Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.15 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Serat Wulang Reh.pdf/7 250 26404 82504 2026-08-14T02:50:23Z Alharomain354 1667 /* Titiwaca */ 82504 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Alharomain354" /></noinclude>PURWAKA. Saéngga dumugi sapriki serat Wulang-rèh punika taksih dipun pepetri déning babrajan Djawi umumipun, minangka kanggé tepatuladaning piwulang, mila inggih asring sanget kanggé apalan tetembangan kalaning nganggur. Malah-malah wonten ing kalanganing tetabuhan Santiswara utawi Laras-madya, apalan-apalanipun temtu mendet saking serat Wulang-rèh punika. Serat Wulang-rèh punika kadamel nalika djaman satus sawidakan tahun kapengker, mila temtunipun inggih wonten sawatawis piwulang-piwulang ingkang sampun boten andjamani, éwadéné inggih taksih pinanggih katah piwulang-piwulang ingkang saé utami ingkang wadjib dipun èstokaken lan wadjib dipun gugulang. Kadjawi punika, ngawuningani isining serat punika, kita saged ngawuningani kawontenaning tata-krama tata-susila tuwin pijandel ingkang kalampah djaman samanten, djaman langkung saking satus sawidakan tahun kapengker, ingkang kalampah wonten bebrajan umum ing laladan pradja Kadjawèn lan sasaminipun. Ing wasana sareng punika serat Wulang-rèh kita aturaken, kanti sasanti mugi-mugi sami winantu ing kabegyan, kamuljan lan karahardjan. Amin. Nuwun. S. Probohardjono.<noinclude></noinclude> 0zftn51xz63oawqdir51hrst1nbc5cg