Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.11 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/186 250 26267 82236 2026-07-16T17:49:57Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82236 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>52. Malem pitulikur anujoni taun Fibe sampunira dhahar Jeng Pangran kalajeng sare neng sela gilang iku puthut kalih samya nenggani lajeng kalih anendra aneng daganipun mangkana Jeng Pangeran jroning nendra supena aneng guweki kaydya neng Selaraja. 53. Lenggah aneng selagilang iki pulo wringin mangkana anulya na janma wolu prapta ge dhesthar koncer sadarun kang neng ngarsa ambekta tulis sinangga kalih asta Jeng Pangran andulu tedhak mapan nulya kurmat semu ajrih kawolu cahyanya sami lir wulan kang purnama. 54. Kangjeng Pangran jumeneng ngurmati ingkang prapta tan praduli ika lajeng jujug blumbang bae Jeng Pangran nulya tumut pan sadaya ngadeg neng tepi kang gangsal aneng wetan tiga kang neng kidul Kangjeng Pangeran tumut ika kang neng kidul dadya sakawan puniki majeng ngaler sadaya. 55. Kang neng wetan ngilen ajeng neki ingkang bekta nawala neng ngarsa kalih sisih pangapite nulya winaos iku kang nawala ungelnya sami </poem><noinclude>{{rh|184}}</noinclude> 7eoiab3bewzwc2o7ghe44584cw96ra7 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/187 250 26268 82237 2026-07-16T17:50:49Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82237 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>lawan swaraning undhang mungel kang sinuwun pang Kangjeng Sultan punika Ngabdulkamit Herucakra kang Sayidin Panata ing Agama. 56. Kalipahing Jeng Rasullolahi ingkang aneng iya Tanah Jawa. samya mangkana jawabe "Ngalaihi salamu" ingkang maos nyendhu nabdaris "Iku luput jawabnya" kang sinendhu matur "Kados pundi panembahan" jawabipun kang nyendhu ngandika aris "Iki prakara dadya. 57. Jebeng jawab ngalihisalami mapan bakal dene kang wus dadya pan nampung tekdir jawabe" lajeng samya puniku maos tekbir kawolu sami sanga Kangjeng Pangeran tumut tekbir iku ingkang surat mapan nulya cinemplungken balumbang ambles ing warih pan wus datan katingal, 58. Janma wolu musna tan kaeksi saking gen jumeneng punika anglir kukus supamine Kangjeng Pangeran iku kantun gennya jejer pribadi samana pan enjingnya Jeng Pangran winungu wau dhateng puthut Lawa dhahar saur lajeng salat subuh sami mapan wus tan winarna. </poem><noinclude>{{rh|||185}}</noinclude> ju2ef59o1ojf3cxigu2hnyhq549wv89 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/188 250 26269 82238 2026-07-16T17:51:31Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82238 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>59. Bakda kundur Tegalhaija neki riwusira dhateng Selaraja mangkana kang winarneng reh nenggih kyai Pangulu apan sampun miyarsa warti lamun Kangjeng Pangeran pan ingangkah iku nenggih dhateng Walanda kabar terang pawarta saking Samawis kyai Pangulu nulya. 60. Sowan manjing mring Selarajeki Jeng Pangeran mapan nuju lenggah munggeng ing sela gilange kyai Pangulu matur "Kula Gusti miyarsa warti kabar saking Samarang sampun terang tuhu lamun paduka ingangkah saradhadhu apan sampun kathah Gusti kang prapta ing Samarang. 61. Kados pundi karsa kang sayekti lamun estu kang warta punika" Jeng Pangran mesem ature "Paran prayoganipun pan manira tan dosa kaki kalamun iku nyata. swarga ginawe yu goleki marga punapa lan maninge kaki napa dika lali Ratu Ageng impennya. 62. Bokmanawa wahanane iki dhingin dika ingkang aweh jarwa kula tan dosa yektine nging lamun karya dudu pan manira kaki tan wedi" </poem><noinclude>{{rh|186}}</noinclude> 7qu7z4fxw6uf1di5h8elprb6lx1syws Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/189 250 26270 82239 2026-07-16T17:52:14Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82239 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Ki pangulu aturnya pan sarwi tumungkul lawan kumembeng kang waspa "Sampun leres yen wangsit punika sidik nging pangraos kawula. 