Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.47.0-wmf.15
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Acara
Pembicaraan Acara
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/1
250
22671
82499
72145
2026-08-13T06:34:05Z
Nasudi
1674
/* Absah */
82499
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Nasudi" /></noinclude>'''S. REKSO PANUNTUN'''
{{c|'''SEKAR SUMAWUR'''}}
{{c|'''NGREWAT PEPAK PATULADHAN'''}}
{{c|'''tanggap wacana ~ basa jawi'''}}
{{c|CENDRAWASIH- Surakarta}}<noinclude></noinclude>
m3hd8hx2kcn7712lr4j1ks622pv5q0z
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/3
250
22672
82500
72146
2026-08-13T06:35:31Z
Nasudi
1674
/* Absah */
82500
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Nasudi" /></noinclude>S. REKSO PANUNTUN
'''{{c|SEKAR SUMAWUR}}'''
{{c|NGEWRAT:}}
{{c|'''Conto- Conto Pidato Basa Jawi'''}}
{{c|CENDRAWASIH - SURAKARTA}}<noinclude></noinclude>
h1ydqlahfvq76rvl55nrjclirkvlmjh
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/5
250
22674
82501
72148
2026-08-13T06:46:31Z
Nasudi
1674
/* Absah */
82501
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Nasudi" /></noinclude>
=== {{c|ATUR PAMBUKO}} ===
Bismillahir rochmanir rochiim
Assalamu'alaikum wr. wb.
Kanti ngunjukaken puja puji pujiastuti hing sahadap pada dateng Gusti Allah swt. ingkang sampun paring rahmat, saengga pangrepta saged ngracik rerocening tanggap wacana punika.
Kanti adedasar kasunyatan bilih basa Jawi taksih kaginakaken sebagian ageng bangsa kita, pramila pangripta tumut urun kangge njangkepi tanggap wacana ingkang taksih asring ngginakaken basa Jawi.
Ing buku punika ngemot tanggap wacana ingkang kinten-kinten taksih ngginakaken basa Jawi. Ing mliginipun ingkang taksih wonten ing alaming padusunan.
Sarehning buku punika naming ngemot pathi sarinipun tanggap wacana, pramila pangripta taksih nyuwun supados para maos, saha para para ingkang ngginakaken buku punika taksih ngimbuhi atur ingkang kinten-kinten perlu kaaturaken, awit tanggap wacana punika boten saged ewal saking papan lan kawontenan.
Minangka tutuping atur, pangripta bade tansah nampi panyaruwe tuwin pitedah saking para saderek, ingkang tumuju dumateng kula sampurnaning buku punika.
Bilahit taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
Wasana matur nuwun.
Pangripta.<noinclude>{{rh|1}}</noinclude>
5g7xeshg00sfvykghh3ox7dqmrdtksp
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/6
250
22675
82502
72150
2026-08-13T06:51:57Z
Nasudi
1674
/* Absah */
82502
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Nasudi" /></noinclude>=== {{c|TANGGAP WACANA (PIDATO)}} ===
Tanggap wacana (pidato) inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah punika mboten wonten batesipun, ingkang baken langkung saking sedasa kinten-kinten semanten.
==== Tujuanipun pidato (tanggap wacana) ====
Ancasipun pidato biasanipun kathah ingkang mbentenaken dados 3:
# Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes.
# Kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, utawi peparing panglipur dumateng ingkang midangetaken.
# Kangge nggerpol utawi mengaruhi pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening pamwacana.
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged mangertos saha paham dumateng punapa
ingkang sampun dipun ngendikakaken pamwacana (ingkang maringi pidato).
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaos rena ing penggalih.
Bilih tanggap wacana kangge mengaruhi pemanggih pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika kapitadosan pamidanget dumateng punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus
ikhlas nindakaken dumateng paunapa ingkang sampun dipun ngendikakaken saking pamicara.
mBoten ngemungaken punika kemawon, nanging<noinclude>{{r|2}}</noinclude>
rnl41n9ah6gszp7pqfhiv9jhelxhq07
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/24
250
22719
82503
72194
2026-08-13T07:09:54Z
