Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.14 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/10 250 8526 82489 27541 2026-08-12T10:38:46Z Thersetya2021 125 82489 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Raflinoer32" /></noinclude>djanma : Sang Nata langkung ngudi ngupaja mantu ingkang bagus sarta ingkang gagah prakosa, ingkang saged angentasi pakarjan pradja !” {{Dotted TOC page listing|||}} Sampun lepas lampahipun, tumunten ngambah salebeting negari. Pangéran Mangkubumi kalijan Pangéran Singasari paréntah ḍateng para wadya pangirid lampahing baris kinèn atata, sami boten kénging kalintu ing prenahipun satunggil-satunggil, adjadjar anggangsal-gangsal awit ngadjeng dumugi wingking, boten kénging dompo lampahipun. Ingkang waos kinèn amandi sarta liniga, tansah prajitna ing pakewed. Sampun waradin wadya ḍinawuhan rempek, lampahing baris sap-sapan arampak awidjah-widjah gumulung agolong pipit, untaping baris kados séla blekiṭi, asrang aselur, busana anéka warna abra sinang, urut kadya prawata agni, sanèsipun kadya wukir sekar, sawenèh asuka bingah, bledug anempuh, kang manganggé peṭak katingal saking mandrawa kados kuntul areraton, sunaring méga-méga araras, soroting lintang ngalih pating pantjorot anggegirisi, ing akasa semu kingkin, bengingèhing turangga asri barungan awor gumredeging lampahipun baris sarta panjeluking djanma nonton, asri kawurjan dados tetingalan ing samargi-margi, isṭaning lampah anglir andon djajèngprang. Kala samanten sampun dumugi ing Pamurakan, gangsa koḍok-ngorèk mungel ramé, punapa malih ungeling gamelan saurut tepining alun-alun langkung umjung anglir kapireng ing langit, beḍugipun tinitir, swara umjang gumuruh, kados redi gugur katerak ing pantjawora tarik. Kjai Ageng Mangir sakelangkung suka bingahing manah, Tumenggung Wiraguna énggal ameṭuk, alon arum ing aturipun: „Duh, anak Ki Ageng Mangir, enggèr, paduka baḍé arsa malebet ing kaḍaton saos sembah pangabekti anguswa padaning marasepuh, ḍasar naréndra agung ing nuswa Djawi. Kula ngaturi pamrajogi ingkang kalampahan pranatan karaton Padjang dumugi Mataram, bilih wonten para luhur baḍé sowan ing nata, kedah anilar upatjaranipun. Mila atur kula, anggèr, sakaṭahing upatjara katilara wonten ing djawi.” Kjai Ageng Mangir anuruti, Pangéran sekawan wonten ing pantjaniti saos wuninga ing Sri Naréndra, bilih Kjai Ageng Mangir sampun ḍateng wonten ing Pamurakan, angentosi ḍawuh timbalan dalem sang Prabu. Sang Pamasé angandika: „Hèh, botjah angganḍèk, timbalana putraningsun Sang Dyah Retna lan lakiné si Djebèng Mangir, ḍawuhana énggal bandjur malebu marang kaḍaton katemu marang ingsun, adja kesuwèn ana ing djaba.” Angganḍèk munḍur saking ngarsa nata, gurawalan lampahipun sampun dumugi ing Pamurakan nḍawuhaken timbalan dalem sang Nata : „Kjai Ageng Mangir, pakenira ingandikan Sri Pamasé kalijan sang Dyah Retna, awit kaarsa-arsa wonten salabeting ḍatulaja, sang Maha Prabu langkung oneng ḍumateng sang Dyah Retna, saha kasesa baḍé wuninga ḍateng pakenira Kjai Ageng, karana Gusti Sang Pamasé<noinclude>{{rh|8}}</noinclude> 4rzo8e90i01ce6oid39hekqcaaqxm2l Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/168 250 8612 82480 82475 2026-08-11T16:45:55Z Yuliarp 1816 /* Titiwaca */ 82480 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Yuliarp" /></noinclude>saka prigelé tangan. Nanging sanjatané mono rama iki pantjèn kena tak-arani waspada, priksa menjang semu.”
Semar : „Nèk kanggoné aku, Nalagarèng, adja manèh menjang klébat kang tjeḍak ora weruha, senadyan kang adoh-adoh aku isih tjeta.”
