Wikipedia map_bmswiki https://map-bms.wikipedia.org/wiki/Kaca_Utama MediaWiki 1.47.0-wmf.23 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikipedia Parembugan Wikipedia Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Prambanan 0 3431 222665 197681 2026-10-10T01:07:43Z InternetArchiveBot 13908 Rescuing 1 sources and tagging 0 as dead.) #IABot (v2.0.9.6 222665 wikitext text/x-wiki '''Prambanan''' kuwe kompleks [[candi]] [[Hindu]] sing gedhe dhewek nang [[Indonesia]], lokasine nang nusa [[Jawa]], kurang lewih 20&nbsp;km wetan kota [[Yogyakarta]], 40 [[kilometer|km]] kulon kota [[Surakarta]] utawa 120&nbsp;km kidul kota [[Semarang]], persis nang watese [[provinsi]] [[Jawa Tengah]] karo [[DIY|Daerah Istimewa Yogyakarta]]. Candi Prambanan enggone ana nang desa Prambanan sing tlatahe paron antara [[kabupaten Sleman]] karo [[kabupaten Klaten]]. Candi kiye dibangun nang sawetarane taun [[850]] Masehi dening salah siji priyayi kiye: [[Rakai Pikatan]], ratu wangsa [[Mataram I]] sing kaping loro utawa [[Balitung Maha Sambu]], samangsane wangsa [[Sanjaya]]. Ning ora suwe bar candi kiye binangun, banjur ditinggalna akhire molai rusak. [[Renovasi]] candi kiye dimolai dong taun [[1918]], tur nganti seprene durung rampung. Bangunan utama tembe rampung taun [[1953]]. Akeh bagian candi sing direnovasi nganggo watu anyar merga watu-watu sing asli wis dicolong utawa dienggo nang panggonan liya. Candi kuwe bakal dipugar angger minimal 75% watu asline esih ana. Amarga kuwe, akeh candi-candi cilik sing ora dibangun maning, mung keton landhesan pondasine thok. Siki candi kiye salah siji situs warisan donya sing kareksa dening [[UNESCO]] molai taun [[1991]]. Tegese antarane, kompleks kiye kareksa tur nduwe status istimewa, contone angger agi ana perang, ora olih dipedheki wong-wong sing agi perang. Candi Prambanan kuwe candi agama Hindu sing gedhe dhewek nang Asia Wetan-Kidul, dhuwure gedhong utama kuwe 47 meter. Kompleks candi kiye ditata sekang 8 candi utama karo lewih sekang 250 candi cilik. Telung candi utama diarani ''Trisakti'' tur dibagi dadi bagian bagian: sang hyang [[Trimurti]]: Bathara [[Siwa]] ''sang Pangrusak'', Bathara [[Wisnu]] ''sang Pemelihara'' karo Bathara [[Brahma]] ''sang Pancipta''. Candi Siwa nang tengah-tengah, isine patang senthong, nang saben arah senthonge siji [[mata angin]]. Sing pertama isi [[reca]] Bathara Siwa sing dhuwure ana telung meter, telu liyane isine reca-reca sing ukurane lewih cilik, antarane reca [[Durga]], sakti utawa garwa Bathara Siwa, [[Agastya]], gurune, karo [[Ganesa]], putrane. Reca Durga uga diarani ''Rara'' utawa ''Lara Jongrang'' (''rara langsing'') karo pendunung sing papan kana. Rong candhi liyane diaturaken nang Hyang Bathara Wisnu, sing madhep lor karo sijine diaturaken nang Hyang Bathara Brahma, sing madhep kidul. Seliyane kuwe ana pirang-pirang candi cilik liyane sing diaturaken nang sang lembu [[Nandini]], [[wahana]] Bathara Siwa, sang [[Angsa]] (banyak), wahana Bathara Brahma, karo sang [[Garudha]], wahana Bathara Wisnu. Terus [[relief]] nang saubenge rong puluh pinggiran candi nggambaraken [[wiracarita]] [[Ramayana]]. Versi sing digambaraken nang kene beda karo versi [[Kakawin Ramayana]] Jawa Kuna, ning memper crita Ramayana sing diturunaken liwat tradhisi lisan. Seliyane kuwe kompleks candi kiye diubengi lewih sekang 250 candi sing ukurane beda-beda tur diarani ''[[perwara]]''. == Deleng Uga == * [[Candi]] * [[Borobudur]] == Pranala Jaba == * [https://web.archive.org/web/20141023001559/http://www.borobudurpark.com/ Situs Web Taman Wisata Candi Borobudour, Prambanan karo Ratu Baka] * [http://whc.unesco.org/sites/642.htm Candhi Prambanan] - warisan donya (nganggo basa Inggris) [[Kategori:Plesiran Jawa]] 185d9d0r2gf91w6p2c5gv1ubdcuyval Joko Widodo 0 29755 222664 222646 2026-10-09T19:42:13Z Henri Aja 14900 Reverted 1 edit by [[Special:Contributions/~2026-53521-27|~2026-53521-27]] ([[User talk:~2026-53521-27|talk]]) to last revision by InternetArchiveBot (TwinkleGlobal) 222664 wikitext text/x-wiki {{Infobox Officeholder |name = Joko Widodo |image = Joko Widodo 2019 official portrait.jpg |imagesize = |caption = |office = Presiden Indonesia |order = 7 |term_start = 20 Oktober 2014 |term_end = 20 Oktober 2024 |succeeding = |predecessor = [[Susilo Bambang Yudhoyono]] |successor = [[Prabowo Subianto]] |lieutenant = Jusuf Kalla |office1 = Gubernur Jakarta |order1 = 17 |term_start1 = 15 Oktober 2012 |term_end1 = 16 Oktober 2014 |succeeding1 = |predecessor1 = Fauzi Bowo |successor1 = Basuki Tjahaja Purnama |lieutenant1 = Basuki Tjahaja Purnama |president1 = [[Susilo Bambang Yudhoyono]] |office2 = Wali Kota Surakarta |order2 = |term_start2 = 28 Juli 2005 |term_end2 = 1 Oktober 2012 |lieutenant2 = F.X. Hadi Rudyatmo |monarch2 = Pakubuwana XIII |president2 = [[Susilo Bambang Yudhoyono]] |predecessor2 = Slamet Suryanto |successor2 = F.X. Hadi Rudyatmo |birth_date = {{Birth date and age|1961|6|22|mf=y}} |birth_place = {{negara|Indonesia}} [[Surakarta]], [[Jawa Tengah]], [[Indonesia]] |death_date = |death_place = |nationality = [[Indonesia]] |party = [[Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan]] |spouse = Ny. Hj. Iriana Joko Widodo |relations = |children = Gibran Rakabuming Raka<ref>http://www.solopos.com/2012/09/20/ayah-jadi-gubernur-gibran-cuek-331137</ref>{{br}}Kahiyang Ayu{{br}}Kaesang Pangarep |alma_mater = [[Universitas Gadjah Mada]] |occupation = [[Pengusaha]] |profession = |religion = [[Islam]] |signature = |website = |facebook = jokowi |namafacebook = jokowi |twitter = jokowi_do2 |footnotes = }} '''Joko Widodo''' (lair neng [[Surakarta]], [[21 Juni]] [[1961]]) utawa sering diundang '''Jokowi''', yakuwé [[walikutha]] [[Kutha Surakarta]], [[Jawa Tengah]] wiwit taun [[2005]] nganti [[2012]]. Dhèwèké nggantèni [[Slamet Suryanto]], lan dicalonaken [[Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan]].<ref>''[http://www.suaramerdeka.com/harian/0505/13/slo06.htm Diingatkan, Joko Widodo Urung Tampil - KPUD Diminta Fair]'', Suara Pembaruan. Diaksés Juni 2007.</ref> Jokowi lulusan sarjana kahutanan [[Universitas Gadjah Mada]] (1985)<ref name="biografi"/> lan uga pangusaha mebel.<ref name="biografi">Gusti Grehenson, Abrar. ''[https://web.archive.org/web/20101201081436/http://ugm.ac.id/index.php?page=headline&artikel=141 Insan Berprestasi]'', Kabar UGM Online, Edisi 84/V/21 Juli 2009. Diaksés Juni 2007.</ref> Dhèwèké uga kapilih minangka salah sawijiking "10 Tokoh 2008" saka Majalah Tempo.<ref>''[https://web.archive.org/web/20090110012532/http://majalah.tempointeraktif.com/id/arsip/2008/12/22/LU/ Sedikit Orang Baik di Republik yang Luas]'' lan ''[https://web.archive.org/web/20090215005354/http://majalah.tempointeraktif.com/id/arsip/2008/12/22/LU/mbm.20081222.LU129061.id.html Joko Widodo, Wali Kaki Lima]''. Tempointeraktif, edisi Luarbiasa Akhir Tahun 2008. Diaksés 8 Januari 2009</ref> == Karir == * Pangadeg Koperasi Pengembangan Industri Kecil Solo (1990) * Ketua Bidang Pertambangan dan Energi Kamar Dagang dan Industri Surakarta (1992–1996) * Ketua Asosiasi Permebelan dan Industri Kerajinan Indonesia Surakarta (2002–2007) * Walikutha Surakarta (2005–2015).<ref>https://www.sindonews.com/topic/1045/presiden-jokowi</ref> == Delengen uga == * [[Kota Surakarta|Kutha Surakarta]] == Cathetan sikil == {{reflist}} == Pranala jaba == * {{id}} [https://web.archive.org/web/20120210000527/http://www.surakarta.go.id/news/mayor.and.vice.major.surakarta.html Profil Walikutha lan Wakil Walikutha ing situs resmi Pemréntah Kutha Surakarta] * {{id}} [http://www.suaramerdeka.com/harian/0507/26/slo01.htm Biaya Pelantikan Wali Kutha Rp 100 Yuta: Ora Dadi Dilaksanakaké Wayah Soré] * {{id}} [http://jtraharjo.wordpress.com/2011/05/19/32/ Jokowi, Pamimpin kang Jiwané Mardika] * {{en}} ''[https://web.archive.org/web/20140225114550/http://www.thejakartapost.com/news/2010/11/01/joko-widodo-solo%E2%80%99s-mayor-keeps-his-promises.html The Jakarta Post: Solo’s Mayor keeps his promises]'' * {{en}} ''[https://web.archive.org/web/20140730215107/http://www.thejakartapost.com/news/2010/10/26/interview-yogyakarta-and-surakarta-mayors-prove-good-governance-sells.html Interview: Yogyakarta and Surakarta mayors prove good governance sells]'' {{biografi-stub}} [[Kategori:Tokoh Surakarta]] [[Kategori:Lair 1961]] [[Kategori:Alumni Universitas Gadjah Mada]] ql6hgefdwi78g9vv7hpt9p3rvbqiept