Nasudi
1674
/* Absah */
82503
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Nasudi" /></noinclude>rukmi penentha modhangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinasotya, dhuwung tinatah tinatur rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lumaksana kadulu amimbuhi pekiking Penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, cihna kalamun nedya sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.
Pinanganten putri dedeg piadege pidegsa hamantesi sembada ganging sarira, sasolahe milanggoni, lelewane nuju krana, rinengga ing busana adi tinata endah, ngagem cundhuk awangun wulan pinanggal tinaretes sesotya pinatut kalawan cundhuk menthul ingkang tansah ebah-ebah yen kinarya lumaksana, kalamun cinandra kadi anggane wong ayu kang lagya ngawe-ngawe bebedhangane. Ukel rinengga konang puspita endah kawuryan asri yen dinulu. Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, kinatik patik sesotya, satuhu akarya lamlaming kang samya humiyat. Kebayaknya warna langking sumulam benang kencana kembar padha kresnane kaliyan busana penganten kakung. Cetha kalamun panganten sarimbit wus saruju boboting katresnan, mila jroning lumaksana tansah pepuletan asta dhatan ginggang sarambut pinara sasra, ajrih kuwala kalawan ingkang garwa dhasar timbang rasa tresnane.
Tandhang tandhuke rasa lumaksanane panganten ingkang tansah runtang-runtung rerentengan dhumateng sangyaning para taruna satemah enget marang pepacang ane, panglucitaning wardaya yen kawedar ing lathi, "Suk kapan bisa dadi manten kaya dina iki? tansah gawang-gawang sih raketing katresnan. "Para werdha ingkang uninga sri panganten sarimbit satemah enget mring dharmane. Agya paring pepuji, "Muga tutuga anggenira jejodhohan, lestari nganti purnaning mangsa, sih kinisihan kadya angganing mimi kang lagya amintuna".
Katingal prayitneng kewuh memayungi yuwananing panganten, punika ta taruna kekalih kang apindha senapatining aprang. Dhasar pekik ing warna sinasaban busana adi. Mila tambah gawang-gawang cahyane, kentar-kentar katon bregase, tebah jaja atampel wentis para warara ingkang samya humiyat, njinggleng pandulune<noinclude>{{r|20}}</noinclude>
5duk5awgdl4jj3emkqo0is3b3ce8brc
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/45
250
26397
82491
2026-08-13T03:07:42Z
Alharomain354
1667
/* Titiwaca */
82491
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>masyarakat, ingkang sampun matahun-tahun kula panje-
nengan sami idham-idhamaken, satunggiling gedung SD
ingkang jangkep persyaratanipun. Kanthi wontenipun gedung SD punika, putre-putri panjenengan saged ngangsu kawruh wonten ing gedung punika. Salajengipun mangga sesarengan kita rawat gedung ingkang sampun sumadya.
Awit njagi kelestarianipun punika langkung awrat
katimbang ngadani satunggiling bangunan. Peresmian gedung punika samangke dipun adani Bp. ingkang sampun
kajibah ingkang sampun karantam wonten ing adicara.
Kirang wicaksana manawi atur pambuka kula panjang wiyaraken. Pramila kula cekapi semanten rumiyin atur tanggap wacana pambuka ing dalu punika. mBok bilih wonten kiranging atur saha kirang trep silaning
tindak tanduk anggen kula matur, mawantu-wantu nyuwun sih lumebering samodra pangaksami.
Bilahit taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum wr. wb. Nuwun !
'''TANGGAP WACANA NGADEGING BADAN USAHA'''
Assalamu'alaikum wr. wb.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Puja puji katur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah ingkang tanpa pepindhan, katitik kula lanpanjenengan sami saged makempal ing mriki ngrawuhi peresmian madeging badan usaha punika.
Kula minangka sesepuh wonten ing dusun punika
mboten langkung ngaturaken sugeng rawuh dhumateng
Bapak Lurah ........ ingkang sampun kersa ngrawuhi peresmian badan usaha ...... wonten ing dusun .... mriki.