Pétruk : „Kuwi dudu pasemon, nijaté ngarani mentah-mentahan. Nanging jèn aku iki, pantjèn barès, mung ḍapur ngitjipi, nanging angèl anggonku ngarani énaké ana ing ngendi. Bareng wis katog, keterangané djebul énak kabèh, bumbuné sarwa semeḍengan. Iki baṭiné wong duwé bodjo pinter olah-olah. {{c|'''PASAR GAMBIR'''}} Garèng: „Wah, Truk, delengen gapuraning Pasar Gambir, kaṭik kaja kuwih tar. Kaé, lo, sing djenengané konengen-krun, tur konengen-krun {{...|10}} tèdji.”
Pétruk: „Waduh, kaṭik kaja djaran, diunèkaké tèdji. Kang Garèng, saiki kowé lan aku iki pada matjak gadjah, dadi tjara prijaji deles. Nèk aruh-aruh ambok adja seru-seru, delengen wong-wong paḍa nolèh mréné, daran-daranana kéné mengko rak mung mèmper karo pjaji baé, tegesè: dadi dudu {{...|10}} pjaji. Ora kang Garèng, kok kadingarèn temen, teka ana ing Pasar Gambir, kaṭik ora kambi bakju, apa saiki kowé wis {{...|10}} menang.”
Garèng : „Nèk aku iki sédjé Truk, wong ija kanḍiḍat {{...|10}} suwarga, emoh njang padon-padon kuwi, luwih-luwih njang bodjo ; sabisa-bisa kudu arep tansah gawé leganing atiné baé. Mulané tumrapé bakjumu, sing dak tjekeli ija unèn-unèn mengkéné kaé : sing kena iwaké, adja nganti buṭek banjuné. Bukaké Pasar Gambir iki, aku kepéngin nonton déwé; amrih bisané klakon, bandjur daktindakaké mengkéné: Ana ing ngomah aku kanḍa karo bakjumu :
„Buné, buné, wèh, aku seneng banget, mulané poma sapisan kiji nèk kowé gelem mituruti pandjalukku, tjekaké : namaku mumbul. Kosok baliné jèn kowé ora gelem mituruti karepku, wah ija adjeg mung mas ngantèn Garèng baé. Lo, terangé mengkéné buné. Bésuk bukak Pasar Gambir iki aku olèh uleman, dadi dianggep : ndara geḍé kaé, nanging anggonku olèh uleman iki, sabeneré mono ketarik saka anggonmu dadi pemimpin kumpulan wanita. Djaréné ana ing kana papan kanggo pemimpin-pemimimpin iki wis disepisalaké (dipidjèkaké), tur ngégla banget. Waḍuh, nèk garwané aku lenggahé ngégla katon para panggeḍé-panggeḍé, mesṭiné paḍa aruh-aruh : Lo, sing bregas tur kandjat kaé rak mopro Nala, ta? Mara, apa djenengku ora katut dadi kembang lambéné para luhur ?
Takkanḍani mengkono kuwi wangsulané karo njengap: „Emoh, emoh, aku dudu sapi, kaṭik arep ditentunsetélingaké, aku arep ana ing ngomah baé”. Ing batin aku: Ha-ha-hak, horé, nanging raiku dakgawé sadjak ngenes banget kaé, sarta bandjur kanḍa karo ngrintih, mengkéné : „O, Allah, buné, sepisan kiji ambok turutana, jèn nganti kowé ora milu, aku rak ija kisinan banget, mulané {{...|10}} wis, ah luwih betjik aku tak njang ngomah baé.<noinclude>{{rh|166}}</noinclude> bvfc25td2n7jsfkzdzux48lsv0ufy6a Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/36 250 14519 82486 48183 2026-08-12T04:56:05Z Empat Tilda 628 /* Absah */ 82486 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Empat Tilda" /></noinclude><poem> '''KUCINGKU''' Aku duwe kucing Loro cacahe Wulune ireng meles Iku sing lanang Sing wadon Wulune kembang talon Nanging aku gumun Marang kucing-kucingku Senengane Mangan lawuh pindhang Yen era dilawuhi pindhang Ora gelem mangan Dhuh, nakal tenan kucing-kucingku Sanadyan mangkana Aku tetep tresna marang kucing-kucingku Amarga omahku aman saka gangguan tikus kang njengkelake Matur suwun yo kucing-kucingku Muga-muga kowe kabeh padha sehat lan lucu-lucu </poem><noinclude>{{rh|24}}</noinclude> 7wv7kg8c5utvcu0x94ialzyq9d3cx5s Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/37 250 14570 82487 48372 2026-08-12T04:56:51Z Empat Tilda 628 /* Absah */ 82487 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{r|Susi}} <poem> '''IBU''' Aku lunga ning Kediri Wis rong tahun Ninggalne keluargaku Anakku loro lanang kabeh Sejatine aku tresna tenan Marang anak-anakku Nek aku kangen Aku sambangi anakku Sawulan pisan Sakjane aku ora tega Gak mentala Ninggalne anak-anakku Ningomah dhewe Tanpa wong tuwa </poem> <poem> '''BECAK''' Kerep aku numpaki Alat transpor iki Sing isa santai Sing isa ngati-ati Tanpa polusi Senajan tenaga manungsa Nanging aku tetep nyenengi </poem><noinclude>{{rh|||25}}</noinclude> h0z94y1gq88ta6nnf1mets8xaymig0s Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/38 250 14571 82488 48373 2026-08-12T04:57:29Z