Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.11 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/242 250 26323 82299 2026-07-18T14:56:12Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82299 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>72. Ri Sang Murtining ngajurit apan aris angandika "nggih Kiyai satuhune ingkang dados tyas kawula inggih lampah punika tan prihatin dening mungsuh inggih sanajan wewaha. 73. Tinelasna tiyang kapir mapan ta kawula temali yen makasih kinarsakake Kiyai dados lampahan nanging karya punika rumiyin kawula estu mapan kinen ngangkat Qur'an. 74. Tan kenging lamun ngewahi dhateng parentahing Qur'an nging kawula saestune dereng sumurup sadaya ing Qur'an kang parentah. marma tyas kula kalangkung ajrih bilih kalepatan." 75. Kangjeng Pangran Mangkubumi mapan aris angandika "Kulup tan ngapaa kuwe apan akeh pra ngulama kang sumurup artinya ing Qur'an parentahipu wong namung darma pratela. 76. Kulup marang ing sireki endi kang sira karsakna wong alim Ngayogya kabeh" mesem Ri Sang Kang Misesa aris dennya ngandika "Kiyai leres puniku </poem><noinclude>{{rh|240}}</noinclude> 3rgxgj6i7qmbkly7bzjqsq2h0b7efoq Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/243 250 26324 82300 2026-07-18T14:56:49Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82300 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nging kula kirang pracaya. 77. Kyai sampeyan rencangi nuwun dhateng ing Hyang Suksma rumiyin kawula anon tiyang kakalih punika amulang wonten Maja Ki Wiron satunggilipun punika kula pracaya. 78. Dene sawangipun kalih pan samya pekir tekonnya kados ajrih mring Hyang Manon kalaniun angewahana mring parentahing Qur'an Keweron Hyangipun sepuh ing Maja anom punika." 79. Kangjeng Pangran Mangkubumi mapan aris atatanya "Pa sira wus tepung angger" Ri Sang Siniwi ngandika "Inggih sampun sapisan" nulya pitulung Hyang Agung tan antara Kyai Maja. 80. Prapta lan saanak rabi tanapi lan kulawarga Ri Sang sukur ing Hyang Manon lawan aris angandika "Kyai kirang satunggal" nulya na marma Hyang Agung Ki Keweron praptanira. $1. Mapan namung let sawengi bekta saanak putunya sakulawargane kabeh ri sampun prapta sadaya </poem><noinclude>{{rh|||241}}</noinclude> mqvcua3soskqd9jzef5ojqkxsueulpp Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/244 250 26325 82301 2026-07-18T14:57:29Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82301 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>sagung kang pra ngulama Ri Sang Siniwakeng Pupuli siniwi ing masjid nulya. 82. Pepak sagung ingkang nangkil ingkang rama datan tebah Jeng Pangran Mangkubumine ingkang rayi munggeng ngarsa Pangeran Suryengalaga Ri Sang Pramudeng Apupuh mapan aris angandika. 83. "Heh sakehe sanak mami sagung ingkang pra muglama sarip kalawan kajine yen ing mengko karsaningwang iya si paman Maja pan ingsun lilani iku yen matura marang ingwang. 84. Sabarang parentah iki ingkang muni jroning Qur'an poma aja wedi mangko" Ki Maja matursandika Ri Sang malih ngandika "Heh sagunging sanak ingsun pandhita lan pra ngulama. 85. Sarip atanapi kaji lah ayo padlia tuntunan ngangkat adiling Hyang Manon" sadaya atur sandika Ri Sang nulya Uiwaran samana Ki Maja iku mondhok neng masjid Kewala. 86. Lan Kyai Keweron iki nging repotira sadaya </poem><noinclude>{{rh|242}}</noinclude> 4l47o12nikye431vjtmt57xgmjkh666 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/245 250 26326 82302 2026-07-18T14:58:10Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82302 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>nunggil neng Lepen Sokane winarna Nagri Ngayogya apan wus dadya wana bong obongan siyang dalu wus telas sagunging wisma. 87. Gedhe cilik datan kari mung kantun Kadhatonira loji kalawan masjide Danurjan Paku Alaman lawan Wiranagaran sa da ya wus sirna iku kinepung Nagri Ngayogya. 