mBoten langkung ugi kula ngaturaken matur nuwun ingkang agung dhumateng para Bapak-bapak/sederek-sederek ingkang sampun asung sih kadarman ingkang boten pepindhan, ingkang arupi punapa kemawon, kula atasnami sesepuh ugi panitia penyelenggara pahargyan peresmian madeging badan usaha .. punika mboten saged
ngaturaken punapa-punapa, namung ngaturaken pudya puji dhumateng ngarsanipun pangeran mugi-mugi sih ka-
41<noinclude></noinclude>
q3eh5r3nrkhlqgwxvo0969thwsizi7g
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/46
250
26398
82492
2026-08-13T03:42:33Z
Alharomain354
1667
/* Titiwaca */
82492
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>utaman panjenengan sadaya angsala piwales sih kanugrahaning pangeran ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu.
Kanthi madeging badan usaha punika mugi-mugi sageda njunjung dhumateng kesaenan dusun punika. Sageda dados wadhah ekonomi lan kebudayan ingkang ageng ginanipun kangge keperluan ing bebrayan khususipun ing dusun ..... punika.
Bapak-bapak, ibu-ibu lan para rawuh ingkang dahat kula kurmati. Mugi-mugi madegipun badan usaha punika saged ngindakaken taraf kabetahan ing masyarakat, mliginipun ing bebrayan ing dusun ..... punika. Salajengipun mangga kita uri-uri sesarengan sageda lestari ngantos puputing jaman.
Kula kinten kula cekapi semanten kemawon, mbok bilih wonten cicir ceweting atur, mawantu-wantu nyuwun agunging pangaksama.
Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr. wb.
Nuwun !
'''TANGGAP WACANA ATUR PEPISAHAN SAKING
KEPALA SEKOLAH'''
Assalamu'alaikum wr. wb.
Putra-putriku kelas telu sing tak tresnani.
Anak-anakku kelas siji lan loro sing tak tresnani.
Pudya pudyastuti katur marang Gusti Allah swt.
Kang wus paring karahayon marang umate kabeh.
Siswa kelas telu sing dak tresnani, kang sadela
Maneh bakal ninggal pawiyatan iki. Abot sejatine bakal nguculake kowe kabeh. Nanging pancen kahanan kudu mangkono datan bisa diselaki maneh.
Aku minangka wakil Bapak Ibu Guru ngaturake matur nuwun banget dene kowe kabeh bisa ngrampungake pasinaonmu ing pawiyatan iki kanthi waktu kang trep
42<noinclude></noinclude>
f025arl6k5rn0ekpd707k8wwuwhabi1
82493
82492
2026-08-13T03:43:41Z
Alharomain354
1667
82493
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>utaman panjenengan sadaya angsala piwales sih kanugrahaning pangeran ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu.
Kanthi madeging badan usaha punika mugi-mugi sageda njunjung dhumateng kesaenan dusun punika. Sageda dados wadhah ekonomi lan kebudayan ingkang ageng ginanipun kangge keperluan ing bebrayan khususipun ing dusun ..... punika.
Bapak-bapak, ibu-ibu lan para rawuh ingkang dahat kula kurmati. Mugi-mugi madegipun badan usaha punika saged ngindakaken taraf kabetahan ing masyarakat, mliginipun ing bebrayan ing dusun ..... punika. Salajengipun mangga kita uri-uri sesarengan sageda lestari ngantos puputing jaman.
Kula kinten kula cekapi semanten kemawon, mbok bilih wonten cicir ceweting atur, mawantu-wantu nyuwun agunging pangaksama.
Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr. wb.
Nuwun !
'''TANGGAP WACANA ATUR PEPISAHAN SAKING KEPALA SEKOLAH'''
Assalamu'alaikum wr. wb.
Putra-putriku kelas telu sing tak tresnani.
Anak-anakku kelas siji lan loro sing tak tresnani.
Pudya pudyastuti katur marang Gusti Allah swt.
Kang wus paring karahayon marang umate kabeh.
Siswa kelas telu sing dak tresnani, kang sadela
Maneh bakal ninggal pawiyatan iki. Abot sejatine bakal nguculake kowe kabeh. Nanging pancen kahanan kudu mangkono datan bisa diselaki maneh.
Aku minangka wakil Bapak Ibu Guru ngaturake matur nuwun banget dene kowe kabeh bisa ngrampungake pasinaonmu ing pawiyatan iki kanthi waktu kang trep
42<noinclude></noinclude>
s608eo7catxnsbobojxx1w877qstndo
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/47
250
26399
82494
2026-08-13T03:57:35Z
Alharomain354
1667
/* Titiwaca */
82494
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>karo jangkane pendidikan. Aku minangka wakiling Bapak