63. Boten wande karsaning Hyang Widhi nanging sampun margi saking yuda Jeng Pangeran andikane "Paran prayoganipun" Ki pangulu alon turneki "Lamun estu punika Gusti wartinipun prayogi nurut kewala sakajenge panganiaya Walandi kados eyang paduka. 64. Kang Sinuhun Sepuh duk rumiyin dados boten darnel karisakan dene Hyang Suksma karsane tan silih marga tuhu dene kula tan nedya keri sakit prapteng antaka pan dherek saestu nanging lamun margi yuda pan kawula wus sepuh boten kuwawi kantun mangsa sageda." 65. Jeng Pangeran mesem ngandika ris "Kula kaki apan remen yuda rnati becik pocapane Kyai pangulu matur "Yen makaten kang karsa Gusti kawula amit kesah datan saged ndulu inggih kaji dhateng Mekah" Jeng Pangeran mesem anangdika aris "Kaki luwih prayoga. </poem><noinclude>{{rh|||187}}</noinclude> pf5odj8qsney36f5byp8cvvfpxorps6 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/190 250 26271 82240 2026-07-16T17:53:19Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82240 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>66. Sukur kaki dika kula jangji lamun besuk dika prapteng Mekah poma aywa muleh-muleh matia aneng ngriku yen manira antuk kang kardi dika kabar-kabarna lan dika nunuwun pandongane para imam muga kula oleha supangat Nabi lan karilaning Allah. 67. Denkuwatna manglawan mring kapir lan den banget andika nenedha sujud ing kakbahtolahe nunuwuna ing Hyang Agung lestarine kang tanah Jawi dadya balad agama Kaki lamun estu wonten pitulung Hyang Suksma Ki pangulu den rikat andika mulih" Ki pangulu aturnya. 68. "Pan sandika mung pangestu Gusti inggih mugi kula saged prapta dhumateng kakbahtolahe" Jeng Pangran ngandika rum "Nggih pun kaki kula jurungi muga ta kalilana mring Allah kang Agung" Samana wus tan winarna Kyai Rahmanudin mapan sampun pamit mring wong gedhe sadaya. 69. Nulya mangkat prapta ing Samawis tan winarna Ki pangulu ika Tegalhaija winarneng reh Kangjeng Pangeran iku langkung dennya sungkaweng galih </poem><noinclude>{{rh|188}}</noinclude> armxgjvroftye8wekr5qc6atjl9us2k Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/191 250 26272 82241 2026-07-16T17:53:58Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82241 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>dene miyarsa warta pan lir paminipun karubuhan ing ngakasa nanging kang tyas sampun tan nedya gumingsir mung anglindhung ing Suksma. 70. Dadya sima sagunging prihatin namung pati kang denarsa-arsa Sang Retna mangkono maneh mapan tan nedya kantun mring kang raka awal lan akhir mangkana ingkang dadya bubuka puniku apan nagri Tegalhaija pinathokan datan mawi tur udani arsa kinarya ratan. 71. Dadya sampun karsaning Hyang Widhi Tanah Jawa risake punika pan iku dadya margane mangkana kang winuwus Kangjeng Pangran tan mijil-mijil neng gedhong Selaraja samana panuju bakda ngasar wayahira Kangjeng Pangran bakda salat miyo.s nuli dhumateng pasabinan. 72. Sajawining Selaraja iki ñama sabin Punjuntru punika mawi lenggahan pinggire kinubeng blumbang iku dadya kana ubaub neki kalawan kajeng soka lenggah sela iku ki Soban kang aneng ngarsa waktu iku Kangjeng Pangran yuswa neki pan sampun kawandasa. </poem><noinclude>{{rh|||189}}</noinclude> 9xo86urwq7863w1deyaewiqwz9qhain Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/192 250 26273 82242 2026-07-16T17:54:45Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82242 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>73. Langkung kalih kagyat aningali lamun ana rubung-rubung ika Jeng pangran lon pandangune "Soban, apa rinubung mring wong akeh ingsun tingali Ki Soban atur sembah "Pan tiyang sadarum badhe akarya wradinan utusane abdi dalem Den Dipati pan sampun tigang dina.. 74. Kados telas Tegalhaija Gusti inggih dados wradinan sadaya badhe meranem wartine pan pinathokan sampun" Jeng Pangeran bendu tan sipi dupi myarsa aturnya Ki Soban puniku Branjangkawat kang dinuta animbali dhumateng ingkang pepatih Mas Bei Mangunharja. 