88. Mapan wus tan keni mijil Senapati samya ngatas arsa binedhah amangko Ri Sang mapan tan kalilan kinen ngepang kewala mung sinuprih engetipun sagunging para santana 89. Samana wus medal sami kang rayi rayi sadaya tan kari lan pangulune ketib modín lan marbotnya mung kantun kalih ika Pangeran Suryabrangteku lan Pangran Suryawijaya. 90. Lan ingkang putra satunggil Pangeran Dipakusuma ginedhong neng loji mangko myang sagung kang eyang - eyang lawan kang paman - paman ingkang makasih samya kantun langkung samya kawlasarsa.</poem><noinclude>{{rh|||243}}</noinclude> 5ng96atzkagdpw0ho0sw63log20vcxm Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/246 250 26327 82303 2026-07-18T14:58:43Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82303 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>91. Nanging ingkang paman kalih kang saged nusul punika nulya pinaringna maneh ingkang sepuh pinaringan Pangran Mangkudipura ingkang anem namanipun Pangran Panengah punika. 92. Lawan ingkang rayi sami Den Mas Sungep pinaringan Pangran Hadinata rane Den Mas Grontol namanira Pangran Suryadipura Den Mas Kandang namanipun Pangran Suryadi punika. 93. Den Mas Cangkik namaneki pan Pangran Tepasonta Selarong langkung arjane mangkana Secanagara mapan atur uninga ing Dimaya baris agung saking Kedu praptanira. 94. Ingkang ngirid Walandeki Dyan Tumenggung Danuningrat langkung kalih ewu kehe marmanya atur uninga rumaos tan kawawa Secanagara puniku kalawan Kartanagara. 95. Mapan lajeng den bantoni fama prajurit Bulkiya pan tigang atus kathahe langkung tiga welas ika kang dados pangiridnya Ki Muhamad Bahwi iku </poem><noinclude>{{rh|244}}</noinclude> a7042fm5j15op1g14hz16yci37pcx7x Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/247 250 26328 82304 2026-07-18T15:43:04Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82304 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Pangulu duk Tegalharja. 96. Sampun sepuh wayah neki nanging tyasnya langkung sura tan kalilan meksa bae pan kapengin pejah ika ing ngaprang sabilullah nulya pinaring nameku Muhamad Ngusman Ki Basah. 97. Tumenggungira kekalih prajurit Bulkiya ika Kaji Ngabdulkadir rane kang sisih Kaji Mustapa kalihnya langkung sura lawan binektanan iku ngulaminya kalih ika. 98. Kiyai Guru Melangi Muhamad Salim namanya lan Kiyai kasangane Ngabdul Raup ingkang nama pandhita pan satunggal Ngabdul Katib namanipun samana pan lajeng budhal. 99. Saking ing Silarong iki gangsal atus winatara sadaya kalempakane sampun prapta ing Dimaya lajeng ayun ayunan pan sampun tinata iku Bulkiya kang dadya dhadha. 100. Tumenggung Secanagari kang dadya pangawak kanan kering Kartanagarane nulya Ngusman Ngalibasah </poem><noinclude>{{rh|||245}}</noinclude> dhjq6gxcmx61rzrhoosi135bbgy2pur Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/248 250 26329 82305 2026-07-18T15:44:35Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82305 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ngabani kancanira Bulkiya pan sareng maju arempeg pangamukira. 101. Tengara bedhug tinitir gung samya munya gagana sing Kutha Windu asale Kiyai Ngusman Ki Basah wus mandhi kang paringan waos pusaka puniku awasta Ki Barutuba. 102. Apan lajeng murub iki marma gung wadya Bulkiya tan wonten uwas manalie mariyem wus kalancangan mung mungel kaping tiga saking rikat plajengipun ngedrel wus tan linegewa. 103. Lajeng kuwel ing ngajurit senjata wus datan munya carub waos lan sangkube pedhang lawan dhuwungira Rahaden Danuningrat ing yuda niapan kapangguh lan Ki Ngusman Ngali Basah. 104. Langkung ramening ngajurit kapanggih sami sudira nanging karsaning Hyang Manon Dyan Danuningrat kuciwa mapan sampun palastra bathang saradhadhu tumpuk kedhik kang gesang lumajar. 105. Mapan sami den tutuit kekecer saenggon-enggonnya </poem><noinclude>{{rh|246}}</noinclude> 10c7un8ch5h82chpph0x2s5kkv3trdl Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/249 250 26330 82306 2026-07-18T15:47:58Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82306 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Islam lujeng sadayane nanging wus karsaning Suksma Kyai Melangi prapta sabilullah marginipun kenging lantaking saujata. 