerja kalijan soerjanipoen. Djiwa ingkang anggesangi satoenggiling badan (tijang) kènging kaoepamèkaken soroting soerja ingkang njoroti satoenggiling woedjoed, moerih woedjoed waoe katingal (karaos) ladjeng kaseksèn déning ingkang Maha Toenggal, bilih woedjoed waoe .... WONTEN. Dados .... „wonten” poenika tegesipoen ''katingal'' oetawi ''karaos'' oetawi ''doemadi'' oetawi kaseksènan déning .... ''Ingkang Esa''. Sarèhnè makaten, pijambakipoen sampoen poelih djoemeneng Ingkang neksèni, inggih poenika ''Ingkang Maha Wonten''. Dados boten bali ḍateng „soewoeng”, malah ḍateng MAHA WONTEN. Inggih leres soewoeng, nanging tegesipoen soewoeng saking sesoelapan ingkang goemelar. (Ingkang mastani soewoeng poenika: ingkang doemados. Ingkang andoemadosaken mastani ANA. Inggih sampoen temtoe ingrikoe boten wonten karaméan awit saliring karaméan ing djagad poenika ''saking ngrikoe'' pinangkanipoen. Ingrikoe poenika teteping ''Kaenengan''. Kaenengan poenika mengkoe saliring èbah-èbahan, angen-angen ingkang masésa djagadipoen sampoen kawasésa, tegesipoen sampoen kawengkoe sarta kedajan (kesorotan). Ingkang sipat wisésa poenika inggih daja kakijataning angen-angen loehoer, oegi ingkang kaseboet Soekma oetawi Hyang Wisésa. Poenika anggènipoen misésa djagad saisèn-isènipoen (djagadipoen pijambak) tansah kedajan déning Pangéran. Sarèhné makaten mobah molahipoen manoet pangrèhing Pangéran (manoet sir ingkang resik), wasana mahanani wiloedjenging gesangipoen ing lahir toewin ing batos. Makaten poenika preloe katélad ing sasaged-sagedipoen déning para anèm, moerih saged roemeksa ing gesangipoen.
{{c|II.<br>{{Jawa|꧋ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧈}}}}
15.
{{Jawa|꧅ ꦤꦸꦭꦢ꧀ꦢꦭꦏꦸꦲꦸꦠꦩ꧈ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈(15)}}
(15) Ngèksi ganda = Mataram. Kangdjeng Goesti panembahan Sénapati poenika tingkang noeroenaken para ratoe ing tanah Djawi. Karjénak = karja énak = damel sakétja.<noinclude></noinclude>
s64d3cbqvdvi7xeyvhn858aohs0iuji