75. Mangunharja tan adangu prapti Jeng Pangeran nulya atatanya "Mangunhaija prakarane sira tan matur ingsun dene ana mangkono iki" Mangunhaija tur sembah "Abdi jrih pukulun inggih kalamun matura pan punika tan mawi pratela Gusti inggih dhateng kwawula. 76. Pan miyarsa kawula kang warti saking abdidalem lit sadaya tan pinartela yektose marma ajrih umatur" Jeng Pangeran ngandika malih: </poem><noinclude>{{rh|190}}</noinclude> jeri9e6h3a96td8w1kgkwf8k2hirtcr Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/193 250 26274 82243 2026-07-16T17:55:38Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82243 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>"Lamun mangkono iya wus pengingen iku yen tan kena bedholana" Mangunharja sandika lengser sing ngarsi mapan lajeng kapanggya. 77. Lan utusanira Dyan Dipati pan pinenging meksa datan kena ajrih Residen saure Mangunharja nulyeku aparentah kinen bedholi sagung pathok sadaya ingkang neng lor kidul wetan kulon binedholan lajeng malih kengkenan Raden Dipati Raden Brantakusuma. 78. Lurah gandhek Dutawijayeki bekta pathok lan kerig punika lajeng binethot dhuwunge dhumateng tiyang dhusun ing Timpayan namanireki Raden Brangtakusuma tan saged lumayu pan lajeng binujung samya gya wawarti dhumateng Raden Dipati bramantya ing tyasira. 79. Nulya margi kang kinen buntoni ing Jagalan wastane punika margi mring Ngayogya mangke sareng kapriksa iku apan lajeng kinen bubrahi yen kang bubrah wus kesah malih kinen buntu ngantos jangkep kaping tiga pan binubrah lajeng kinen buntu malih wus katur mring Jeng Pangran. </poem><noinclude>{{rh|||191}}</noinclude> 7v34pysh3uaaeaqej2zzgwuvrboaymy Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/194 250 26275 82244 2026-07-16T17:56:32Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82244 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>80. Lamun margi meksa denbuntoni "Kados pundi menggah karsa tuwan apan dalu pambuntune yen siyang datan purun apan meksa ulun tenggani lamun mantuk kawula wingking pan binuntu" Jeng Pangran bendu tyasira "Yen mangkono Mangunhaija kaya uwis datan kena mundura. </poem><noinclude>{{rh|192}}</noinclude> fvcidjv1a4yn3f8af3981jjhbdw70ci Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/195 250 26276 82245 2026-07-16T17:57:20Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82245 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>VIII. DURMA 1. Kangjeng Pangran sarwi mesem angandika "Mangunharja sireki lah ngati-atiya kabeh sakancanira yen kaya mangkono iki ingkang kinarya bubuka ratan iki. 2. Sayektine apan arep nganiaya ingsun tan nedya gingsir saajanging ajang lah mara Mangunharja padha timbalana aglis kang tuwa-tuwa marang ing ngarsa marni" 3. Pepakena Mangunharja tur sandika wus lengser saking ngarsi prapta ing paseban mapan sampun pepakan sagung ingkang tuwa sami kendel ing lurah sadaya wus miyarsi. 4. Warta saking pawong sanaknya sadaya lamun Tegalharjeki pan arsa rinusak datan antara prapta sagung ingkang para mantri kang tuwa samya tan nganti den timbali. 