106. Saradhadhu ingkang mbedhil pan saking kasupenira tan ngantos mendhet lantake nulya tinumbak santrinya saradhadhu wus pejah pan kathah bandhanganipun mariyam lawan sanjata. 107. Obat lawan mimis neki atanapi kang sandhangan Ki Ngusman tan mantuk mangke kalawan sakancanira mung tur surat kewala yen wilujeng kancanipun lajeng baris Kedu ika. 108. Dhusun pasantren den nggoni Bulkiya nenggih barisnya samana Tanah Jawane langkung ramening ngayuda ing sanggen-enggenira Pasisir Manca Nagriku Pajang lawan Sokawatya. 109. Gunung Kidul jawi kori Ledhok Gowong lan Banyumas mangkana kang winiraos ing Kedu kantun satunggal Raden Sumadilaga ing Parakan Nagrinipun ingkang tan nedya girisa. </poem><noinclude>{{rh|||247}}</noinclude> cny6aexrkgvxzyb8p3pr6s64t8qeehv Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/250 250 26331 82307 2026-07-18T15:50:08Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82307 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> X. GIRISA 1. Mapan lajeng nginggahana saking Ledhok Gowong ika Mas Tumenggung Handhangkara ing Gowong Gajah Permada ingkang dadya pangiridnya Mas Rongga Prawirayuda ing Parakan sampun prapta mulya pinethuk ing yuda. 2. Sumadilaga kuciwa mangkana sampun palastra ingkang mejahi punika pan Demangira priyangga Secapati namanira wus bedhah praakan ika mangkana ingkang winarna sagunging putra santana. 3. Kang dadya Senapati ka sadaya sami sulaya lan ingkang ngembani ika Pangeran Hadiwijaya Pangeran Jayakusuma Mangkudiningrat punika lan Pangeran Natapraja Pangeran Babakar ika. 4.Pangeran Balitar iya sadaya ngandikan nulya mring Silarong sampun prapta lajeng tan pinaring karya nging Pangran Balitar ika nuwun mring Bagelen kewala sanadyan silih kendela Mangkudiningrat punika. </poem><noinclude>{{rh|248}}</noinclude> lfi3o585p2opat0qzid9kj7c89so2cs Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/251 250 26332 82308 2026-07-18T15:53:05Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82308 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>5. Lan Pangeran Natapraja sadaya lan sadhereknya pan kinen mring Kedu samya baris ing Langon punika mangkana ingkang winarna Jendral De Kok sampun prapta saking Samarang sawadya ing Nagari Surakarta. 6. Lajeng dhumateng Ngayogya ngerig gung putra santana ing Surakarta sadaya lan Pangran Mangkunagara samarga marga ayuda nanging gung kang jagi marga sadaya tan na kuwawa saking kathah balanira. 7. Samana apan wus prapta Jendral ing Ngayogyakarta lajeng akintun nawala mring Ri Sang Murtining Yuda Bupati ingkang dinuta Ranadiningrat namanya mapan sampun apanggya lawan Pangran Suryenglaga. 8. Wus katur ingkang nawala mring Pangeran Suryenglaga kang duta ingandheg nulya apan kinen ngantosana kature ingkang nawala mring kang sinembah ngayuda mangkana ingkang winarna Jeng Ri Sang miyos sineba. 9. Munggeng masjid agengira pepak kang para ngulama </poem><noinclude>{{rh|||249}}</noinclude> 2qq452dk5zc2d0378sdwd24igugtswe Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/252 250 26333 82309 2026-07-18T15:54:19Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82309 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>pandhita sarip kajinya myang sagung putra santana. tanapi kang pra pratiwa gung- agung munggwing ngarsa tan tebih lawan kang rama Ki Maja Ki Kawron ika. 10. Nulya Pangran Suryenglaga ngaturken kang nawala saking Jendral De Kok ika mring Ri sang Murtining Yuda. mangkana alon ngandika wau dhumateng kang rama Jeng Pangran Mangkubumi ka Kiyai mangsa bodhoa. 11. Kalawan si paman Maja wanguslan layang punika kawula wus tan uninga den rembuga kang prayoga nulya kondur kang sineba kundur masangrahan ika Kangjeng Pangran kantun iya neng masjid lawan Ki Maja. 12. Lan Pangeran Suryenglaga Pangeran Jayakusuma samya angrembag nawala. badhe wawangsulan ika mring Jendral De Kok tumulya tembung ingkang kara - kara punika ingkang nawala Jang Pangran Mangkubuminya. 