Ibu guru ora bisa menehi sangu kanggo putra-putriku
saliyane sangu kapinteran kang wus mbok gawa.
Ing saliyane iku aku asung pepeling marang sira kabeh. Nadyan ta wus metu pawiyatan iki, sira isih kaanggep putra, nadyan wus adoh saka pawiyatan aja nganti nggawe kuciwaning pawiyatan lan gawe lingseme pawiyatan. ala lan becike pawiyatan iki isih gumantung marang sira kabeh.
Aku mung bisa paring dedonga muga-muga kowe bisa nerusake ana ing pawiyatan kang luwih dhuwur. Isa
antuk prestasi kang bisa ngunggulake drajade pawiyatan iki.
Tak kira piwelingku tak cukupi semene bae, mbok menawa ana kurange saha tindak-tanduke Bapak Ibu guru sing kurang mranani penggalihmu aku minangka wakiling ucap tansah njalukake pangapura lan aku pribadi semono uga yen ana kurange anggonku matur aku mawantu-wantu njaluk pangapura.
Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr.wb
'''TANGGAP WACANA PEPISAHAN MURID SAKING WAKIL'''
Assalamu'alaikum wr. wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati.
Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Rencang saha
adik-adik ingkang kula tresnani.
Puja-puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing wisma ........, kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. mBoten kintun kula pinangka wakilipun putra-putri siswa klas
tiga. Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
Awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru
43<noinclude></noinclude>
nkolwpaex31eq13opcbnt85r47027yf
Kaca:Sekar Sumawur.pdf/48
250
26400
82495
2026-08-13T04:22:37Z
Alharomain354
1667
/* Titiwaca */
82495
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>anggenipun nggula wenthah dhumateng para siswa. Saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun
kelampahan sadangunipun ...... tahun, kanthi angsal Serat Tandha Belajar.
Sedangunipun...... tahun, kula ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan ......, wonten ing panggula wenthahipun, ngantos wonten pertalian batin saengga karengkuh putra putri piyambak.
Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik ingkang dahat kula
tresnani. Sakedhap malih kula sarencang ninggalaken sekolah ingkang satuhu kula tresnani. Awrat anggen kula matur kados pundi awratipun ninggal Bp./Ibu guru saha adik-adik. Jaragan kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah, kapeksa kula kaliyan rencang-rencang nilaraken Bp./Ibu Guru saha adik-adik kelas setunggal tuwin kelas kalih. Sanadyan ta sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing panggalih.
Pawiyatan ingkang sampun matahun-tahun sampun tansah cinaketan kaliyan kula. Kula sarencang rumaos cuwa ing penggalih, badhe ninggalaken pawiyatan punika. Kajarag kahanan saha kersaning Gusti. Panci wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Menika kados sampun kinodrat mboten kening dipun ewahi malih.
Kula sarencang kelas tiga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dhumateng Bapak/Ibu guru.
mboten kantun ugi kula dalah rencang kelas tiga tansah memuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu guru saha adik-adik angsal rohmating pangeran wilujeng boten wonten alangan satunggil punapa.
Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan
44<noinclude></noinclude>
15k1mpln8ggsh61xxqqlb9tl6563t56
Kaca:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇.pdf/15
250
26401
82496
2026-08-13T05:37:56Z
Pancerr
1736
/* Durung katitiwaca */ Nggawé kaca mawa "{{center |— ꧑꧘ ―}}
{| |- | style="vertical-align: top;"|61 || ꦱꦲꦏꦶꦭꦠ꧀ꦤꦾ ꦒꦼꦉꦃꦤꦾ ꦪꦠꦶꦏꦺꦤꦸꦢꦤꦏꦼꦤ ꧀ꦥꦣꦼꦩꦶꦏ ꦔꦥꦸꦪ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈ |- | style="vertical-align: top;"|62 || ꧋ ꦏꦸꦤꦁ ꦮꦸꦢꦸꦏ꧀ꦤꦶꦏꦁ ꦱꦠ꧀ꦮ ꦏꦧꦺꦃ ꦏꦒꦼꦱꦼꦔ ꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦔꦒ꧀ꦤꦶ ꦠ ꦤ꧀ꦮꦴꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃꦤꦶꦁ ꦏꦪꦸꦏꦪꦸ꧉ |- | style="..."
82496
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Pancerr" /></noinclude>{{center |— ꧑꧘ ―}}