5. Lamun Demang kang cilik-cilik wus prapta sami pawartaneki mangkana anulya Mas Behi Mangunhaija </poem><noinclude>{{rh|||193}}</noinclude> r9m5b8grci1b5pvjw4mtcmiixliz6h0 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/196 250 26277 82246 2026-07-16T18:04:32Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82246 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>sadaya lajeng den irid mring Selaraja kendel asowan sami. 6. Sagung Mantri atanapi kang para Demang neng Baie sawo sami Jeng Pangran winarna mapan lenggah neng sela gigilang Pulo Waringin Ki Soban ngarsa lan Kartisasi iki. 7. Mangunharja wus prapta sakancanira sowan andher neng ngarsi alon aturira "Gusti amba tur priksa kang abdidalem pra Mantri lan kanca Demang kang celak sampun prapti. 8. Lawan bekta dadamel ing ngayuda Gusti kula takeni mapan sami turnya lawan kanca sadaya sampun waradin kang warti lamun Paduka badhe dipun ayoni. 9. Kangjeng Pangran mesem aris angandika "Ing mengko ana ngendi kabeh kancanira Mantri kalawan Demang" Mangunharja atur neki "Wonten sowanan Baie sawo ing jawi" 10. Kangjeng Pangran apan aris angandika "Ya wus tarima marni </poem><noinclude>{{rh|194}}</noinclude> p4txhc5wfy76r1ap1ov3axxl9usantx Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/197 250 26278 82247 2026-07-16T18:06:20Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82247 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nging padha den nyata mengko padha dhawuhna ingsun tan bia nemoni pan yvus pracaya ya marang turireki." 11. Mangunharja aturnya, "Inggih sandika" Jeng Pangran nulya nari mring abdi kang tuwa Raden Kartadiwirya lawan Mas Singaharjeki lan Martayuda Dyan Wiryadikrameki. 12. Pangulunya Muhamad Bahwi kang nama tilaran ingkang swargi eyang buyutira wus sepuh wayahira nanging ingkang tyas puniki langkung gambira lamun tinarijurit. 13. Mengsah lawan titiyang kapir punika suka matinya sabil sadaya mangkana mapan samya aturnya Jeng Pangeran ngandika ris "Padha sun trima aturira mring mami. 14. Nanging poma wekasingsun mring sira padha aja na kang miwiti lamun kapir sida iya niayanira" sandika aturnya sami "Padha metuwa lan den yitna sireki." </poem><noinclude>{{rh|||195}}</noinclude> gefuuw616s29eebfe2fe672ujy0kx7v Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/198 250 26279 82248 2026-07-16T18:08:24Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82248 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>15. Atur sembah wus lengser sing Selaraja lang sagung kang pra Mantri miwah para Demang pan wus sami prayitna lan ngupados daya sami nengna winarna Kangjeng Pangeran malih. 16. Saundurnya kang sami sowan sadaya apan lenggah pribadi mung lawan Ki Sobat Murdiyah lagya prapta lawan Ki Muhamad Arif Muhamad Mursan dadya tan kondur iki. 17. Dhahar salat neng Sela Gilang kewala tan arsa nendra iki lendheyan neng sela myarsa swara mangkana wancinira bangun injing dumling kang swara "Heh kaki Rul Mukmini. 18. Aja sira prihatin mungsuh Walanda Hyang Suksma kang nulungi lamun ana ika wong kang tan melu sira wus pinasthi mring Hyang Widhi pecat imannya sagung wong Tanah Jawi." 19. Sampun sirna swara enjing kang winarna Pangeran Kusumeki mapan tuwi ika anulya pinanggihan aneng Bale sawo iki ans aturnya, "Mas putu kados pundi </poem><noinclude>{{rh|196}}</noinclude> k12ustd3b2j1qnahje2ut4fmx5lgpnc Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/199 250 26280 82249 2026-07-16T18:09:24Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82249 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>20. Benjing grebeg punapa boten tedhakan mring pagelaran inggih" Jeng Pangran ngandika "Tng pundi marginira apan sampun den buntoni kula ken bubrah inggih binunton malih." 21. Pangran Mangkukusuma malih atanya "Punika ayun kardi inggih kang wradinan punapa tan mawial punika atur udani" Jeng Pangran nabda "Pindho karya puniki. 22. Yen wartinya inggih pandugi kula boten dados prakawis" Pangran Mangkusuma pan alon aturira "Mas putu kula panggihi lawan Danurja kawula pitakeni. 