Basa Walikan Malangan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Sejarahing
Basa walikan cara Malangan iki pramilane diucapake karo para bromocorah sing yen zaman saiki pada karo preman. Nanging bromocorah iki tujuanne sae, yaiku merjuangake nasibe wong cilik lan rakyat saka panindesaning Walanda ing zaman iku. Kanggo mbingungke Walanda lan teliksandhine, para bromocorah iku ngangge basa sing diwalik-walik lan basa iku mau sing dadi tenger-tengere basa walikan khas kuta Malang. Basa iki milai ana ing taun 1930an.
[sunting] Arupaning Basa
Basa walikan Malangan ini asline saka walikaning Basa Jawa lan Basa Indonesia. Akeh kosakatane barang sing asaling saka cara lokalan.
Upami :
- Saya dadi ayas
- Kamu dadi umak
- Arek dadi kera
- Malang dadi Ngalam
- Orang dadi genaro
- Wedok dadi kodew/wanyik
- Lanang dai nganal
- Akeh dadi kanyab
- Biasa dadi asaib(kanyab asaib (akeh balon))
- Pulang dadi ngalup
- Makan dadi nakam
- Mlaku-Mlaku dadi uklam-uklam
- Nasi goreng dadi isan ngerog
- Gedang dadi ngadeg
- Beli dadi ileb
- Ngerti dadi itreng
- Konco/Kawan dadi "Nawak"
Nanging ana maneh kang asale saka basa Jawa Malangan dhewe. Kayata
- Ojir = dhuwit dadi "raijo"
Lan ora kabeh ukara sing bisa diwalik-walik, kayata
- Ngoker = ngrokok
- Idrek = nyambut gawe
[sunting] Conto Basa Walikan
Ayas asli kèra ngalam. Ayas asaib ngomong boso ngalaman ambek walikan ngalam nok hamur ambek nawak-nawak kewed. Tapi sakmarie ayas pindah nang Suroboyo, kadang kolo ketemue ambek kèra oroboyis ambek genaro arodam. Dadi wis kadit gelek ngomong ngalaman maneh, paling pol lek ngalup opo ketemu podo ngalame.
- Balik ing Dialek Malangan