Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.47.0-wmf.17
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Acara
Pembicaraan Acara
Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/12
250
8537
82584
27997
2026-08-26T06:32:18Z
Thersetya2021
125
82584
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Raflinoer32" /></noinclude>ginawé agung,” Dipati Sinduredja, umatur ing sri bupati : „Ḍuh pukulun dinamel keḍik kéwala.
{{ordered list| start=4
|Kalih leksa saben warsa, „Déné rahadyan Dipati, Pringgalaja aturira : „Kawan leksa saben warsi,” Ri sedengnja anggalih, paos pasisir sang prabu, wau ta praptanira, Djeng Pangéran Mangkubumi, ladju marek ngastuti ngarsaning raka.
|Sang nata alon ngandika: „Wruhanira Mangkubumi, jèn praptané kaki Djendral, minta anggaḍuh pasisir, sun jaji wus marengi, Kumpeni pamintanipun, wit kapengkok witjara.” Djeng Pangéran matur aris: „Ḍuh pukulun déné ta boten kadosa !
|Punapa tan kaèngetan, lamun djenenging narpati, mung darma mengku kéwala, bang-bang lum-aluming nagri, jekti wonten pepatih, najaka para tumenggung, tuwin para sentana, punika kang darbé wadjib, amisésa angalangna angudjurna.
|Inggih dèrèng wonten adat, ratu pepadon pribadi !” Sang nata alon ngandika : „Ija bener sira jaji, nanging sun duk pepanggih, minta sarèh datan antuk,” Pangeran atur sembah: „Djéndral sadjatiné djalmi, sanès buta punapa ngarah ngaletak.
|Sajekti tuhu nglengkara, jèn ngroda-paksa Kumpeni, ḍateng pandjenengan nata.” Ngandika sri narapati : „Lah kaja prijé jaji, panggawé wus katarutjut, dadi nora amantra, ingsun lawan sira jaji, tan prajoga lamun ngekéhna witjara.
|Marma sun mupus kéwala, sumarah titahing Widdhi, ija pira bara béndjang, jèn manggih kaardjan luwih, dé kadangira sami, lamunana ingkang mesgul, réhing pada rumangsa, tinilaran rama swargi, mung sun sarah apa ing sasukanira !”
|Anḍeku umatur nembah, Djeng Pangéran Mangkubumi : „Pukulun mangsa wontena, tiwas paduka narpati, tiwas sadaja sami, kang darbe kak amung ratu, sakarsa-karsa tuwan, sinten kang purun mantjèni, kaḍang tuwan mung nedya apes kéwala.”
|Sang nata malih ngandika: „Hèh jajimas Mangkubumi, mung pametuné kéwala, pikiren ingkang prajogi, aturé si Dipati, Sinḍuredja saben taun, pinapantes rong leksa, si Pringgalaja Dipati, aturira patang leksa saben warsa.
|Iku endi kang prajoga, paran rembugira jaji ?” Pangéran umatur nembah Pukulun djeng sribupati, mugi dèn kawikani, siti pasisir sadarum, éstu kaṭah wedalnja, saking banḍaring djaladri, mung punika waragad karaton Djawa.
|Jèn panudju ing karséndra, tuwan munduta sakeṭi, réjal batu saben warsa, pétanganing réjal ringgit, boten awrat watawis, kalih atus èwu rupiyah ing sawarsa, tumpraping siti ing pasisir sajektiné Kumpeni amung sumarah.
|Awit taksih nama mirah, kaṭah untunging Kumpeni, lamun boten makatena, atis kraton nagri Djawi, siti Padjang Matawis, Bagelèn tanapi Keḍu, njanggi pakarjan pradja, bau lumebet nagari, angladosi barang rèh karsa naréndra.
|Punḍi ta ḍaharing nata, bogang arta bogang karja, tangèh lamun saged njait, Bang-wétan mantja-nagari, tijang mantja-nagari, kaṭah waled paosipun.” Srinaréndra duk mjarsa, ḍawuh mring Sang nindya mantri : „Hèh Dipati kaja paran rembugira ?”
|}}<noinclude>{{rh|10}}</noinclude>
7yr99wid3dosaqujotjqgmc3yk1t9a2
Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/173
250
8609
82587
27908
2026-08-26T07:33:43Z
Thersetya2021
125
/* Absah */
82587
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="4" user="Thersetya2021" /></noinclude>ting karebet pating karèbèt, kados pepindaning tangan maéwu-éwu sami pating kelawé, asung pahargjan widada ḍateng ingkang saweg tampi nugrahaning Pangéran, pinilih dados pepunḍèning tetijang ing Ngajogjakarta.
Ing kala punika ing salebeting kraton kèbekan para abdi dalem ingkang sami sowan. Ing tratag Bangsal Kentjana tuwin Prabajasa kèbekan sekar bokèt pisungsung saking pundi-pundi ngantos mlabar. Djam 9.25 kagungan dalem gangsa kraton Kjai Hardjanegara dipun tabuh genḍing Sri Mataram, suwaranipun araos anenangi ḍateng manah grengseng. Sasuwuking gangsa Kjai Hardjanegara dipun sambet ungeling kagungan dalem gangsa Kjai Hardjamulja. Para abdi dalem ingkang sami sowan wonten ing ngriku sampun samapta sedaja, amadjibi ḍateng padamelanipun pijambak-pijambak.
Djam 9,58 K.G.P.A.A. Mangkunagara sekalijan G.K.R. Timur sowan mlebet, kinurmatan ungeling genḍing Puspawarna. Ing ngriku G.R.M. Daradjatun, ingkang baḍé djumeneng nata, sampun mangagem keprabon mapag K.G.P.A.A. Mangkunagara, kaatjaran lenggah wonten ing bangsal Kentjana.
{{Dotted TOC page listing|||}}
{{c|'''PASAMUAN DJUMENENGAN DALEM INGKANG SINUHUN H.B.IX'''}}
Semar : „Mas bekel Nala, sampun geḍigrag-geḍigrug, suwawi radi disengkakaké, mangké minḍak boja komanan papan.”
Garèng : „Wèh kjainé, kijé, nedya ngadjak bagongan terus. Babo Ma, manira ladosi, ngadjak pinten dinten. Manira punika, menawi namung diadjak ropjan-ropjan besaos, lah mbok enggèh dumugi pungkasaning djaman {{...|10}} sagah sanget, ki Lurah.”
Semar: „Anu mas bekel, manira waru sajektos ragi kagèt. Kinten manira, aḍi pakenira mas gebajan Kanṭong-bolong boja sowan ningali, déné wingènané taksih riḍong-riḍong pareman beras kentjur, lah kok ladjeng andjèhèh wonten wingking manira.”
Garèng : „Leres ḍi gebajan. Tjara Djawiné : ngalap berkah. Saboja-bojané ngarsa dalem saweg tampi kanugrahan ageng, sawab dalem mesṭi enggèh tumular dateng tetijang alit. Apesé, manira sami saged ningali tetingalan warna-warni, tur boja susah tjutjul ragad.”
Semar : „Enggèh menawi namung nijat nglurug seneng-seneng presasat ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut manira raosaké, salebeté sowan ningali punika, manah manira wontené namung gumun-ngungun ples mindu. Ingkang manira gumuni puniku, ombjaking tijang Ngajogja, lah kok semanten hébaté. Tijang sa-Djogja presasar ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut mahargja. Mangka sedaja ketingal sami gembira, upami tjara kempalan, ing batos saèstu sami surak „hidup-hidup-hidup !”<noinclude>{{rh|||171}}</noinclude>
rdr742wegdwhvznunit8195m1ykqwwe
Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/172
250
8610
82586
82513
2026-08-26T07:18:53Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
82586
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Wonten prijantun sampun sepuh ingkang meningi pandjenenganing nata tetiga, inggih punika Sampéjan dalem H.B. VII, H.B. VII, tuwin ingkang djumeneng samangké, punika saged anganḍaraken ébah-éwahing kraton Ngajodja déning pineksa ngetutaken lampahing djaman. Tjarijosipun djamanipun suwarga H.B. VII, ing kraton Ngajodja punika ketingal singer-awingit. Bangsal-bangsalipun taksih tjara kina, semu peteng asingup, dateng ing pangraos nuwuhaken raos kados
taksih wonten ing salebeting djaman kina. Tamu-tamu bangsa ngamantja, kala semanten kénging kawastanan awis-awis sanget. Tamu-tamu bangsa ngamantja ngemungaken ingkang ageng-ageng kémawon, sarta ingkang apangkat inggil, menawi namung bangsanipun tourist tangèh sagedipun sumerep salebeting kraton. Tata-ngadat kraton kala semanten inggih taksih kentjeng sanget, upaminipun tijang lumampah ing alun-alun, menawi nganggé topi utawi tjaping, kedah kabikak. Numpak kréta kedah mandap utawi nḍoḍok wonten ing saantawisipun bak.