23. Sagahipun sadaya atur uninga dados dora sayekti" Nulya pamit ika Pangran Mangkukusuma mangkana tan wus winarni kang kawarnaa tiyang kang samya prapti. 24. Apan ngantos kalampahan tigang dina MasDemang sampun prapti Pajang wismanira teka sakula wangsa apan kakapalan sami seket watara </poem><noinclude>{{rh|||197}}</noinclude> rujqabt813ymx3qcd1trgq3bz6weo16 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/200 250 26281 82250 2026-07-16T18:10:18Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82250 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude></poem>lan sagagaman neki. 25. Atanapi sagunging wadya Ngayogya wates Tumenggung iki inggih sapangandhap kang sampun sami prapta. Kangjeng Pangran Mangkubumi ingkang winarna langkung watir tyasneki. 26. Nulya tedhak dhumateng ing Tegalreja lajeng nusul puniki dhateng Selaraja mapan sampun papanggya samya alenggahan sami neng Sela Gilang Jeng Pangran Mangkubumi. 27. Lon ngandika, "Kulup ingsun atatanya. paran karsanireki ingsun tan kaduga dene keh temen janma apa arane ta iki banget tyas ingwang kuwatir mring sireki. 28. Jeng Pangeran Dipanagara aturnya "Pan punika Kiyai janma ingkang prapta mapan samya kajengnya pribadi tan ngundang yekti inggih kawula sampeyan pitakeni. 29. Nggih punika kapalanipun sadaya sampun sami neng ngriki lan sagagamannya apan sampun samekta" Kangjeng Pangran Mangkubumi </poem><noinclude>{{rh|198}}</noinclude> 59laih47o8s78i54j9aamr8e0md1vdd 82251 82250 2026-07-16T18:10:56Z Empat Tilda 628 82251 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>lan sagagaman neki. 25. Atanapi sagunging wadya Ngayogya wates Tumenggung iki inggih sapangandhap kang sampun sami prapta. Kangjeng Pangran Mangkubumi ingkang winarna langkung watir tyasneki. 26. Nulya tedhak dhumateng ing Tegalreja lajeng nusul puniki dhateng Selaraja mapan sampun papanggya samya alenggahan sami neng Sela Gilang Jeng Pangran Mangkubumi. 27. Lon ngandika, "Kulup ingsun atatanya. paran karsanireki ingsun tan kaduga dene keh temen janma apa arane ta iki banget tyas ingwang kuwatir mring sireki. 28. Jeng Pangeran Dipanagara aturnya "Pan punika Kiyai janma ingkang prapta mapan samya kajengnya pribadi tan ngundang yekti inggih kawula sampeyan pitakeni. 29. Nggih punika kapalanipun sadaya sampun sami neng ngriki lan sagagamannya apan sampun samekta" Kangjeng Pangran Mangkubumi </poem><noinclude>{{rh|198}}</noinclude> hyk9t17o3tnc3xxwjogsdey4xpmvq71 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/201 250 26282 82252 2026-07-16T18:11:47Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82252 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nulya atanya marang sagung kang janmi. 30. "Sira padha prapteng kene iki apa iya karyanireki" sadaya aturnya "Kawula myarsa warta lamun putra dalem Gusti arsa den angkah inggih dhateng Walandi. 31. Tiyang Jawi sadaya pan boten rila lamun ngantos sayekti binekta Walanda suka tumpes sadaya" Kangjeng Pangran Mngakubumi aris ngandika "Dene sinten udani. 32. Iya warta kaya ingkang tuturira" Jeng Pangran Mangkubumi pan aris ngandika dhumateng ingkang putra "Paran kulup karsaneki apa ta sira bisa nanggulang sayekti. 33. Lamun karya rusuh marang ing Nagara" Jeng Pangran matur aris "Nggih Kyai sampeyan punapa ta sagede ananggel kados kang warti wau punika lamun sageda iki. 34. Pan samangke tiyang kajengipun bibar kabeh kula ken sami" Jeng Pangran ngandika "Kulup ingsun tan bisa </poem><noinclude>{{rh|||199}}</noinclude> 6aweewtmltm1oy3lr7pvmpchiiclm8a Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/202 250 26283 82253 2026-07-16T18:12:32Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82253 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ananggung lir warta iki" Jeng Pangran nabda "Kawula saged Kyai. 35. Inggih nanggel dhumateng tiyang sadaya kalamun ngrumiyini nging Kyai punika lamun den kriyinana sayektos kula tan ajrih jang aneng ajang siyang dalu ngladosi." 