Empat Tilda 628 /* Absah */ 82488 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{R|'''Anik'''}} <poem> '''RAMBUT''' Aku pingin duwe rambut Sing endah lan subur Nanging wis dadi nasibku Rambutku kriting Rasane angel tenan takdawake Aku uwis usaha Saben dina kramas isuk lan sore Sampo apa wae wis takcoba Nanging tetap wae rambutku ora bisa dawa Akhire aku kudu tuku rambut palsu Oalah nasib...nasib </poem> <poem> '''BRAKI''' Sega sakepel Dirubung semut Salak apa Pitik walik Saba kebon Nanas apa Ning Kediri Numpak sekuter Prawan saiki nek turu ngiler </poem><noinclude>{{rh|26}}</noinclude> shchb5jd9e5ecu8ouqhejn14h6p3qep Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/156 250 26341 82483 82477 2026-08-12T04:05:10Z Sygrayem 509 ꦭꦤ꧀ꦗꦸꦠ꧀ 82483 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Sygrayem" /></noinclude>{{jawa|ꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦥꦿꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦏꦁꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦤ꧀ꦤꦺꦁꦔꦂꦱ꧈ꦭꦮꦤ꧀ꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦠꦸꦂꦚ꧈ꦏꦮꦸꦭꦲꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺꦁꦏꦁꦱꦼꦒꦫ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ꧈ꦏꦼꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦤꦮꦤꦺꦴꦢꦾ꧈ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦚꦠꦤ꧀ꦲꦤꦥꦶꦟ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦢꦢꦾꦮꦼꦣꦂꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦫ꧈ꦤꦸꦭꦾꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦒꦫ꧈ ꧅ꦏꦮꦸꦭꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦭꦸꦁꦔ꧈ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦩ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦭꦶꦃꦚꦱꦏ꧀ꦤ꧈ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦮꦶꦤ꧀ꦤꦊꦱ꧀ꦏꦺꦮꦭ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦶꦱ꧀​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦩꦿꦃꦲꦺꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦮꦢꦺꦤꦃꦲꦁꦒꦺꦂ꧈ꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤ꧈ꦲꦶꦁꦧꦺꦚ꧀ꦗꦁꦏꦮꦸꦭ꧈ꦥꦸꦤꦥꦏꦂꦱꦗꦸꦩꦸꦫꦸꦁ꧈ꦲꦁꦒꦼꦂꦩꦸꦭꦾꦏꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿ꧈ ꧅ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦶꦱ꧀​ꦢꦺꦤꦺꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿ꧈ꦮꦭꦸꦪꦏꦂꦱꦪꦁꦩꦤ꧀ꦤꦺꦴꦤ꧀​ꦥꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦏꦸꦮꦱ꧈ꦩꦸꦒꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦫꦶꦁꦔ꧈ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦫꦩꦸꦭꦾꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀​ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦠꦸꦂꦚ꧈ ꧅ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦉꦁꦏꦂꦱꦢꦺꦮꦗꦶ꧈ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦩꦿꦶꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿ꧈ꦤꦺꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦺꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦏꦮꦸꦭꦥꦤ꧀ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈ꦔꦶꦁꦠꦤ꧀ꦮꦶꦏꦤ꧀ꦩꦂꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀​ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ ꧅ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦠꦸꦂꦫꦶ꧈ꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦒꦾꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀​ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦫꦥꦿꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦠꦸꦂꦚ꧈ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦥꦤ꧀ꦤꦸꦫꦸꦠ꧀​ꦮꦸꦱ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦶꦫ꧈}}<noinclude></noinclude> 1hz44m7ip581sodvsg3qigucneexfls Parembugan:Isih Ana Kaelokan 1 26383 82484 82460 2026-08-12T04:37:17Z Empat Tilda 628 /* Buku iki nyalahi aturan hak cipta */ Mangsuli 82484 wikitext text/x-wiki == Buku iki nyalahi aturan hak cipta == aku ndelok kaca [[Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/3|colophon]], tibakno buku iki isih dilindungi hak cipta. Penake piye? @[[Naraguna:Bennylin|Bennylin]] @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]]? -- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 6 Agustus 2026 17.05 (UTC) :Taun terbit buku: 1975, wis 51 taun kepungkur ta, @[[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]]? [[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ([[Parembugan