Djamanipun suwarga Sampéjan dalem H.B. VIII, kawontenan ing kraton ladjeng éwah, lumèrèg ḍateng djaman énggal, bangsal-bangsal ing kraton, Sitinggil, tratag rambat lan sapanunggilanipun dipun bangun énggal, ladjeng ketingal resik padang, gampilanipun ladjeng ketingal andjamani sanget. Naluri kraton ingkang kapanggalih sampun
sulaja kalijan djamanipun dipun suwak. Tijang numpak-kréta ing alun-alun, boten perlu manḍap ; menawi nganggé tjaping utawi tuḍung, inggih kénging terus dipun anggé. Kedjawi punika, taksih kaṭah naluri ingkang dipun suwak. Tamu-tamu bangsa ngamantja tanpa kenḍat, malah menawi tamu wau ragi ageng, temtu mawi kasegah ing pista tuwin pasamuan peṭilan kagungan dalem ringgit tijang. Miturut pangraosipun prijantun sepuh wau, djaman djumeneng dalem ingkang Sinuhun kaping wolu punika ing gegebenganing kraton Ngajogjakarta tetep sampun nama ngantjik ing djaman énggal. Saweg nitik jejasan dalem bebadan Pers Kraton, punika sampun kénging kanggé ungak-ungak, bilih Ngarsa dalem Suwarga sampun priksa ampuhipun dedamel énggal ingkang awudjud suwaraning serat kabar.

