Lenggeran
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Contents |
[sunting] Prakata
Lengger kuwe seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dialog. Jenis kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan terbuka utawa pelataran omah sing duwe hajatan. Penarine (lengger) biasane minimal 2 penari wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pertunjukan.
Musik pengiring tari lengger kuwe perangkat musik calung Banyumasan. Perangkat musik kiye sebagian sekang perangkat Gamelan. Nang akhir pagelaran, biasane penonton olih melu munggah panggung menari bareng penari lengger sambi ngaweh saweran ming lenggere.
Jane pagelaran lengger secara utuh kuwe pada baen karo pagelaran seni Drama (tradisional) sing ditambah seni tari karo dialog, ning sing cokan dadi pusat perhatian mung gerak tariane thok.
Urut-urutan babak pagelaran lengger sing utuh kuwe: babak Lenggeran (perkenalan), babak Badhutan (permasalahan awal karo lakon), babak Jaran Calung (permasalahan sing ngeruncing/krisis) terus terakhir babak Baladewan (penyelesaian/keputusan).
Kabeh babak-babak kuwe ngandung nilai-nilai, antarane: nilai estetika, kepercayaan, perjuangan, kemanusiaan, kejujuran karo nilai-nilai ketaatan maring ruh para leluhur.
Jaman ganu, lengger duwe kesan sing kurang apik sebab cokan dipadhakna karo ronggeng, ning jaman siki wis berobah, malah siki akeh muncul grup-grup lengger sing profesional sing biasa diundang nang acara-acara resmi. Grup-grup lengger siki malah wis duwe struktur organisasi sing madan mapan, ana pembinane, ana ketua sing tugase memimpin kegiatan latihan, gladi resik karo teknik pementasan.
[sunting] Sejarah
Nang tanah Jawa, jenis tarian sing ana hubungane karo upacara kesuburan kuwe jenenge Tayuban. Kesuburan sing dimaksud yakuwe kesuburan keturunan (perkawinan) karo kesuburan lemah (pertanian). Tarian kiye jane tari pasangan sing duwe makna hubungan romantis antara wong wadon (penari tledhek utawa ronggeng) karo wong lanang (pengibing), dadi jane tayuban duwe nilai-nilai sakral nang acara-acara pernikahan karo pertanian. Makna sakral liyane, tayuban biasa dienggo nang upacara Bersih Desa kanggo nolak bala/malapetaka utawa kanggo sarana penyembuhan sing lagi lara (umume bocah-bocah).
Sebagai Tarian Sakral, Tayuban juga duwe nilai-nilai hiburan. Nilai-nilai hiburane kiye sing berkembang ming arah sing kurang apik. Penari wadone (tledhek/tandhak utawa ronggeng) digolet sekang wadon-wadon sing berstatus rendah (umume sekang dunia pelacuran) sing bar dikon menari bisa langsung dipesen nggo ngancani.
Akhire nilai-nilai sakral tayuban kalah karo nilai-nilai pelacurane.
Ganu, lengger kiye cokan dipadhakna karo ronggeng padahal akeh persyaratan-persyaratan sing bersifat ritual kanggo dadi lengger sing apik, antarane: kudhu njalani upacara Mandi Midang uga kudhu njalani upacara Wisuda Lengger ndisit.
[sunting] Babak-Babak Pagelaran Lengger
Urutan-urutan babak nang pagelaran Lengger:
[sunting] Fungsi Anggota Grup Lengger
Pembina: sebagai penanggungjawab kabeh aktivitas grup termasuk pementasan lan membimbing Ketua grup mengelola operasional kegiatan grup (latihan, gladi resik, pementasan lan pemasaran).
Ketua: tugase memimpin proses kegiatan latihan, gladi resik lan teknik pementasan kanggo Lengger, Pesinden, Badhut lan Penayagan. Ketua juga sebagai pengelola administrasi sekaligus pemasaran grup Lengger.
Lengger: tugase sebagai pelaku utama, sebagai penari, pemeran dialog lan penyanyi babak Lenggeran, babak Badhutan, babak Jaran Calung lan babak Baladewan.
Penayagan: tugase sebagai penabuh perangkat Calung Banyumasan. (penabuh penerus, penabuh pembareb, penabuh dendem, penabuh kenong lan penabuh gong).
Badhut: sebagai pelaku pelawak nang pagelaran lengger sekaligus sebagai pemeran antagonis.
Pesinden: tugase sebagai penyanyi sing diiringi musik Calung Banyumasan.