316. Jeng Pangeran Mangkubumi ris ngandika "Wus kulup ingsun mulih yen mangkono iya wus ruwet kang prakara pirang bara ingsun kaki manawa ana pitulunging Hyang Widdhi. 37. Bisa karya padhanging ingkang Nagara sun kundur tan winarni ya ta kang winarna Raden Wiryadikrama ginubel marang sagunging para kapala nuwun pratandha sami. 38. Ingkang tebih-lebih punika sadaya Pasisir Manca Nagri Baglen Sokawatya samya nuwun sadaya pratandhanireng ngajurit wus katur nulya Jeng Pangran ngandika ris. 39. "Jarot ingsun mapan tan duwe pratandha ana ing Mangkubumi </poem><noinclude>{{rh|200}}</noinclude> gwbvidqsy6zlyfyam0mnl17xq9s3rtc Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/203 250 26284 82254 2026-07-16T18:18:27Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82254 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>lamun sira meksa lah suwunen priyangga iku kalamun marengi" Wiryadikrama nulya lumampah aglis. 40. Tan winama Mangkubumen sampun prapta nulya sinuwun iki wau kang pratandha sampun karsaning Sukama Kangjeng Pangran teka gampil ingkang pratandha apan sampun pinaring. 41. Nanging meling lamun uwis ulihena kene cotho kapati lamun ora ana iku ingkang pratandha dhuwit ora kena manjing pratandhaningwang lan bakyu ora dadi. 42. Raden Wiryadikrama matur sandika tan winarna wus prapti nenggih Tegalhaija lajeng karya nawala sagunging kapala sampi wus pinaringan tandha dadining jurit. 43. Nanging mawi tinengeran ungelira mariyem lamun muni pan samangsa-mangsa nadyan dalu siyanga samana sampun waradin ingkang parentah janma saya keh prapti. </poem><noinclude>{{rh|||201}}</noinclude> 63r5jl8nck2d8ip6gm9edognmloivkg Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/204 250 26285 82255 2026-07-16T18:22:35Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82255 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>44. Kadya sampun karsaning Allah taala risake Tanah Jawi pan margi punika brubul tanpa wilangan apan sami prapta iki gagamanira penthung alu seligi. 45. Sebutipun sadaya tan wonten trima sadaya bela Gusti bandhil sabukannya lan padha ngandhut sela samana ingkang winarni Kangjeng Pangeran sampun pasrah Hyang Widdhi. 46. Lara pati iya mapan ora bakal lohilmahful pinasthi nulya Jeng Pangeran kundur sing Selaraja saking kathah kang sumiwi dadya tan kewran kalih dinten antawis. 47. Kundurira Jeng Pangran sing Selaraja nulya Dyan Adipati utusan tur surat ungelnya tembung lampah Jeng Pangran tan arsa iki kinen wangsulna tigang dinten antawis. 48. Nulya ana surate Residen ika ingkang ambekta iki Mas Hastradimeja Papatihnya kang rama Kangjeng Pangran Mangkubumi mapan ungelnya, </poem><noinclude>{{rh|202}}</noinclude> 42cv1txs8tk0z7dkvcnvye5v4yl4v6j Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/205 250 26286 82256 2026-07-16T18:23:46Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82256 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>pitaken karsaneki. 49. Kangjeng Pangran estu yen tan darbe karsa nulya kinen mangsuli kang rama priyangga nanging wangsulaniara amundhut Raden Dipati Residen ika datan mangsuli malih. 50. Apan lajeng adandan mriyem kewala tukang wesi kinerig ri wusira dadya tukang wesi sadaya mapan lajeng atur uning mring Tegalharja yen loji sampun rakit. 51. Dadya hinggar tyasira wadya sadaya lamun sida kang kardi mangkana Jeng Pangran apan anuju alenggah aneng paregolan iki kang ngadhep ika Kyai Muhamad Bahwi. 52. Bangsukbatul Iman lawan Nur Ngaliman Murdiyah Ahmad Arif lan Muhamad Mursam Muhamad Santri ika lawan Muhamad Jelani pan bakda Asar ana utusan prapti. 