Tumrap ing djaman Sampéjan dalem ingkang kaping sanga punika, prijantun sepuh wau temtu kémawon nunggil panggalih sarta nunggil pangraos kalijan tetijang ing Ngajodja ageng-alit bilih : Ngajodja mesṭi baḍé kesawaban pasinaon kalijan pangawikan dalem.
{{c|'''TATA LAMPAHING DJUMENENGAN DALEM'''}}
Dinten Senén éndjing gumredeg lampahing tetijang ingkang sami ḍateng ing alun-alun. Bangsal-bangsal pakapalan ing sapinggiring alun-alun sampun pinadjang-padjang saé, tinratag mubeng sarta rinengga ing tarub, tjalon baḍé kanggé adjang kraméan wrna-warni, kados upaminipun ringgit watjutjal, ringgit tijang, topèng lan sapanunggilanipun. Swaraning gangsa sampun pating djalegur ngumandang wonten ing awang-awang. Ing alun-alun kebak tinatanan ing rontèk, umbul-umbul tuwin lelaju, warna-warni, katijup ing angin pa-<noinclude>{{rh|170}}</noinclude>
atultacrj0afdkr4k67wl1hny5x28qt
Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/171
250
8611
82585
82517
2026-08-26T07:06:01Z
Thersetya2021
125
/* Titiwaca */
82585
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Thersetya2021" /></noinclude>Pétruk: „Ija: ketanting, grèk, ketanting, grék.”

Garèng: „Wis ora susah nganggo ana tjandaké. Kedjaba saka iku, Truk, kudu melas marang sing njang ngomah, mulané klilingé lija dina baé, karo mopro. Saiki betjiké paḍa ngaso ḍisik, kana kaé lo, Truk, adja kuwatir, mengko {{...|10}} aku bajarana.”

Pétruk: „Wé, hla, ora genah, kono sing ngadjak teka kéné sing dikon mbajari. Karo manèh, kang Garèng, ambok ija rada ngadjèni karo sanḍangané seṭiṭik, wong bregas-bregas mengkéné kaṭik ngiras
gaḍo-gaḍo.”

Garèng: „Lo, kuwi kang djeneng utama, Truk, adja dupèh weton sekolahan negara Landa baé, utawa anggandèng nonah Mari, bandjur lali sega guḍeg.”

Pétruk: „Wé, hla, kodjur, teka bandjur melèhaké petarangané, ija, ija, ajo, timbangané mengko padu, luwih betjik takturutané.”
{{c|'''XXXVII. DJUMENENGANIPUN INGKANG SINUHUN KANGDJENG SULTAN HAMENGKU BUWANA INGKANG KAPING IX'''}}
{{c|''(Dinten Senen 18 Maret 1940)''}}
{{c|'''MALEM DJUMENENGAN DALEM}}
Gedering tijang alit ing pakampungan tuwin ing padusunan tuhu angébat-ébati. Dinten Ngaad sonten angrintenaken dinten djumenengan dalem, wewakil kalawarti Kedjawèn amerlokaken njatakaken kawontenaning pakampungan, inggih ing djawi tuwin salebeting bètèng, pinanggih sakelangkung ramé. Pakempalan-pakempalan rukun kampung ageng-alit sami ribut tata-tata baḍé ngwontènaken pahargjan ageng-agengan. Mèh saben kampung sami damel gapura pahargjan, sineratan ing pamudji widada sarta tjandrasengkala warna-warni suraosipun. Kedjawi mahargja srana gapura pahargjan, mèh saben kampung inggih sami ngawontenaken karaméan pahargjan, wonten ingkang ringgitan, wiludjengan, ujon-ujon utawi neḍa étja, ngiras nindakaken salat-kadjat nenuwun ḍateng Ingkang Murbèng Gesang, murih widadaning Sri Naréndra sumrambah dateng tijang-tijang alit sedaja.

Salebetipun nusub-nusub ing pekampungan, wewakil Kedjawèn boten kesupén mirengaken gotèking para prijantun ingkang sami baḍé sowan angedegi djumenengan dalem ingkang Sinuhun. Wiraosipun para prijantun ingkang sami kepareng ngandikan kalijan wewakil Kedjawèn, ketingal anggénipun sami gumrengseng, gajeng sarta gembira. Umumipun sami ngraosi sugeng dalem ing nalika mentas kondur saking Negari Welandi, anggènipun kagungan penggalih rumaket ḍateng tetijang alit, kerep tindak-tindak mriksani gesangipun tijang-tijang ing pekampungan, nandjihaken pedamelan, panggesangan lan sapanunggilanipun. Mekaten punika anilar tilas ḍateng manahipun tijang alit, tanḍanipun sepriki taksih dados wiraosaning ngakaṭah.<noinclude>{{rh|||169}}</noinclude>
cy2704rqqckhhcl7kx5oru6q6di5t2a