13. "Dhateng ingkang saudara Jendral De Kok ri sampunnya tabe kawula punika dene Jengandika tanya </poem><noinclude>{{rh|250}}</noinclude> 4al3dwu740xh5ya7eiait2q99zesv0f Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/253 250 26334 82310 2026-07-18T15:55:11Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82310 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>menggah karsane Ki Harya estu yen darbe karsa rumiyin lan sapunika nging luhuring kang agama. 14. Ing Tanali Jawi sadaya kalamun estu andika tan makewedi punika mring agamane akar ya Islame ing Tanah Jawa pan inggih purun Ki Harya dhame lawan Jengandika nanging anedha pratandha. 15. Fcap lawan kang pratela semados ing dintenira lan pundi enggen papanggya yen andika mbekta baia kita inggih mbekta baia yen Jengandika priyangga inggih pribadi Ki Harya" wus telas ingkang nawala. 16. Sampun pinaringken sigra mring Ranadiningrat ika ka bektaa mring Ngayogya mapan wus datan winarna ing Silarong kawarnaa Ri Sang Miseseng Ngalaga ginubel kang pra ngulama myang sagung putra santana.. 17. Sadaya para pandhita tanapi kang pra pratiwa Ki Kenwiron lan Ki Maja kang rama saftgat aturnya karsa jumeneng nata </poem><noinclude>{{rh|||251}}</noinclude> 1zzxqto00msh0ycnsw0ydxbhik84pu6 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/254 250 26335 82311 2026-07-18T15:57:26Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82311 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>sabab ewed hukumira kang samya prapta sabilnya sumedya angaben bala.. 18. Punika Jendral wus prapta lamun datan jumenega sayekti apan kuciwa lan kathah pakewedira kang aprang panggah bicara sabab wus samya narendra dadya tan wonten kuciwa kantun pasrah mring Hyang Suksma. 19. Jeng Pangran Mangkubumi ka ngarih arih mring kang putra sanget aris angandika "Kulup welasa mring bala lan manawa dhinginana iya wangsiting Hyang Suksma dene dadining ngayuda mokal kulup yen sepiya. 20. Dene datan karepira wekasan mangkene iya" Ri Sang Murtining Ngayuda wekasan wudhar kang karsa mesem aris angandika "Kyai rumiyin kawula nyumpena wonten nawala ingkang mbekta tiyang astha. 21. Winaos mungel mangkana Parentali Qur'an punika Kang Sinuhun Sultan ika Ngabdulkamit Herucakra. Kabiril Mukminin Sayida Panata Agama Jawa Kalifatur Rasul iya </poem><noinclude>{{rh|252}}</noinclude> 2tlh30gjk6up7h0f15uw4emkh474wqr Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/255 250 26336 82312 2026-07-18T15:58:04Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82312 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>samya ing Jawa sadaya. 22. Ingkang mbekta lajeng musna serat cinemplungken toya Jeng Pangran Mangkubumi ka langkung lega ing tyasira Kyai Kewiron mangkana atanapi Kyai Maja inggih punika pratela kalamun wangsit Hyang Suksma. 23. Kangjeng Pangran Mangkubumi ka nulya kinen nimbalana mring Pangeran Suryenglaga tan antara nulya prapta ing ngarsanira kang rama Jeng Pangran Mangkubumi ka apan.aris angandika "Heh ta thole Suryenglaga. 24. Besuk Senen parentahna mring sagung putra santana lawan kang para Dipatya Mantri prajurit kang ana lan andika Kyai Maja den pepak sagung ngulama Sarip Kaji lan Pandhita" kalihnya matur sandika. 25. Samana wus tan winarna ing dina Senen punika enjing wus pepak sadaya sagung ingkang siniwaka sampun jumeneng punika Jeng Sinuhun Sultan iya Ngabdulkamit Herucakra Kabiril Mukminin ika. </poem><noinclude>{{rh|||253}}</noinclude> d0ni14rkpcv3dd4gz0my7e4z57yo6gp Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/256 250 26337 82313 2026-07-18T15:58:48Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82313 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>26. Winahidan pra Ngulama Sarip Kaji lan Pandhita myang sagung putra santana tanapi kang pra pratiwa ri wus aluwaran samya langkung lega ing tyasira sagung ingkang wadyabala Ngulama sukuring Suksma. 