Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.14 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/7 250 8422 82476 27333 2026-08-11T08:54:56Z Thersetya2021 125 82476 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Kriita" />{{c|'''I. KJAI AGENG WANABAJA'''}}</noinclude>{{Tab}}Peputjuking serat ingkang kadamel gegantjaran, amewahi asrining panglipur, panglipuring manah prihatos, prihatosipun awit kagèndèng saking suraos, suraosipun serat babad Mangir, inggih punika ingkang anama Kjai Ageng Wanabaja ing tanah Mangir; sakelangkung amemudja ing sihipun Pangéran ingkang Murba Wasésa, awit darbé wasijat ingkang sakelangkung ageng kagunanipun, awarni waos ḍapur baru kuping, andadosaken sanget lubèring kapurunanipun, satemah mbaléla boten purun kaerèh ḍateng Sang Prabu ing Padjang. Mila tansah ambeguguk nguṭa waton, karana panggagasing manah kuwawi anjembadani guna sektinipun Sang Nata ngantos dumugi karaton ing Ngèksiganda, tansah mogok boten sudi anjembah dateng pandjenenganipun ratu. {{Tab}}Para kadang-warganipun sami darbé pangrimuk saha pamrajogi, angaturi rembag mugi karsaa sowan ḍateng: Sang Nata ing Mataram, amurih rahardjaning lampah, djalaran sakiwa tengening djadjahan tanah Mangir sampun sami sujud teluk saha atur bulu bekti miwah glondong pangareng-ngareng. Mangka tanah Keḍu, Bagelèn, Paṭi, Djepara, Maḍijun, Keḍiri, Padjang, Semarang inggih sampun sami sujud angabekti, namung kantun Kjai Ageng pijambak ingkang dèrèng angidep ing Mataram, tansah adamel pakêweding ratu, Mekaten malih ing Mangir tanah langkung alit, ing saèstu kirang prajogi katingalan ing ngakatah, pantjèn saleresipun tanah ing Mangir kalebet djadjahan ing Mataram. {{Tab}}Aturipun para warga : „Kjai, punapa ingkang dipun andelaken, tijang kawon, samukawisipun, mengsah ratu kawon sugih bala, dados sadajanipun kasoran, Binasakaken sampéjan punika Kjai, kados katé angrangsang gunung, tjébol anggajuh langit, kados timun anglawan durèn, paran marginipun saged unggul, sampéjan anandingi Sang Prabu ?” {{Tab}}Tumunten Kjai Wanabaja amangsuli ambekuh : „Pan Allah, kang andarbèni bumi, aku suwita ing Allah tangala, ora ngawula Sénapati, djer paḍa titahing Pangéran. Aku namung ngukuhi nalika mula bukané, nggoné tjakal-bakal wong tuwaku kang wus suwarga ababad alas sarta matjul ora nganggo njenjambat lijaning djanma, panggarapé luwih saka rekasa, satemah dadi sawah lan tegal. Apa manéh aku ora nedya amanèni sarta njikara pakaraning ratu, tuwin aku ora nedya dadi naréndra, awit aku dudu waris asaling ratu. {{Tab}}Apa kang dèn-utjap manèh, mung aku wis daknijati, suṭik kaerèh marang sesamaning manungsa. Nanging aku duwé pasanggiri: aku gelem ngawula sarta anjembah marang sapepadaku, menawa ana manungsa kang katjonggah anaḍahi marang putjuking tumbakku kang aran Kjai Baru-kuping, pusaka saka leluhurku !” {{Tab}}Para kadang warganipun sami éram, déné boten mikir ḍateng rembag kang rahardja, amung tansah kumalungkung angandelaken waosipun. Manawi para sentana matur mbebolèhi ladjeng kasentak,<noinclude>{{rf|||5}}</noinclude> emlcps3tnnfqliljm6hi4d7okvsvu7d Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/156 250 26341 82477 82437 2026-08-11T11:31:20Z Sygrayem 509 ꦏꦶꦮ 82477 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Sygrayem" /></noinclude>{{jawa|ꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦥꦿꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦏꦁꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦤ꧀ꦤꦺꦁꦔꦂꦱ꧈ꦭꦮꦤ꧀ꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦠꦸꦂꦚ꧈ꦏꦮꦸꦭꦲꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺꦁꦏꦁꦱꦼꦒꦫ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ꧈ꦏꦼꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦤꦮꦤꦺꦴꦢꦾ꧈ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦚꦠꦤ꧀ꦲꦤꦥꦶꦟ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦢꦢꦾꦮꦼꦣꦂꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦫ꧈ꦤꦸꦭꦾꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦒꦫ꧈ ꧅ꦏꦮꦸꦭꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦭꦸꦁꦔ꧈ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦩ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦭꦶꦃꦚꦱꦏ꧀ꦤ꧈ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦮꦶꦤ꧀ꦤꦊꦱ꧀ꦏꦺꦮꦭ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦶꦱ꧀​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦩꦿꦃꦲꦺꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦮꦢꦺꦤꦃꦲꦁꦒꦺꦂ꧈ꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤ꧈ꦲꦶꦁꦧꦺꦚ꧀ꦗꦁꦏꦮꦸꦭ꧈ꦥꦸꦤꦥꦏꦂꦱꦗꦸꦩꦸꦫꦸꦁ꧈ꦲꦁꦒꦼꦂꦩꦸꦭꦾꦏꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦶꦱ꧀​ꦢꦺꦤꦺꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿ꧈ꦮꦭꦸꦪꦏꦂꦱ}}<noinclude></noinclude> sq757dx87aeyu7okxoqckxzhfcevf7i