| style="vertical-align: top;"|61 || ꦱꦲꦏꦶꦭꦠ꧀ꦤꦾ ꦒꦼꦉꦃꦤꦾ ꦪꦠꦶꦏꦺꦤꦸꦢꦤꦏꦼꦤ ꧀ꦥꦣꦼꦩꦶꦏ ꦔꦥꦸꦪ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈

| style="vertical-align: top;"|62 || ꧋ ꦏꦸꦤꦁ ꦮꦸꦢꦸꦏ꧀ꦤꦶꦏꦁ ꦱꦠ꧀ꦮ ꦏꦧꦺꦃ ꦏꦒꦼꦱꦼꦔ ꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦔꦒ꧀ꦤꦶ ꦠ ꦤ꧀ꦮꦴꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃꦤꦶꦁ ꦏꦪꦸꦏꦪꦸ꧉

| style="vertical-align: top;"|63 || ꦪꦠꦶꦏ ꦥꦣ ꦏꦲꦶꦭꦶ ꦠꦸꦩꦸ ꦱ꧀ꦩꦫꦺꦁ ꦭꦮꦟꦱꦴꦒꦫ꧉

| style="vertical-align: top;"|64 || ꧋ ꦩꦔ꧀ꦏꦶ ꦤ꧀ꦠꦪꦴꦭꦶꦏꦼꦠ꧀ꦲꦶꦤꦺꦴꦱꦏꦼ ꦤ꧀ꦠ ꦪ ꦱꦶꦤꦼꦉꦁ ꦢꦺꦤꦶꦁ ꦢꦺꦮꦴꦱꦸꦫ ꦄꦱꦸꦠꦼꦲꦸꦂꦮꦸꦱ꧀ꦮꦶꦤꦺꦃ ꦏꦯꦏ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦺ ꦨꦛꦴꦫꦮꦶꦰ꧀ꦟꦸ꧉

{{center|'''꧋ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ꧉'''
'''꧋ꦔꦼꦧꦸꦂꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈'''
'''(ꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇ ꧓꧉)}}'''

| style="vertical-align: top;"|65 || ''꧋ ꦠꦠꦃꦏ꧀ꦱꦷꦫꦴꦢ꧀ ꦄꦨꦹꦢ꧀ꦓꦽꦠꦩ꧀꧈'' ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦏꦁ ꦩꦶꦚ ꦏ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦰꦏꦺꦁ ꦥꦼꦲꦤ꧀

| style="vertical-align: top;"|66 || ꦤꦴ ꦭ꧀ꦮꦶꦤꦾꦂ ꦔꦣ꧀ꦝꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿ ꦫꦸꦩꦸꦲꦸꦤ꧀

| style="vertical-align: top;"|67 || ꦠꦸꦩꦹꦠ꧀ꦠ ꦨꦛꦴꦫꦷ ꦯꦿꦷ꧈ ꦠꦸꦩꦹꦠ꧀ ꦠ ꦱꦶꦫ ꦯꦿꦶ ꦭꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦷ ꦢꦺꦮꦶ꧈

| style="vertical-align: top;"|68 || ꦠꦸꦩꦹꦠ꧀ ꦠ ꦔꦸꦕ꧀ꦕꦻꦃꦯꦿꦮ꧈
|}<noinclude></noinclude>
knwh339rav9rzf6tyrj6fdusyugadca
Kaca:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇.pdf/16
250
26402
82497
2026-08-13T05:58:55Z
Pancerr
1736
/* Durung katitiwaca */ Nggawé kaca mawa "{{center|― ꧑꧙ —}}
{| |- | style="vertical-align: top;"|61 || ꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒꦏꦶꦭꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦭꦸꦣꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ ꦲꦶꦏꦸꦢꦶꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦏꦺ꧈ ꦮꦱꦤꦒꦼꦤꦶꦤꦺꦱꦶꦉꦥ꧀꧈ |- | style="vertical-align: top;"|62 || ꧋ ꦢꦺꦢꦺꦒꦗꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦏꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦼꦤꦶ꧈ ꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦏꦭꦸꦠꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦪꦸ..."
82497
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Pancerr" /></noinclude>{{center|― ꧑꧙ —}}