27. Ri wusnya gantya sang Dipa angaturi ingkang rama nama Panembahan ika Ngabdul Raub jujuluknya ingkang ibu namanira Kangjeng Ratu Ageng ika. dene namun ingkang garwa Jeng Ratu Kadhaton iya. 28. Wonten malih ngaturana Kangjeng Ratu Ibu iya kaprenah sepuh punika kalawan swargi kang rama nanging sanes ibunira Kangjeng Sultan ibunira Pangeran Dipanagara pinaringan nama ika. 29. Kangjeng Pangeran Dipatya kang putra Dyan Antawirya mapan pinaringan nama Pangeran Dipanagara wonten kang anama juga Pangeran Jayakusuma pinaringan nama ika Pangeran Jayadi ika. 30. Putranya pinundhut nulya mapan pinaringan nama. </poem><noinclude>{{rh|254}}</noinclude> rnbdg62ytqb5qs7d0a10sbr1mriktr5 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/257 250 26338 82314 2026-07-18T15:59:12Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82314 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>Pangeran Jaya kusuma mangkana wus tan winarna kawarna putra santana lan sagung para pratiwa tanapi kang pra Ngulama pan samya angarsa - arsa. 31. Mring Jendral wangsulanira ngantos lami antaranya pan samya kendel kewala dadya ing tyas samya lena mangkana ingkang winarna wonten pandhita kang prapta ing Majasta pondhokira wasta Mas Lurah punika. 32. Nanging Pandhita lalana saking Arab wijilira saestu Sarip punika nanging namur nama Jawa saking karem mring Hyang Suksma pan wus supe dhahar nendra salat wus tanpa wektunya datan wonten kendelira. 33. Neng Majasta den sikara mring Pangran Mangku Nagara mapan parentahing Landa dadya mring Silarong ika lan Jeng Sultan papanggya dadya langkung tresnanira mapan samya ambekira pan estu nunggil kang karsa. 34. Wus pinaring pondhokira langgar alit jero nggennya anunggil Jeng Sultan iya samya langgar pondhokira </poem><noinclude>{{rh|||255}}</noinclude> ax59hxmh5bz06wt32mggq67rlmd5yf0 Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/258 250 26339 82315 2026-07-18T16:32:51Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82315 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>saben bakda salai Ngisa Mas Lurah sowan punika Mring Kangjeng Sultan mangkana pinuju sareyan ika. 35. Mas Lurah anulya prapta lajeng meteki kang pada sareng dangu dangu nulya Mas Lurah medal kang waspa Jeng Sultan aris katanya "Heh Mas Lurah ana apa ya gene sira karuna" Mas Lurah Ton aturnya. 36. "Anak Sultan satuhunya sun lamun weruh mring sira yen upama gedhang ika kaya sun untai -untala banget welasku lan sira" Jeng Sultan mesem ngandika "Sira welas agenea" Mas Lurah malih aturnya. 37. "Sireku mapan kinarya mring Allah Kalifah Jawa pan ora pinaring ika kanthi marang wong sajuga" Kangjeng Sultan angandika "Dene lir wong ngimpi sira pan iki satanah Jawa wus dadi rewangku padha. 38. Ngulama lawan Pandhita Sarib Ngabid lan Suhada mapan akeh Tanah Jawa apa dene Kyai Maja" Mas Lurah aris aturnya "Kabeh iku geseh padha </poem><noinclude>{{rh|256}}</noinclude> 95sc8c2duc1oo2wdn8202vgmdlwbmqf Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf/259 250 26340 82316 2026-07-18T17:38:48Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 82316 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem>ing besuk wekasanira" Jeng Sultan mesem ngandika. 39. "Sanajan kabeh geseha ingsun kanthi lawan sira" Mas Lurah aris ngandika "Ingsun iki satuhunya pan wus bosen aneng donya sun prapta saksi kewala anak iya marang sira mung amrih sabil kewala." 40. Mangkana wus tan winarna kawarnaa Kyai Maja lan sagung pra ngulama tanapi kang pra pratiwa myang sagung putra santana samya ngajeng ajeng ika serat Jendral wangsulannya dadya ing tyas samya lena. 41. Tan ana mikir yuda pan namung patemonira kang samya den arsa - arsa pan langkung katungkulira sagung ingkang Senapatya ing Mataram pan sadaya maksih baris neng prenahnya ngajenganira priyangga. 42. Samana panuju ika ing dina Jumungah ika Jeng Sultan arsa salata lawan sagung pra ngulama anulya myarsa suwara mriyem mungel tan antara pacalang atur uninga yen mengsah ngedali yuda. </poem><noinclude>{{rh|||257}}</noinclude> 6tybojxhpp5sfclac9xxnna8mkfoo3x