Naraguna:Thersetya2021|rembugan]]) 7 Agustus 2026 10.40 (UTC) ::iyo wis 51 tahun kepungkur, tapi bukane nek buku ngene iki lagi lepas hak cipta kepitung 70 tahun saka penulise seda mbak @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]]? ::-- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 12 Agustus 2026 04.37 (UTC) dj5st0vcbo1ti5cjq1ifr64j7l4r0f5 Parembugan:Mawar Mawar Ketiga 1 26384 82485 82461 2026-08-12T04:38:45Z Empat Tilda 628 /* Buku iki isih durung domain publik */ Mangsuli 82485 wikitext text/x-wiki == Buku iki isih durung domain publik == buku isi isih nduweni hak cipta. ning kaca kene ketulis [[Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/4|all rights reserved]]. penake piye @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] @[[Naraguna:Bennylin|Bennylin]]? -- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 6 Agustus 2026 17.21 (UTC) :Miturutku diudhunke @[[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] [[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ([[Parembugan Naraguna:Thersetya2021|rembugan]]) 7 Agustus 2026 10.49 (UTC) ::diudhunke piye carane? @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ::-- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 12 Agustus 2026 04.38 (UTC) 82c2v6itm6zslv5n0oqzahtrbxyvcd0 82490 82485 2026-08-12T11:48:12Z Thersetya2021 125 /* Buku iki isih durung domain publik */ Mangsuli 82490 wikitext text/x-wiki == Buku iki isih durung domain publik == buku isi isih nduweni hak cipta. ning kaca kene ketulis [[Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/4|all rights reserved]]. penake piye @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] @[[Naraguna:Bennylin|Bennylin]]? -- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 6 Agustus 2026 17.21 (UTC) :Miturutku diudhunke @[[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] [[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ([[Parembugan Naraguna:Thersetya2021|rembugan]]) 7 Agustus 2026 10.49 (UTC) ::diudhunke piye carane? @[[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ::-- [[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] ([[Parembugan Naraguna:Empat Tilda|rembugan]]) 12 Agustus 2026 04.38 (UTC) :::umm, dibusek ngono karepku utawa diarsipake.. sik, sik.. nunggu tanggepan saka Mas @[[Naraguna:Bennylin|Bennylin]] ya, @[[Naraguna:Empat Tilda|Empat Tilda]] [[Naraguna:Thersetya2021|Thersetya2021]] ([[Parembugan Naraguna:Thersetya2021|rembugan]]) 12 Agustus 2026 11.48 (UTC) cr94k4b1veni8c3mp7ji5xdm21bwvbl Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/1 250 26396 82478 2026-08-11T16:41:59Z Yuliarp 1816 /* Durung katitiwaca */ Nggawé kaca mawa "SERI PENYUSUNAN ANTOLOGI PUISI DAN GEGURITAN setitik air di lokalisasi DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA SURABAYA 2008" 82478 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Yuliarp" /></noinclude>SERI PENYUSUNAN ANTOLOGI PUISI DAN GEGURITAN setitik air di lokalisasi DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA SURABAYA 2008<noinclude></noinclude> 6sk0ofkyg0cgt0p6stdf6zzcr6soy8i 82479 82478 2026-08-11T16:45:29Z Yuliarp 1816 82479 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Yuliarp" /></noinclude>SERI PENYUSUNAN ANTOLOGI PUISI DAN GEGURITAN
setitik air
di lokalisasi DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA SURABAYA 2008<noinclude></noinclude> hpb6mj0u2jrc67fnagfpj60pt2bps54 82481 82479 2026-08-11T16:47:56Z Yuliarp 1816 82481 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Yuliarp" /></noinclude>SERI PENYUSUNAN ANTOLOGI PUISI DAN GEGURITAN
setitik air
di lokalisasi DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA SURABAYA 2008<noinclude></noinclude> dvrjraxjmzox4rlgtj0q2tv1hpzhtse 82482 82481 2026-08-11T16:48:54Z Yuliarp 1816 82482 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="1" user="Yuliarp" /></noinclude>SERI PENYUSUNAN ANTOLOGI PUISI DAN GEGURITAN
setitik air
di lokalisasi DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA SURABAYA 2008<noinclude></noinclude> beuvksdnnv8nbvltwh83bd6dghdyvo6