| style="vertical-align: top;"|61 || ꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒꦏꦶꦭꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦭꦸꦣꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ ꦲꦶꦏꦸꦢꦶꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦏꦺ꧈ ꦮꦱꦤꦒꦼꦤꦶꦤꦺꦱꦶꦉꦥ꧀꧈

| style="vertical-align: top;"|62 || ꧋ ꦢꦺꦢꦺꦒꦗꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦏꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦼꦤꦶ꧈ ꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦏꦭꦸꦠꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦪꦸꦏꦪꦸ꧈

| style="vertical-align: top;"|63 || ꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦣꦏꦺꦭꦶꦏꦺꦫꦸꦠ꧀ꦩꦼꦚꦁꦱꦒꦫꦲꦱꦶꦤ꧀꧈ (ꦠꦸꦩꦸꦱ꧀ ― ꦭꦶꦁꦒ꧇ ꦠꦸꦱ꧀꧈)

| style="vertical-align: top;"|64 || ꧋ ꦱꦪꦥ꧀ꦭꦶꦏꦼꦠ꧀ ꦧꦚ꧀ꦗꦂꦢꦶꦱꦼꦁꦏꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ (ꦲꦶꦤꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀) ꦢꦶꦱꦽꦩ꧀ꦥꦼꦁꦥꦩꦸꦠꦼꦂꦫꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦢꦺꦮꦢꦤꦮ꧈ ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦣꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦛꦫꦮꦶꦰ꧀ꦟꦹ꧉

{{center|''꧋ꦗꦂꦮꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈''}}

| style="vertical-align: top;"|65 || ꧋ ''ꦠꦠꦃꦏ꧀ꦱꦷꦫꦴꦢ꧀ ꦄꦨꦹꦢ꧀ꦓꦽꦠꦩ꧀꧈'' ꦮꦸꦱꦤꦩꦼꦠꦸꦊꦔꦤꦺꦱꦏꦲꦶꦁꦥꦸꦃꦲꦤ꧀

| style="vertical-align: top;"|66 || (ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ) ꦲꦸꦒꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦲꦸꦮꦼꦠꦸꦤꦶꦁꦄꦣ꧀ꦝꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏ꦳ꦣꦶꦱꦶꦏ꧀

| style="vertical-align: top;"|67 || ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦛꦫꦶꦯꦿꦶ꧈ ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦯꦿꦶꦭꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦶꦢꦺꦮꦶ꧈

| style="vertical-align: top;"|68 || ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦈꦕ꧀ꦕꦻꦃꦯꦿꦮ (ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦁꦗꦫꦤ꧀)꧈
|}<noinclude></noinclude>
t7zrutttgvr41pou91f0dl5b9shfqbq
Kaca:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇.pdf/17
250
26403
82498
2026-08-13T06:15:20Z
Pancerr
1736
/* Durung katitiwaca */ Nggawé kaca mawa "{{center|― ꧒꧐ —}}
{| |- | style="vertical-align: top;"|69 || ꦠꦸꦩꦹꦠ꧀ ꦠꦁ ꦏꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦨꦩꦟꦶ꧉ |- | style="vertical-align: top;"|70 || ꧋ ''ꦢꦺꦮꦴꦪꦠꦱ꧀ꦠꦠꦺꦴꦗꦤ꧀ꦩꦸꦃ꧉'' ꦤ꧀ꦢꦤ꧀ ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁ ꦩꦫꦺꦁ ꦢꦺꦮꦠꦗꦸꦒ꧈ ꦠꦤ꧀ꦲꦤ ꦩꦫꦺꦁ ꦢꦻꦠꦾ꧉ |- | style="vertical-align: top;"|71 || ''ꦣꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦫꦶꦱ꧀ꦠꦠꦺꦴꦢꦺꦮꦃ꧉'' ꦮꦼ..."
82498
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Pancerr" /></noinclude>{{center|― ꧒꧐ —}}