53. Sing Kadhaton Lurah Kaparak punika Nyai Soka nameki prapta atur sembah Gusti abdi dinuta </poem><noinclude>{{rh|||203}}</noinclude> kviuu8qlmainpcp9er4rbfof338o8r2 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/206 250 26287 82257 2026-07-16T18:37:19Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82257 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem<ing Ibu Dalem Jeng Gusti inggih Paduka sakedhap den timbali. 54. Kangjeng Pangran mesem aris argandika "Rejeb matura iki sun wus ora bisa kalamun lunga-lunga pan sira weruh pribadi akehing janma manawa ora ngerti. 55. Dadi ewuh tan wurung dadi prakara yen ibu nedya becik angur marenea wayahe den gawaa kabeh aja na kang kari wis ta muliha" Nyai Soka tur neki. 56. "Kawula jarih pan sampun dalu punika Gusti kawula mriki bekta konca tiga samya wangsul sadaya langkung ajrih aningali dhateng barandhal kebak pepet ing margi. 57. Pan kawula lumampah nusup kewala Suryabrangtan samriki pan sampun kebekan kula merem kewala yen boten ingater Gusti ajrih kawula lamun mantuka Gusti 58. Kangjeng Pangran mesem kinen nimbalana kapala brandhal sami marga kewuh inya </poem><noinclude>{{rh|204}}</noinclude> 3c89gpsjuyxm1uv75gjk00keob6bbp6 82258 82257 2026-07-16T18:37:45Z Empat Tilda 628 82258 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ing Ibu Dalem Jeng Gusti inggih Paduka sakedhap den timbali. 54. Kangjeng Pangran mesem aris argandika "Rejeb matura iki sun wus ora bisa kalamun lunga-lunga pan sira weruh pribadi akehing janma manawa ora ngerti. 55. Dadi ewuh tan wurung dadi prakara yen ibu nedya becik angur marenea wayahe den gawaa kabeh aja na kang kari wis ta muliha" Nyai Soka tur neki. 56. "Kawula jarih pan sampun dalu punika Gusti kawula mriki bekta konca tiga samya wangsul sadaya langkung ajrih aningali dhateng barandhal kebak pepet ing margi. 57. Pan kawula lumampah nusup kewala Suryabrangtan samriki pan sampun kebekan kula merem kewala yen boten ingater Gusti ajrih kawula lamun mantuka Gusti 58. Kangjeng Pangran mesem kinen nimbalana kapala brandhal sami marga kewuh inya </poem><noinclude>{{rh|204}}</noinclude> psh9gzngjnwfghnm2y84nrgl9jn08lf Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/207 250 26288 82259 2026-07-16T18:38:43Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82259 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Singabarong namanya Selabegasil umiring pan sampun prapta kinen ngatera sami. 59. Nyai Soka samana wus tan winama enjing Jeng Pangran iki lenggah neng pandhapa pukul wolu watara Kangjeng Pangran Mangkubumi ing rawuhira Jeng Pangran aningali. 60. Yen kang rama rawuh pinethuk tumulya tedhak saking pandhapi ngandhap sawo prapta panggih Jeng Pangran nulya ingkang putra den arasi rinangkul sigra lan sarta den tangisi. 61. Apan maksih samya jumeneng kewala kang rama den aturi nulya tata lenggah ri wusnya gya ngandika Kangjeng Pangran Mangkubumi "Marma sun prapta kulup kinongkon marni.. 62. Mring Residen arep ketemu sadhela kulup lawan sireki pan sira den undang marang loji sadhela," Jang Pangran mesem turnya ris "Kyai sumangga nanging kula puniki. 63. Sampun dados melikipun tiyang kathah katantuna pribadi </poem><noinclude>{{rh|||205}}</noinclude> bctbu8hlqxf6nasbzgx5yw5x3usqo6v Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/208 250 26289 82260 2026-07-16T18:40:42Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82260 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>sadaya punika inggih kalamun suka suwawi mangkat Kiyai" Jeng Pangran nulya nantun mring kang sumiwi. 64. "Apan sira kabeh ingsun tari padha Gustimu den aturi residen sadhela" sadaya aturira mapan samya mopo iki suka ngabena pejaha ing ing ajurit. 