Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.4 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Sumunar.pdf/87 250 3247 81571 14335 2026-06-01T10:47:56Z Lutfiyatun 1957 81571 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Bennylin" /></noinclude>“Bu, prasaja kemawon sejatosipun wonten menapa?” pitakone Sri saya ngangseg Kang ditakoni sajak kewuhan. Ing penggalihe Bu Pana wis bisa ngira yen putrane iku mengkone ora bakal narima marang apa kang bakal dingendikakake mengko. “Ngene lho Ndhuk, kowe ngerti yen bapakmu iku priyayi kang wis sepuh. Mula banget anggone ngugemi kabudayan Jawa. Bapakmu ya ora kersa tenan yen diaturi ninggal kabudayan Jawa. Aku kandha kaya mangkono mau magepokan karo apa sing arep dakkandhakake marang kowe iki. Bapakmu wis ngrancang kabeh kanggo acara mantenanmu sesuk kuwi. Mula saka kuwi dakjaluk kowe bisaa nampa lan gelem nglakoni sawernaning acara kang wis dirancang dening Bapakmu sesuk...!” “Lho, mangke rumiyin, Bu. Ingkang dipunrancang Bapak menika acara ingkang kados pundi? Cocog kaliyan paugeranipun agami menapa boten?” pitakone Sri miterang “Aku mau rak wis kandha ta Ndhuk, yen Bapakmu iku ora bisa ninggalake kabudayan Jawa. Mula saka kuwi mesthine anggone ngrancang acara ya miturut tata cara budaya Jawa. Lan ngene ya Ndhuk yen miturut aku, tata cara budaya Jawa kuwi ya ora ana kang cengkah marang paugeraning agama. Cengkah lan ora kuwi gumantung marang kepriye anggone nganceki. Kaya ngendikane Bapakmu kae, yen sejatine kabeh adat tata cara Jawa iku ngemu surasa piwulang kang becik kanggo urip iki. Luwih-luwih ing upacara manten. Kowe rak sok melu resepsi ta, Ndhuk? Lumrahe pranata carane kae ngendikakake bab werdine upacara-upacara kang nembe dilakoni. Keneng apa yen manten iku kudu nganggo janur, kaudu gawe gapura kang kedadeyan saka maneka warnane gegodhongan lan sapiturute? Janur iku yen ditegesi kanthi kerata basa rak sejatining Nur. Dadi wong sing arep omah-omah iku kudu tansah eling marang sejatining Nur, Cahya, ya Gusti Allah kang nitahake jagad raya saisine iki. Nggon gapura kae kudu ana alang-alang, godhong kluwih gek malah tebu barang melu ditemplekake. Iku kabeh mengku karep, Ndhuk. Anane alang-alang ilau supayane anggonmu urip kekluwargan ing mengkone ora ana alangan. Anane godhong kluwih iku nduweni panyuwunan marang Gusti Allah muga-muga sira sakloron ing mengkone nduweni kaluwihan kang bisa kanggo tepa tuladhane tangga teparomu lan masyarakat umume. Semono uga tebu iku ana tegese. Yen anggonmu kekluwargan kuwi kudu dilandhesi kanthi antebing kalbu. Lan isih akeh pitutur-pitutur kang kakandhut ing tata cara Jawa iku. Dadi yen kowe gelem nyurasa kang temenan, mesthi ora nduwe pikiran yen tata cara Jawa iku kebak ing tumindak syirik, nyekuthokake Allah. Kowe rak ya ngerti dhewe ta, apa Bapakmu kae tau ninggalake salat limang<noinclude></noinclude> gwih9058aejculvybx1ccfsk7kvhpuo 81572 81571 2026-06-01T10:49:01Z Lutfiyatun 1957 /* Titiwaca */ 81572 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Lutfiyatun" /></noinclude>“Bu, prasaja kemawon sejatosipun wonten menapa?” pitakone Sri saya ngangseg Kang ditakoni sajak kewuhan. Ing penggalihe Bu Pana wis bisa ngira yen putrane iku mengkone ora bakal narima marang apa kang bakal dingendikakake mengko. “Ngene lho Ndhuk, kowe ngerti yen bapakmu iku priyayi kang wis sepuh. Mula banget anggone ngugemi kabudayan Jawa. Bapakmu ya ora kersa tenan yen diaturi ninggal kabudayan Jawa. Aku kandha kaya mangkono mau magepokan karo apa sing arep dakkandhakake marang kowe iki. Bapakmu wis ngrancang kabeh kanggo acara mantenanmu sesuk kuwi. Mula saka kuwi dakjaluk kowe bisaa nampa lan gelem nglakoni sawernaning acara kang wis dirancang dening Bapakmu sesuk...!” “Lho, mangke rumiyin, Bu. Ingkang dipunrancang Bapak menika acara ingkang kados pundi? Cocog kaliyan paugeranipun agami menapa boten?” pitakone Sri miterang “Aku mau rak wis kandha ta Ndhuk, yen Bapakmu iku ora bisa ninggalake kabudayan Jawa. Mula saka kuwi mesthine anggone ngrancang acara ya miturut tata cara budaya Jawa. Lan ngene ya Ndhuk yen miturut aku, tata cara budaya Jawa kuwi ya ora ana kang cengkah marang paugeraning agama. Cengkah lan ora kuwi gumantung marang kepriye anggone nganceki. Kaya ngendikane Bapakmu kae, yen sejatine kabeh adat tata cara Jawa iku ngemu surasa piwulang kang becik kanggo urip iki. Luwih-luwih ing upacara manten. Kowe rak sok melu resepsi ta, Ndhuk? Lumrahe pranata carane kae ngendikakake bab werdine upacara-upacara kang nembe dilakoni. Keneng apa yen manten iku kudu nganggo janur, kaudu gawe gapura kang kedadeyan saka maneka warnane gegodhongan lan sapiturute? Janur iku yen ditegesi kanthi kerata basa rak sejatining Nur. Dadi wong sing arep omah-omah iku kudu tansah eling marang sejatining Nur, Cahya, ya Gusti Allah kang nitahake jagad raya saisine iki. Nggon gapura kae kudu ana alang-alang, godhong kluwih gek malah tebu barang melu ditemplekake. Iku kabeh mengku karep, Ndhuk. Anane alang-alang ilau supayane anggonmu urip kekluwargan ing mengkone ora ana alangan. Anane godhong kluwih iku nduweni panyuwunan marang Gusti Allah muga-muga sira sakloron ing mengkone nduweni kaluwihan kang bisa kanggo tepa tuladhane tangga teparomu lan masyarakat umume. Semono uga tebu iku ana tegese. Yen anggonmu kekluwargan kuwi kudu dilandhesi kanthi antebing kalbu. Lan isih akeh pitutur-pitutur kang kakandhut ing tata cara Jawa iku. Dadi yen kowe gelem nyurasa kang temenan, mesthi ora nduwe pikiran yen tata cara Jawa iku kebak ing tumindak syirik, nyekuthokake Allah. Kowe rak ya ngerti dhewe ta, apa Bapakmu kae tau ninggalake salat limang<noinclude>{{rh|SUMUNAR Antologi Crita Cekak|||78}}</noinclude> hyhdax51kvo50xwwylnkepouko4vk0p