| style="vertical-align: top;"|69 || ꦠꦸꦩꦹꦠ꧀ ꦠꦁ ꦏꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦨꦩꦟꦶ꧉

| style="vertical-align: top;"|70 || ꧋ ''ꦢꦺꦮꦴꦪꦠꦱ꧀ꦠꦠꦺꦴꦗꦤ꧀ꦩꦸꦃ꧉'' ꦤ꧀ꦢꦤ꧀ ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁ ꦩꦫꦺꦁ ꦢꦺꦮꦠꦗꦸꦒ꧈ ꦠꦤ꧀ꦲꦤ ꦩꦫꦺꦁ ꦢꦻꦠꦾ꧉

| style="vertical-align: top;"|71 || ''ꦣꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦫꦶꦱ꧀ꦠꦠꦺꦴꦢꦺꦮꦃ꧉'' ꦮꦼꦏꦱ ꦤ꧀ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ ꦠꦣꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦫꦶ ꦄꦔꦶꦟ꧀ꦝꦶ ꦠ꧀ꦯ꧀ꦮꦺꦠ ꦏꦩꦟ꧀ꦝꦭꦸ꧈

| style="vertical-align: top;"|72 || ꦆꦏ ꦏꦲꦤ ꦤꦩꦽꦠ꧈ ꦪꦠꦶꦏꦴ ꦆꦤꦭ ꦥ꧀ꦢꦺꦤꦶ ꦢꦻꦠꦾ꧉

| style="vertical-align: top;"|73 || ꧋ ''ꦩꦩꦺꦢꦩ꧀ ꦆꦠꦶꦗꦭ꧀ꦥꦠꦴꦩ꧀꧈'' ꦪꦺꦏꦶ ꦢꦸꦩꦤ ꦩꦩꦶ ꦩꦔ꧀ꦏꦤ ꦭꦶꦁꦤꦾꦤ꧀ꦥꦺꦴꦗꦫ꧀꧈

| style="vertical-align: top;"|74 || ꦩꦲꦸꦮꦸꦱ ꦤꦶꦏ ꦔꦩꦽꦠ ꦠꦼꦭꦱꦸꦩꦶꦗꦶ ꦭ꧀ꦩꦔ꧀ꦏꦺ꧉

| style="vertical-align: top;"|75 || ꦆꦏꦁ ꦩꦤ꧀ꦢꦫ ꦥꦮ꧀ꦮꦂꦠ ꦮꦶꦤꦭꦸꦪꦏꦼꦤꦶꦫ ꦱ꧀ꦡꦴꦤꦤꦾ ꦔꦹꦤꦶ ꦫꦶꦁ ꦯꦔ꧀ꦏꦢ꧀ꦮꦷꦥ꧈

| style="vertical-align: top;"|76 || ꦩꦫꦪꦾꦂꦤ꧀ꦠ ꦱꦁ ꦮꦠꦼꦏ꧀ꦢꦺꦮꦠ꧉

| style="vertical-align: top;"|77 || ꦩꦔꦼꦤꦔꦼꦤ꧀ꦠ ꦨꦛꦴꦫ ꦮꦶꦰ꧀ꦟꦸ ꦆ ꦩꦴꦒꦂꦤꦶ ꦔꦩꦽꦠ ꦏꦴꦭꦥ ꦢꦺꦤꦶꦫ꧈

| style="vertical-align: top;"|78 || ꦩꦒꦮꦺ ꦠ ꦱꦶꦫ ꦩꦴꦪꦴ ꦱ꧀ꦠꦿꦷ ꦫꦹꦥ

| style="vertical-align: top;"|79 || ''ꦄꦤꦮꦢꦾꦴꦔ꧀ꦒꦮꦪꦮꦴ꧈'' ꦥꦫꦶꦥꦹꦟ꧀ꦤꦂ ꦫꦶꦁ ꦲꦪꦸ꧈

| style="vertical-align: top;"|80 || ꦣꦠꦼꦁ ꦩꦤꦸꦔ꧀ꦒꦔꦶ ꦢꦻꦠꦾ ꦫꦹꦥ
|}<noinclude></noinclude>
6jtgjncscrlp6lvbug3samrgryba8vp