65. Kangjeng Pangran nuli matur ingkang rama "Kiyai kadi pundi gen kula lumampah ing ngriki kadi paran" Kangjeng Pangran Mangkubumi alón ngandika "Kulup sun pajar yekti. 66. Mapan ingsun wus tan bisa mulih nyawa ing loji pan wus rakit mapan Paku Alam saanak prajuritnya wus padha ana ing loji ingsun tan duga kang dadi karep neki. 67. Marma ingsun gelem kinongkon yektinya pan sedya metu mami mati lan uripa sun sedya labuh sira mung imán sun rebut kiki ingsun wus tuwa mangsa anoma maning". </poem><noinclude>{{rh|206}}</noinclude> cj5tm5xh3rdk6zcc5ccvtp9zthn8zj3 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/209 250 26290 82261 2026-07-17T09:18:52Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82261 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>68. Jeng Pangeran mapan aris aturira "Ya alhamdulillahi Kiyai kawula inggih darmi kewala kinarya lampaban yekti Karsaning Suksma sampeyan kados pundi. 69. Duk rumiyin sagah nepangaken kula lawan Residen malih" Jeng Pangran ngandika "Kulup ya bener sira tan kena Karsaning Widdhi sapraptaningwang teka ing kene dhingin. 70. Mapan banjur den undang Residen ingwang ingsun ta den takoni kulup sun balaka Sekretaris kang ana de Cakradiningrat iki Residen tanya apa karepireki. 71. Sauringsun datan karep apa-apa nuli Residen angling kepripun beciknya amrih ilange ika ingkang dadi napsu neki pan saur ingwang kajaba den turuti. 72. Ingkang dadi napsune gawa Danurja Residen saur neki pan ewuli Pangeran iku uga baturnya Gupremen kawula ajrih pan saur ingwang </poem><noinclude>{{rh|||207}}</noinclude> 469qqbu3xyvupjv5xy1yqc8w4xz46n9 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/210 250 26291 82262 2026-07-17T09:19:31Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82262 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nggili dika jaluk ugi. 73. Mring Gupremen Residen pan aturira bok saliyane ugi kula boten ninga Sekretaris angucap manawa jaluk dadya Ji wonten tandhanya tan remen neng wismeki. 74. Sabeng alas gunung parang lawan guwa saenggon-enggon ngabekti nuli ingsun mojar heh Sekretaris sira aja mangkono sireki ing wong sembahyang saenggon-enggone dadi. 75. Saba alas karemane cilik mula gelema dadi Aji pan wus dhingin mula ya iku ingkang wadya yen ora ngandel sireki mara takokna marang kapitan tangsi. 76. Iku ana kang weruh prakaranira duk kala alam Inggris Cadiningrat mojar Sekretaris andika sampun anyana kadyeki lamun karsaa dadya ratu pan dadi. 77. Mangsa silih ingkang rayi jumenenga kang dados tlenging galih inggih ingkang rama Kangjeng Pangran punika Jan Kerapet makaten inalili </poem><noinclude>{{rh|208}}</noinclude> fxnr00yi7mepo3x7kegxavq8xivx2gw Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/211 250 26292 82263 2026-07-17T09:20:09Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82263 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>apan kawula kang ingutus rumiyin. 78. Apan nganti tinangisan ingkang rama nging meksa datan apti dene gung bicara sadaya sinagahan sabab Pangeran Dipati enggen bicara kang rayi maksih lalit. 79. Pan Residen banjur anambungi sabda kaya paran ta iki pan ing Tegalharja wong wis tanpa wilangan kabare loro sayekti ana kang lunga ana kang nggitik loji. 80. Cadiningrat pan mangkana saurira inggih kabar kakalih pangraos kawula inggih dora sadaya lamun yektosa kadyeki salali satunggal purun dipun jujuwing. 81. Pan kawula kang purun nanggel punika kajawi den wiwiti adate punika tan karsa karya susah sampun ingkang karya pati lamun ngarsakna rusuli mawon tan apti. 82. Pan Residen mangkene ujare ika marma ewuli tyas marni banjur nari mring wang kados pundi Pangeran </poem><noinclude>{{rh|||209}}</noinclude> mkfvib7lq3anfa8m8akcanqzjgyry0r